Métodhe Pengajaran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Métodhe Pengajaran, métodhe punika dipun-ginakaken ingsaklebetipun pendhidhikan formal wonten ing sekolah – sekolah. Pendhidhik, mliginipun dwija kedah prelu nyinaosi métodhe pengajaran.[1]

Métodhe sesorah[besut | besut sumber]

Métodhe sesorah ugi dipunsebat métodhe kuliah (lecture). Ceramah inggih punika pidhato ingkang dipunjlèntrèhaken déning dwija ing ngajengipun siswa.[2]

  • Keunggulan métodhe sesorah:

1. Métodhe sesorah irit wanci amargi gagasan dwija ugi terfokus

2. Saged dipunagem marang tiyang diwasa

3. Boten mreluaken piranti bantu ingkang kathah

  • Kawinatesan métodhe sesorah:

1. Siswanipun dados pasif

2. Langkung menekankan kepentingan dwija tinimbang siswa

3. Langkung ngembangaken dwija tinimbang siswa.

4. Dados prosès pembelajaran satunggal arah.

Métodhe dhiskusi golongan[besut | besut sumber]

Dhiskusi inggih punika pacelathon ingkang dipunrencanakaken utawi dipunsiapaken antawisipun tiga utawi langkung siswa, ngenani topik tartamtu kanthi satunggal pimpinan.[3]

  • Keuntungan métodhe dhiskusi golongan:

1. Ningkataken kebebasan intelektual siswa, boten naming nampi pandangan dwija.

2. Maringi kesempatan kanggé sadaya siswa mendhet pérangan.

3. Mungkingaken sami maringi lan nampi kanggé mbiyantu siswa mangertosi lan nyiapaken peran sadaya punika.

  • Kawinatesanipun:

1. Boten njamin pemecahan masalah lan nerapaken hasil – hasilpun.

2. Betahaken pemimpin ingkang trampil.

3. Boten saged dipunagem kanggé kelompok ageng.

Métodhe dhebat[besut | besut sumber]

Dhebat inggih punika pawicantenan saking pihak pro lan kontra njlèntrèhaken pamanggihipun.

  • Keuntungan métodhe dhebat:

1. Saged mempertajam hasil.

2. Saged mbabaraken segi permasalahan kekalih.

3. Saged dipun-ginakaken kanggé kelompok ageng.

  • Kawinatesanipun:

1. Saged nuwuhaken pepinginan kanggé menang. 2. Betahaken kathah persiapan. 3. Mbatesi partisipasi kelompok.

Métodhe gladhèn lan praktik[besut | besut sumber]

Kangge mesthèkaken asil pasinaon mligi dipunenggali kanggé manpaataken kreatifitas dwija lan ningkataken kawigatosan lan kesenangan.

  • Keuntunganipun:

1. Maringi kesempatan kanggé mbaleni kecakapan mligi.

2. Nuwuhaken pengraosan berhasil kanggé siswa ingkang sanggup nguwaosi kecakapan mligi.

  • Kawinatesanipun:

1. Boten cocog kanggé ngembangaken langsung ngenani konsèp lan aji.

2. Saged menyebabkan dwija utawi para siswa mengasumsikan yèn panguasaan cekap namung ngulangi kecakapan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Danim,Sudarwan.1995.Media Komunikasi Pendidikan.Jakarta:Bumi Aksara.
  2. Kusdaryani,Wiwik dan Trimo.2009.Landasan Kependidikan.Semarang:Ikip PGRISemarang Press.
  3. Sudharyo,dkk.1991.Strategi Belajar Mengajar I.Semarang:IKIP Semarang Press.