Mandrapati
Prabu Mandrapati (Hartadriya) iku ratu ing Mandaraka kang kaping 3. Negara Mandaraka (negara Madra), dumunung ing tanah Madras (India). Ratu Mandaraka kang sepisanan jejuluk Prabu Sriyati (putrane Begawan Manumayasa lan Dewi Kaniraras/Retnawati). Ratu Mandaraka kang kapindho jejuluk Prabu Hartati (Mandrakumara).
Prabu Mandrapati kagungan putra loro, yaiku: Raden Narasoma lan Dewi Madri (Dewi Madrim). Tembung "Madri" iku salugune mengku teges putri ing Madra. Salaras karo tegese tembung Pancali (putri ing Pancala: Dewi Drupadi) lan Maithili (putri ing Mithila/Manthili: Dewi Sinta).
Kacarita Raden Narasoma kang ditundhung minggat dening ramane, amarga nalika ditari krama, wangsulane gelem palakrama yen karo putri sing pasuryane jibles ibune. Saiki Narasoma bali nggandheng putri sing asale saka Pertapan Argabelah, jenenge Dewi Pujawati, putrane Begawan Bagaspati.
"Yen ngono, Dewi Pujawati iki isih klebu sedulurmu cedhak. Iki prunanku dhewe. Yayi Bagaspati kang nalika timure kekasih Raden Angganaputra iku kadangku nom. Wis suwe banget ora ketemu, kapang banget rasane penggalihku. Mula Narasoma, enggala tata-tata ndherekake tindake rama manggihi Yayi Bagaspati," ngendikane Prabu Mandrapati.
Prabu Mandrapati banjur crita, "Biyen ana satriya mudha telu, tunggal rama ibu, yaiku Raden Angganapati, Raden Angganaputra, lan Raden Angganamurti. Katelune dadi srayaning dewa nyirnakake rerusuh ing marcapada lan Suralaya. Lamun kasil bakal kaparingan nugraha widadari. Kang kaduga ngentasi karya mung satriya ingkang panenggak iya Angganaputra. Mula Sang Hyang Jagadnata tedhak ngejawantah manggihi Angganaputra. Kadhawuhan milih widadari siji antarane widadari telu sing ndherekake tindake. Angganaputra maspadakake widadari telu iku. Sawise titi pamawase, matur marang Sang Hyang Jagadnata yen pilihane Bathari Uma. Sang Hyang Jagadnata kaget, amarga Bathari Uma iku calon garwane. Sang Hyang Jagadnata ora marengake. Angganaputra puguh ing karsa. Ature semu ngoso, satemah gawe dukane Sang Hyang Jagadnata. Angganaputra disepatani dadi buta. Sanalika ilang sipating satriya bagus, dadi buta. Angganamurti mulat kangmase wujud buta, sanalika muntap murinani. Angganamurti disepatani dadi manuk cekaklak. Angganaputra lan Angganamurti banjur padha nyuwun pangapura lan nyuwun ruwat. Sang Hyang Jagadnata paring dhawuh supaya Angganaputra mandhita ing Argabelah, peparab Begawan Bagaspati. Dene Angganamurti dadi klangenan Suralaya."
Kaya kadhodhog dhadhane Raden Narasoma. Sanalika pasuryane pucet. Nuli ature, "Nuwun sewu Kangjeng Rama, yektosipun Paman Bagaspati sampun seda."
Kaget Sang Prabu, banjur ndangu sabab musababe Begawan Bagaspati seda. Raden Narasoma matur blaka yen sedane Sang Begawan amarga saka panyuwune Narasoma. Narasoma seneng marang Dewi Pujawati, nanging ora seneng duwe maratuwa wujud buta.
Ature Narasoma njalari dukane Prabu Mandrapati. Narasoma ditundhung minggat maneh. Dewi Pujawati ora pareng ndherek.
Kapethik saka
[besut | besut sumber]- Mulyantara.2020.Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.