Medhia Pasinaon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Médhia Pasinaon, inggih punika:

  • ingkang dipunrancang kanthi saé saged merangsang tuwuhipun prosès utawi dialog mental kanggé para siswa. Medhia pasinaon mau berhasil nyaluraken pesan utawi bahan ajar yèn salajengipun wonten owahing tingkah laku ing para siswa. Médhia pasinon kasusun dados kalih unsur inggih punika, unsur peralatan utawi perangkat keras (hardware) lan unsur pesenipun utawi software.[1]
  • Sedayanipun ingkang saged dipun-ginakaken kanggé nyaosi piwulang saking pangirim dhateng panampi, saéngga saged nuwuhaken budhi, raos, lan kawigatosan saéngga pasinaon saged kalajengaken.
  • Piranti , cara, teknik ingkang dipun-ginakaken kanggé efektifitas komunikasi antawisipun guru kaliyan siswa wonten ing pamulangan ing kelas.

Kaginaan Medhia Pasinaon[besut | besut sumber]

  1. Pasinaon saged langkung narik kawigatosan siswa saéngga saged nuwuhaken panjurung kanggé sinau
  2. Bahan pasinaon saged nyethakaken panegesann saéngga saged dipunpahami déning siswa lan mbok bilih siswa saged nguwaosi lan nggayuh ancasing pasinaon.
  3. Cara pasinaon langkung variatif
  4. Siswa saged nindakaken kegiyatann pasinaon amargi boten namung mirengake guru, nanging ugi kagiyatan sanèsipun kados déné ngematake lan praktek

Perangkat lunak (software) inggih punika informasi utawi bahan ajar punika piyambak ingkang dipunsampekaken marang siswa. Tuladhanipun prèntah, larangan, teguran, ancaman, ganjaran, lan hukuman.

Yèn perangkat keras (hardware) inggih punika sarana utawi piranti ingkang dipun-ginakaken kanggé nyajeaken pesen utawi bahan ajar mau. Tuladhanipun méja, kursi, papan tulis, médhia graft, tranfarnsi, radio/audio, proyeksi, lan médhia berprograma. Media gratis ugi dipunsebat médhia visual dhasar, nyakup papan flannel, papan bulletin, flip – chart, poster, grafik, kartun, lan komik.[2]

Papan Tulis

Papan tulis[besut | besut sumber]

Papan tulis gadhah nilia tartamtu, kados penyajian bahan saged dipunlampahi kanthi jelas, kaluputan tulisan gampil dipunowahi, saged ngrangsang siswa dados aktif, lan saged narik kawigatosan.

Gambar lan ilustrasi fotografi[besut | besut sumber]

Gambar punika boten dipunproyeksiaken, gadhah warni ingkang langkung gadhah kawigatosan. Gambar lan ilustrasi punika gadhah aji tartamtu inggih punika asipat konkrèt, boten wiantes ing ruang lan wanci, binantu memperjelas makna, binantu kaluputan indera, gampil dipunpikantuk,mirah.

Slide lan filemstrip[besut | besut sumber]

Slide lan filemstrip inggih punika gambar ingkang dipunproyeksiaken. Aji ingkang kekandut inggih punika gampil nyajiaken seperangkat materi tartamtu, mbangkitaken minat laré, keseragaman informasi, saged dipunlamahi kanthi bolan balen, njangkau sedanten babagan wulangan.

Film[besut | besut sumber]

Film gadhah aji tartamtu, kados saged nglengkapi pengalaman – pengalaman dhasar, mancing inspirasi énggal, narik kawigatosan, penyajian langkung saé amargi ngandhut aji – aji rekreasi, lan ndelengaen perlakuan objek ingkang skaleresipun, dados pelengkap catatan, njelasaken hal – hal abstrak.

Globe

Peta lan globe[besut | besut sumber]

Peta inggih punika penyajian visual saking pasuryaipun bumi, globe inggih punika bola bumi utawi model. Peta lan globe bènten kanthi gradual, nanging naming sami njangkepi.

Buku wulangan[besut | besut sumber]

Buku wulangan gadhah aji tartamtu, kados binatu dwija ingsaklebetipun merealisasikan kurikulum, nggampilaken kontinuitas wulangan, saged dipundadosaken cepengan, mancing aspirasi, saged nyajiaken matéri ingkang seragam, gampil dipunulang.

Pamilihing médhia merluaken criteria kados makaten[besut | besut sumber]

a. Ancas, kalebu kriteria utama ing saklebetipun milih médhia, ngémutaken yèn médhia inggih punika piranti kanggé nggayuh ancas pembelajaran kanthi efektif lan efisien.[3]

b. Ketepatgunaan, dipunsesuaiaken kaliyan benda ingkang dipun-ginakaken.

c. Kawontenan siswa, pilihan médhia kedah dipunsesuaiaken kaliyan kesiapan, tingkat kemampuan, minat utawi daya tarik, lan ageng alitipun jumlah siswa.

d. Ketersediaan, sinaosa sampun dipuntamtuaken médhia ingkang cocog nanging yèn médhia punika boten wonten lan angèl dipunpadosi dadosipun muspra.

e. Mutu teknis, kedah ngginakaken médhia ingkang saé lan kawontenanipun kedah taksih saé.

f. Biaya, kedah médhia ingkang reginipun mirah lan seimbang antawis biaya ingkang kedah dipunagem lan hasil ingkang badhé dipungayuh.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Sudharyo,dkk.1991.Strategi Belajar Mengajar I.Semarang:IKIP Semarang Press.
  2. Danim,Sudarwan.1995.Media Komunikasi Pendidikan.Jakarta:Bumi Aksara.
  3. Sudharto,dkk.2009.Pengantar Ilmu Pendidikan Semarang:FIP IKIP PGRI Semarang.