Mirong
Mirong iku ning basa Jawa duwé teges sikap wong kang isin nemen atawa angél nemen lunga sing panggonan[1]. Ana paribasa ya iku “Mirong kampong jingga”. Yén ning bathik ya iku paésan kaya motif garuda sing pinggir, swiwié baé. Ning rupa paésan umah, mirong iku rupa tatahan kang nggambaraken ‘putri mungkur’ atawa gambaran putri kang katon sing mburi[1][2]. Sebabé iku, paésan iki diarani putri mirong. Rupa paés umah mirong iki ning Kraton Yogyakarta iku kiblaté sing paésan mirong kang ning Bangsal Tamanan Kraton Yogyakarta. Dhapuré iku ana kayak bentuk gigir lan samping. Ana penemu yèn mirong iki bentuk stilisasi sing hurup Arab alif, lam, lan mim. Ana keding kang nyebutnang yèn iku stilisasi hurup Arab Muhammad Rasul Allah. Warna mirong iki biyasa diwarnai karo warna abang tuwa, kuning emas, lan lemahan. Cara gawéé iku ditatah ning saka kang durung dipasang. Mirong iki biyasa ditaro ning saka guru, saka penanggap, atawa saka penitih[1][2]. Makna paésan mirong iki miturut cerita ya iku perwujudan Ratu Laut Kidul kang teka ning kraton nalika ana jogèd Bedaya Semang. Akéh kang duwé pendatan yèn mirong iki wujud stilisasi hurup Arab alif, lam, lan mim atawa tembung Muhammad Rasul Allah[1].
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d Dakung, Sugiyarto, dkk (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 153–156.
- ↑ a b Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISIONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU" (PDF). ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. Volume 7 No. 2: 93. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-10-24. Dibukak ing 2017-07-12.
{{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung)