Nining Nurhayati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nining Nurhayati (lair ing Bhandung, 12 Juli 1976) yaiku aktivis lingkungan saking Désa Jatiéndah, Kecamatan Cilengkrang, Kabupatèn Bhandung, Jawa Kulon. Nining minangka bojo saka ketua RW 17 Kampung Jatibaru ngajak ibu-ibu warga milah sampah organik. Sampah organik iku banjur didadèkaké humus supaya bisa digawé dadi média tandur.[1]

Èkspérimèn[besut | besut sumber]

Èkspérimèn sapisan nganggo cara nglebokaké sampah ing bolongan lemah banjur ditutup lemah. Cara iku ora berhasil amarga timbunan sampah dadi sarang tikus.

Èkspérimèn kapindho sampah organik dilebokaké ing jero tong banjur ditutup. Cara iki uga ora berhasil amarga sampahé malah dadi sarang belatung.

Nining lan ibu-ibu warga ora nyerah. Dhèwèké banjur mbolongi tong supaya cairan sampah bisa metu. Sampah uga dicampur lemah lan godhong-godhong garing supaya bisa dadi humus. Cara iki berhasil ndadèkaké sampah kanggo média tandur.

Luwih lanjut, Nining belajar ngolah sampah nganggo biodigister supaya sampah organik bisa bosok kanthi cepet. Biodigister uga ngasilaké biogas saka prosès pengolahan sampah iki. Kanggo belajar lan mbangun biodigister, Nining bandha 50 yuta saka dhuité dhéwé.

Asil èkspérimèn[besut | besut sumber]

Humus kang dihasilaké saka prosès pengolahan sampah digawé kanggo campuran média tandur. Ibu-ibu nandur sayur mayur kaya ta godhong bawang, lombok, tomat, sawi, bayem, kangkung, selèdri, uga strobèri ing polibag.

Program iki ndadèkaké lingkungan kang resik, ijo, lan seger. Ibu-ibu RT liya uga mèlu gabung program iki. Mayoritas ibu-ibu kang mèlu yuswané 50 taunan. Miturut Nining, cah wadon enom jarang tertarik ngolah sampah amarga kayané wedi kena reged.

Program ingkang lanjut, Nining ngajak para ibu-ibu mèlu program usaha peningkatan pendapatan keluarga sejahtera (UPPKS). Program iki tugasé ngolah hasil tani supaya dadi manéka panganan kaya ta cheese steak bayem, kripik sayur, nganti bakso gorèng.

Sawisé berhasil ngajak ibu-ibu warga, Nining ganti ngajak bapak-bapak supaya uga mèlu ngramut lingkungan amarga RW 17 ngewajibaké kabèh warga supaya ngelola sampah, nggunakaké pekarangan kanggo pertanian, saben omah nduwéni 2 biopori, lan nandur wit-witan minimal 10 pot. Yèn kewajiban kuwi ora dilaksanakaké, RW ora gelem ngurusi warga kang arep nggawé KTP utawa KK.

Hasil anané kebijakan kuwi yaiku saiki ora ana neh sampah kang kecècèran ing sekitar omah utawa pekarangan. Warga wis sadar yèn sampah kudu dipilah banjur dibuwang ing unit pengelolaan kebersihan (UPK).

Ing UPK, sampah organik langsung diolah supaya dadi humus. Sampah plastik diolah dadi manéka barang kerajinan. Sampah aluminium foil diprosès dadi gas kanggo ngisi balon. Sampah liyané kang ora nduwéni nilai ékonomis dibakar ing jero tungku pembakaran khusus supaya ora nimbulaké ambu kang ora kapénak.

UPK uga ngasilaké biogas kanggo masak. Biogas mung bisa digawé ing UPK. Ibu-ibu warga bisa numpang masak ing UPK.

Saiki, Kampung Jatibaru katon ketata apik lan resik. Ana taman cilik kang rindhang ing kampung iku. Taman iku biyèn yaiku panggonan mbuwang sampah kang dirombak dadi taman amarga mambu ora kapénak. Manéka tanduran ing taman iku kang ndadèkaké udara ing musim kemarau ora krasa garing. Taman iku uga dadi siji karo panggon dolanan bocah lan lapangan voli. Ing dina-dina tertentu lapangan voli iku dadi pasar kagèt. Warga dodolan nganggo sistem barter. Nalika pasar kagèt diwiwiti, warga bakal kumpul ing kunu.

Sawise kabèh program dilaksanakaké, Kampung Jatibaru kang biyèn rawan longsor, banyu langka, kebak sampah, lan kurang subur, saiki dadi kampung kang ijo. Mèh kabèh omah nduwéni tanduran sayur-sayur ing pot. Gang-gang sempit uga diwèhi pot-pot kang ditanduri tetuwuhan.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Nining ngenyam pendhidhikan S1 jurusan Manajemen ing Unbar.

Penghargaan[besut | besut sumber]

Perubahan kang nyata saking Kampung Jatibaru ndadèkaké Nining lan Kampung Jatibaru olèh manéka aprésiasi utawa penghargaan saking instansi pamréntah wiwit tingkat kabupatèn nganti kementrian.

Taun 2013, Nining olèh penghargaan minangka "Penggerak Pembangunan Bidang Penanggulangan Sampah Swadaya" saking Kabupatèn Bhandung. Lajeng ing taun 2014, Nining olèh penghargaan "Local Hero Indocement". Paling anyar, ing taun 2017 Nining olèh penghargaan minangka "Praktisi Lingkungan Pembinaan Pengelolaan Sanitasi Jawa Kulon" saking Gubernur Jawa Kulon.

Déné Kampung Jatibaru olèh penghargaan minangka "Kampung Proklim" saka Kementrian LHK ing taun 2015. Kampung Jatibaru saiki dadi panggon belajar kanggo wong akèh, termasuk saka luar negri.

Kulawarga[besut | besut sumber]

Nining duwé bojo, jenenge Wawan Gusnawan. Anaké telu, jenengé Rasya Nurpujawati Gunawan umuré 23 taun, Ramadhanti Dhea Annisa umuré 18 taun, lan Ryana Kusuma Dewi umuré 12 taun.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Suwarna, Budi (2018-07-27). ""Jenderal" Ibu-ibu Cilengkrang".