Materi Pasinaon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Matéri Pasinaon[besut | besut sumber]

Miturut John Dewey (ing sajeroning Nana, 1997:27) matéri pasinaon lan métode reflektif ing sajeroning nggolèk cara ngebaraké masalah yaiku prosès mikir, ati. Ing prakara iki, matéri pasinaon digawé kanthi kanthi logis, lan sistematis, kanthi wujud:

  1. Téyori, sakprangkat konstruk lan konsèp, yaiku préposisi kang duwé gandhèng cènèng, kang njlèntrèhaké pamanggih sistematik ngèngingi tandha-tandha kanthi mantha gegayutan antarané variabel - variabel kanthi maksud njlèntrèhaké lan ngramal tandha-tandha mau.
  2. Konsep, yaiku salah sawijiné abstraksi kang digawé déning organisasi saka kang mligi, minangka dhéfinisi singkat saka golongan fakta utawa tandha-tandha.
  3. Generalisasi, yaiku dudutan umum dhedhasar prakawis - prakawis kang mligi, sumberé saka analisis, pamanggih utawa pambuktèn panalitèn.
  4. Prinsip, yaiku idé utama, pola skéma kang ana ing sajeroning matéri kang ngrembakakaké gayutan antarané konsèp liya.
  5. Prosedur, yaiku seri urutané ing sajeroning matéri pasinaon kang kudu dialokaké murid.
  6. Fakta, informasi mligi ing matéri kang dianggep wigati.
  7. Istilah, tembung - tembung kang anyar lan mligi kang kawanuhaké ing matéri.
  8. Tuladha, prakara utawa tumindak utawa prosès kang tujuané kanggo nggawé cetha njlèntrèhan utawa pamanggih.
  9. Dhéfinisi, yaiku njlèntrèhan ngèngingi makna utawa pangertosan ngèngingi tembung.
  10. Preposisi, yaiku cara kang nggunakaké kanggo njlèntrèhaké matéri pasinaon kanggo upaya nggayuh ancas kurikulum.[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Kontruksi Pengembangan Pembelajaran, Sofan Amri & Iif Khoiru Ahmadi, Prestasi Pustaka, kaca 109.Materi Pembelajaran