Mayoritas Minoritas Sarana Rinaketing Paseduluran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Mayoritas Minoritas Sarana Rinaketing Paseduluran

Nisa Rahmawati

Bali yaiku satunggaling papan wisåtå kang kondhang kalokå nganti jagad mancå nagarå. Mayoritas masarakate nganut agamå Hindu. Bedå karo pulo Jåwå sing mayoritas masarakate nganut agamå Islam. Papan nomer siji sing duwe daya tarik dhuwur såkå papan-papan wisåtå liyå ånå ing nagarå Indonesia. Masarakat Bali ugå sugih marang folklore. Folklore yaiku tradhisi sing wis diwarisaké marang leluhur kang duwe gunå kanggo masarakate (Suwardi, 2010:4).

Burnvand (Suwardi, 2010:7) mèrang folklore dadi telung golongan. Kapisan folklore lisan awujud dongénég, caritå rakyat, dialék, lan sapanunggalanè. Sing kepindho yaiku adat sabênè, ing antaranè nyakup jinising folklore lisan lan nonlisan kayatå adat istiadat, kapitadosan rakyat. Kang kaping telu yaiku folklore material awujud seni kriya, busånå, panganan, lan sapanunggalanè.

Ni Putu Leong sawijining  tour guide ngandharakè yén Bali biså narik wisatawan amargå telung sebab. Kang kaping pisan yaiku anane pura sing jejer thirik-thirik, sing keloro yaiku wanodyå Bali, kang kaping telu yaiku alam. Sebab iku pancen dadi kasunyatan sing ånå.

Pura kang dadi wujud såkå folklore material yaiku papan kang dinggo ngibadah uamat agama Hindu. Pura sing digawé kanthi akeh cacahe kuwi mau ora sawijining kwajiban kang kudu dilakokakè marang wong Bali. Ananging masarakat Bali sing mayoritas nganut agama Hindu kuwi marem yen biså gawè pura. Kåyå tå yén dhèwè wis kulinå mangan sêgå, yén sedinå waè ora mangan sêgå senadyan wis mangan roti pirang-pirang, panggah waè yén durung marêm.

Wanodyå Bali. Nalikå jaman mbiyén sekitar taun 1950-an wanodyå Bali anggonè nganggo busånå bedå karo kiya-liyanè. Yaiku bagian dhådhå ora ditutupi, sing ditutupi iku dhådhå mengisor nganti tekan sak dhuwurè kèmiri.  

Ora ånå wong sing ngandharakè yén alam pulo Bali kuwi élék. Kabéh apik ananè. Di delok såkå pantènè waè wis nrêsnakakè. Ugå ijo royo-royonè godhong sing marai ayèm didèlèng måtå. Sanadyan rådå panas, nanging ora dadi masalah yén ngélingi apikè alam pulo Bali.

Kerajaan Majapahit sing pusatè ånå ing pulo Jawa kanthi nganut agåmå Hindu, tau ngêdêgakè kerajaan anéng Bali ugå ing taun 1343 M. nalikå kuwi mèh kabéh agåmå ånå ing Nêgårå Indonesia kuwi Hindu. Ananging sakwisè kerajaan Islam mlebu, kåyå tå Samudra Pasai, kerajaan Demak, lan sapanunggalanè. Såyå suwè såyå sing nganut agåmå Islam såyå akéh.

Awit mangkono mau, kerajaan Majapahit banjur pindhah ånå Bali amargå ngêråså kêdhêsuk kerajaan Islam. Dadi wajar waè, yén agåmå Hindu dadi Mayoritas ånå ing pulo Bali. Anéng kånå ugå ånå agåmå liyå kang diaku Indonesia ananging dadi minoritas. Mengkono kuwi mau kang ndadékakè rukuning ing antaranè masarakat Bali. Biså ngerti åpå kui toleransi, kerjasama, lan pangêrtén têntrêming urip. Toleransi iku penting amargå såkå têgêsè toleransi sikap kanggo ngurmati beda-bedanè ing antaranè bèdå siji lan liyånè.

Nalikå toleransi wis ånå ing antaranè wong, wis mesthi yén bakal nuwuhakè kerjasama. Kerjasama yaiku sawijining pakaryan kang dilakokakè marang wong sing cacahè luwih såkå siji, sing dirêmbug lan dirancang barêng- barêng. Mêngkono iki sing kasêbut manungså social. Manungså urip ånå dunya iki sejatinè amung dadi makhluk social. Makhluk social yaiku makhluk sing duwè tali pasêduluran lan nduwè timbal balik ing antaranè.

Makhluk social sing apik yaiku wong sing pasêduluranè apik marang liyan. Kang biså akur lan urip sêsandhingan. Kåyåtå filosofi såkå gêrbang omah ånå ing dèså Panglipuran. Gêrbang kasusun adhêp-adhêpan ing antaranè tånggå siji lan sijinè. Kang duwè ancas yén sawijining kênå kasusahan utåwå memålå langsung biså nulungi. Ugå biså kanggo nuwuhakè trèsnå marang  tånggå liyan.

Tèntrèming urip iku biså diduwéni såpå waè, gayut karo åpå sing dilakokakè dhèwè. Yén sapa nandur kebecikan iya bakal oleh ketentreman, nanging kosok wangsule yén såpå nandur ålå ora bakal nêmu ketêntrêman urip ing alam donyå. Masarakat Bali dadi media pasinaon kang apik kanggo mahami urip ing antaranè mayoritas lan minoritas.

Mayoritas lan minoritas åpå sing ånå ing Bali ora dadi sêbab congkrahing masarakatè, malah kosok balénè yén mayoritas lan minoritas dadi rinakèting ing antaranè masarakat Bali. Mulå bukanè yén masarakat Bali tansah rukun, tèntrèm lan mulyå.

Kåyå kang wis diandharakè ånå ing jurnal Al-Fikr volumè 17 nomor 1 taun 2013 yaiku karukunan umat agama ånå Bali kuwi kawujud såkå umat kang sadhar kêpriyè posisi lan caranè dadi kaum multicultural. Ugå duwè sapådhå-pådhå hakèkat yén manungså kuwi dumunung såkå Hywang Agung. Panggawèan limang papan ibadat ing Mandala, Nusa Dua Bali, dadi icon khusus karukunan ing antaranè masarakat Bali.

Foto karo tour guide Ni Putu Leong lan I Nyoman Bagus anéng Pulo Nusa Dua

Dok : Rahmat


Rujukan[besut | besut sumber]