Pendhidhikan nonformal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Pawiyatan nonformal utawa Nonformal Education ya iku pendhidhikan kang prosès pasinaon dianakake ing jaba sekolah utawa pendhidhikan formal, ditindakaké dhéwé lan wigati kang ditujukake kanggo peserta dhidhik mirunggan lan butuh sinau kang mirunggan uga.[1]

Konsep Dhasar Pendhidhikan Nonformal[besut | besut sumber]

Konsep Kaping Pisan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan dideleng kanthi sinau sajeroning hayat manungsa.[1] Tegesé, pendhidhikan ya iku dayane manungsa kanggo malihake awake utawa wong liya sajrone urip.[1] Pendhidhikan kang apik iku ora mung mentingake akademik (skill) nanging uga kepinteran-kepinteran liyané kang ndadèkaké manungsa kang luwih apik.[1] Saka iku, pendhidhikan kudune kepinteran kerumahtanggaan (house hold skills), apresiasi kanggo estetika (aesthetic appreciation), mikir analitik (analytic thinking), ngapikake unggah-ungguh (formation of attitude), minangka aji-aji lan aspirasi (formation of values and aspiration), asimilasi ngèlmu kang migunani (assimilation of pertinent knowledge), lan informasi apa baé sajeroning urip (information of any sorts).[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Saleh Marzuki, M. Pendidikan Nonformal.ISBN 978-979-692-003-7. PT Remaja Rosdakarya Offset.Bandung. (2010:136-141)