Panggangpé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Panggangpé (atawa panggang-pé) ya iku salah siji jinis umah tradhisional Jawa. Ning kabéh bentuk umah Jawa, rupa panggangpé manjingé kang paling prasaja lan dadi bentuk dhasar[1]. Miturut Prijotomo (1995), tipe umah Jawa iki beli karan-sebut ning naskah-naskah kuna sedurungé abad 20 (naskah Serat Centhini). Sanajan ning relief-relief candi, rupa wangunan iki wis ana. Ning akir abad 19, arsitéktur Jawa mung ngenal ana papat jinis wangunan (tajug, kampung, limasan, joglo)[2]. Nanging sekien, jinis panggangpé iki wis manjing lima wangunan arsitéktur Jawa. Wangunan iki disangga karo saka kang cacahé papat atawa enem. Lan ning sisih-sisié dipai témbok kanggo nahan hawa panas atawa atis[1].

Jenis[besut | besut sumber]

Sekién jinis wangunan panggangpé wis warna-warna ya iku:

  • panggangpé pokok
  • panggangpé gedhang selirang
  • panggangpé empyak setangkep
  • panggangpé gedhang setangkep
  • panggangpé cérégancét
  • panggangpé trajumas
  • panganggpé barengan[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Dakung, Sugiyarto (1981). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: Depdikbud Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah. kc. 26–30.
  2. Prijotomo, Josef (1995). Petungan: Sistem Ukuran Dalam Arsitektur Jawa. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. kc. 9–10. ISBN 979-420-355-6.