Menyang kontèn

Pirantine basa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pirantine Basa

[besut | besut sumber]

Piranti basa iku gadhah arti babagan omong-omongan nganggo basa verbal kang duwé sistem jenengè basa. Mula saka kui, basa duwé lakon kang wigati sajeroning omong-omongan verbal. Mulyana (2007) uga maparno yèn basa iku dadi piranti simbol, kanthi aturan kanggo milah-milih simbol-simbol iku mau kang digawè ing sajeroning warga masarakat utawa komunitas. Basa verbal iku sarana kanggo nyuarakno pikiran, perasaan lan maksudé wong. [Ilmu Komunikasi Suatu Pengantar] Sawisé aku maparno babagan apa iku basa, basa uga duwé kagunaan ing uripé manungsa kaya kang dibèbèrno déning Barker (1984), manawa basa iku duwé telung prakara wigati ya iku gawé mènèhi jeneng, omong-omongan uga mènèhi wara-wara. Tanpa basa, manungsa ora bakal bisa nekakna obyek lan panggon kanggo dirujuk ing omong-omongan. Sadurungé omong-omongan, manungsa kudu nggawé basa uga ngolah basa.[Communication] Pinel (1998) njlèntrèhna manawa nggawé uga ngolah basa iku ana ing panggon Wernicke lan Broca. Loro-lorone duwé kagunaan kang béda. Broca iku gunané kanggo nggawé basa, yèn Wernicke iku kanggo ngolah basa. Nanging, ora kabèh basa bisa diasilno lan diolah kanthi sampurna, amarga ana gangguan kang diarani Agrammatism, Agrammatism, Aphasia. Anomia iku ora bisa ngarani barang utawa obyèk, gangguan kapindho ya iku Agrammatism ya iku ngerti jenengé nanging ora bisa nyusun tembung kang bener, lan gangguan kang mburi dhéwé ya iku Aphasia artiné manungsa bisa ngerti basa nanging ora bisa nggawé basa.[A Colourful Introduction To The Anatomy Of The Human Brain] Gumperz (1982, Bab 2) njlèntrèhna yèn anggon ngomong basa iku bisa nggawé paralingua lan tata basa kang bédha manungsa siji lan sijiné. Contoné paralingua iku kaya ta logat anggoné ngomong. Yèn tata basa iku tata basa kang digawé manungsa. Basa kutha malang iki nduwéni khas utawa nylenèh saka basa-basa daerah liyané. Amarga saka logat uga anggoné ngomong kudu pinter molak-malik tembung. Mula saka kui, basa malang kondhang lan disenengi bocah enom-enom.[Language Social Identity] Nambah ngèlmu ngenani basa Kutha Malang ya iku arané Speech Accommodation Theory kang dipaparno déning (Michael uga Vaughan ing 2011) Speech Accommodation Theory ya iku cara kanggo milah-milih logat uga tata basa kanthi nimbang sapa kang diajak ngomong. Masio basa malang wus diwolak-walik nanging ora ngurangi keaslian basané, malah ngetarakno yèn iku basa khas kutha Malang kang mau basa walikan.[Social Psychology]. Uklam-uklam tahes a kèr? Yèn diwalik dadi lumaku-lumaku séhat a rèk? Iku mau salah sijiné basa walikan kang dadi Basa khas é kutha Malang. Basa Walikan iki dudu babagan kang anyar manèh, amarga wus akèh wong kang nggunakaké basa Walikan masio dudu wong Malang. Basa walikan iku ora mung nylenèh lan kréatif, nanging bisa nggawé wong cerdas amarga kudu mikir rikat sadurungé mangsuli apa kang diomongné musuh wicarané. Amarga kréatif iku mau, akèh wong kang demen ngomong nggunakaké basa walikan.

Rèperènsi

[besut | besut sumber]

Gumperz, John J ((ed) 1982). Language Social Identity. Cambridge: Cambridge University Press. {{cite book}}: Check date values in: |year= (pitulung)
Barker, Larry (1984). Communication. Englewood Cliffs, New Jersey: Prentice Hall.
Maggie Edwards, Pinel, John P.J (1998). A Colourful Introduction To The Anatomy Of The Human Brain. United States of America: A Viacom Compan.
Deddy, Mulyana (2007). Ilmu Komunikasi Suatu Pengantar. Bandung: PT REMAJA ROSDAKARYA.
Graham, M Vaughan, Hogg, A, Michael (2011). Social Psychology. Pearson: Prentice Hall.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

.