Obrog
Obrog punika salah satunggaling dolanan bocah ingkang dipunlampahi dening lare sekawan dumugi enem, ingkang mbetahaken sela utawi kreweng kangge damel gacuk. Dolanan punika sampun boten natè dipunprangguli ing masarakat jaman samangke awit kagerus dèning globalisasi satemah dolanan tradhisional punika sampun cures.
Cara Dolanan Obrog
[besut | besut sumber]Dolanan obrog punika laré sekawan utawi enem sami bekta gacuk, sela ingkang kanggé lésan, sela ageng satunggal kapasang ngadeg. Lajeng sami dipun tuju gentosan, totohanipun géndhongan; pundi ingkang nuju saged kénging ambruk, nama obrog, yèn boten wonten ingkang ngéngingaken malih lajeng aben celak; pundi ingkang celak kaliyan lésan: menang, nedha gendhong ingkang tebih. Gacuk kalih kanggé tujon ingkang nedhagéndhong, gacuking mengsah kauncalaken tebih, lajeng ingkang gendhong katantun purun nuju punapa boten; manawi boten purun, lajeng katuju piyambak. Menawi kénging panujunipun, penggéndhongipun sami kaliyan saobrogan, saking papan panujuning lésan, tebihing panuju kadudugi sadasa meter[1].
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ Hernawan, Bambang (2017). Jongensspelen Permainan Anak-anak Laki-laki. Jakarta: PNRI. kc. 14. ISBN 978-979-008-862-7.