Patola

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Patola lair tanggal 8 Agustus 1973 ing Enrekang Makassar lan minangka pelopor koperasi kopi kang ana ing Dusun Alla Utara, Kecamatan Baroko, Kabupaten Enrekang, Sulawesi Kidul. Dèwèké sabendinane dadi Ketua Koperasi Tani Bèntèng Alla Utara. Patola wis nduwéni kaluwarga, garwane jenenge Nuthaeni, lan nduweni anak cacahe loro wadon kabèh sing nduweni jeneng Aisyah lan sing wragil jenenge Nur Haliza.[1]

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Patola gedhe ning désané. Wiwit SD nganti SMU dèwèké sekolah ing Enrekang Sulawesi Kidul. Sak uwisé tamat SMU dèwèké nutugake sekolah ing Makassar, yaiku ing Pendidikan S-1 Fakultas Pertanian Universitas Al-Gazali. Ning kampus iki uga dèwèké ngolehake gelar Insinyur.

Awal mulane ngrintis usaha[besut | besut sumber]

Patola lair saka kulawarga wong tani. Bapak lan ibuné dadi wong tani kopi wiwit dèwèké cilik, dadi dèwèké wis kulina lan ngerti banget kepiyé sengsarané urip dadi kaluwarga wong tani ing daerah Enrekang. Ing desane iku para tani kopi ora èntuk kadilan sing layak. Amarga para tengkulak sing nguwasani pasar lan panggonan kanggo nggiling kopi. Para tengkulak iku nuku kopi saka wong tani nganggo rega sing murah bangét. Amarga rasa mesakné marang urip wong tani iki Patola nduwèni niat kanggo ngowahi lan ngelawan para tengkulak sing nguwasani pasar kopi. Sabanjure lulus saka perguruan tinggi dèwèké ora banjur bali ing Enrekang, dèwèké ngumpake tekad lan modal kanggo mbangun koperasi. Sabanjure nduwèni modal sing wis cukup dèwèké nekad mbangun koperasi kanggo wong tani

Koperasi kopi[besut | besut sumber]

Patola iku wong kang teteg lan tangguh. Semangat sing gedhe uga sing dadi dasar dèwèké mbangun koperasi kopi iki. Rasa prihatin amarga tengkulak nuku kopi kanggo rega sing endèk banget. Wektu ngedekne koperasi iki iyo ora gampang. Akèh wong tani kopi sing ora percaya lan nganggep yen Patola mung golèk untung lan nunut jeneng kanggo koperasi iki. Liané kui, tengkulak kopi uga akeh banget sing ora seneng karo ngadege koperasi kang akiré ndadekake Patola musuh. Tengkulak-tengkulak kui sumelang yen Patola isa gawé usahané rugi amarga akeh wong tani sing luwih milih lumebu koperasi amarga kopiné dituku luwih larang.

Yèn dipikir maneh sing nduwesi sipat ala iku para tengkulak, amarga njupuk bathi dhuwur saka kopi sing dituku murah olèhe para tani. Rasa pingin ngubah lan nglawan tengkulak iku sing didadèkne semangate dèwèké. Patola gedhé saka kaluwarga tani kopi. Dadi isa ndelok langsung kepiyé kejemé para tengkulak iku nuku kopi sing isa gawe sengsarané wong tani kopi. Para tengkulak iku uga dadi pangwasane panggon nggiling kopi. Iki uga masalah utama. Dadi yèn musim panèn kopi lagi èlèk utawa sithik banget akèh wong tani kopi sing banjur nanem tanduran holtikultura.

Patola mbalik ing dèsanè nggawa rasa kuciwa. Nggawa semangat gedhé dèwèké nglumpukaké wong tani kopi sing gelem dijak kerja bareng mbangun koperasi. Butuh modal gedhé banget lan rasa nékad kangggo ngilangi rasa ragu amarga wedi yèn iki bakal gagal. Modal puluhan yuta sing dikanthongi digawé tuku winih-winih kopi pilihan saka tani kopi. Saka sing regané 5.000 diunggahké 7.000. Saka iki mulai akeh wong tani sing kepincut banjur luwih milih adol kopi ning gene Patola tinimbang tengkulak. Para tengkulak sing krungu banjur ora trima lan néror Patola amarga wedi yen bakal tambah akèh para tani sing malah milih koperasi kopi, lan ora percaya manèh karo dèwèké.

Téror-téror saka para tengkulak lan angèle Patola kanggo nggiling ndadekake dèwèkè sempet bangkrut. Nanging iku kabèh isa disiasati amarga dèwèkè isa olèh kerja sama karo sing nduwe cafe-cafe ning Makasar lan uga dèwèké isa kasil dadi sing masok kopi ing Starbucks. Wiwit saka iku jenengé patola lan koperasine mulai munggah, banjur bubuk-bubuk kopi isa diregani dhuwur, 57.000-70.000 per kiloné. Krungu kabar iku, tengkulak maeng nduweni niat kanggo nyuap Patola, nanging langsung ditolak karo dèwèké. Lan wiwit iku para tengkulak mandeg anggonge néror lan ngganggu Patola.

Amarga semangat sing gedhe iku mau, dèwèkè isa ngangkat drajat é 2.700 tani kopi ning Kecamatan Baroko, Bungin, Masale, Buntu Batu, lan Baraka. Saiki ana 400-an tani kopi sing wis dadi pemasok pesthi ning Starbucks lan turahane iku dadi pengekspor lan dadi pemasok kedai lan cafe kopi ning Makassar, ngati Jawa lan Bali.

Penghargaan[besut | besut sumber]

Ora mung iku, kopi-kopi saka koperasine Patola kerep menang ning perlombaan Nasional.  Kaya ta tahun 2014 Kopi Benteng Alla isa menang juara papat. Tahun 2016, kopi sing padha uga menang lan nyabet juara loro. Iki prestasi paling gedhe, amarga saka prestasi iki jeneng kopi Enrekang isa munggah lan isa madani kopi Toraja sing luwih terkenal sak durunge.

Koperasi kopi sing didekne Patola iki wis nduweni omset gedhe saben wulan e, 70 Juta  per wulan. Dadi para tani ora samar nantur tanduran holtikulturai maneh. Lan saking pengasilan menika, koperasi iki isa gawe unit usaha liya yaiku ternak wedhus. Ternak wedhus iki isa didadekake pilihan wektu produksi kopi lagi  èlèk utawa sepi.

Diskusi rutin lan internal control system  sing rutin uga dadi cara silaturahmi ytani kopi ing daerah-daerah sekitar sing kalebu koperasi kopi.

Réferénsi[besut | besut sumber]

  1. ayu, reny sri (2018-05-16). "Patola Berdikari dengan Koperasi Kopi". Kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2019-10-31.