Lokananta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lokananta inggih menika pakardi musik kaping setunggal saha saben setunggal kagunganipun nagara ingkang nyimpen kathah kolèksi musik arupa plat utawi tip. Lokananta gadhah studio rekaman ingkang taksih saged dipun-ginakaken ngantos samenika, ugi taksih nglestantun produksi analog kanggé musik arupa produksi musik wonten ing tip. Lokananta mapan wonten ing Margi Ahmad Yani Angka 379A, Kalurahan Kerten, Kecamatan Lawéyan, Kutha Surakarta, Jawa Tengah.[1]

Palampahan utami ingkang taksih kalajengaken wonten ing Lokananta inggih menika tontonan musik keroncong, musik tradhisional, musik kontèmporèr, fotografi, wedalan fisik, saha kadukung déning pepanthan, paguyuban, utawi panindak lampahan kados ta Komunitas Record Store, Fèstival Mania, Pèrspektif, saha Law Year.[2]

Lokananta inggih menika “titik nol musik Indonesia” wonten ing tindakipun nagari kanggé dokumèntasi, promosi, saha modèrnisasi kabudayan Indhonésia ingkang dipuntindakaken déning Bung Karno. Wonten kirang langkung 53.000 keping plat saha 5.670 tip rekaman ingkang kasimpen. Saged kawastan menawi Lokananta inggih menika salah satunggalipun harta karun musik Indhonésia. Wonten ing ngriki ugi musik Indhonésia, saking musik tradhisional ngantos musik pop kaproduksi, katikel, saha kasebar wonten ing sedaya stasiun RRI.[3]

Wiwitanipun kolèksi rekaman ingkang wonten ing Lokananta inggih menika produk plat ingkang boten pajeng. Samenika plat-plat menika dados kolèksi ingkang boten badhe dipunsadé. Tindakan kanggé nglestantunaken wos saking kolèksi Lokananta kalampahaken kanthi ngrekam malih dados bentuk digital. Saking wiwitan jumenengipun Lokananta nindakaken produksi saha patikelan plat, lajeng ngembang dados audio tip.[4]

Palampahan[besut | besut sumber]

Lokananta dipunadegaken wonten ing 29 Oktober 1956 déning Radèn Maladi, Sesirah Jawatan Radio Republik Indhonésia (RRI). Radèn Maladi dipuntulung déning Oetojo Soemowidjojo saha Radèn Ngabèhi Soegoto Soerjodipoera wonten ing proses pangadeganing studio musik awyar 21,150 mèter pasagi menika. Wiwitanipun, Lokananta namung dipun-ginakaken dados papan rekaman matèri giyaran arupa plat ingkang kagiyaraken wonten ing 26 stasiun RRI wonten ing Indhonésia.[5]

Lebeting taun 1958, Lokananta milai produksi plat ingkang wosipun gendhing-gendhing dhaérah kanthi mèrek dagang “Lokananta”. Kolèksi gendhing ingkang wonten ing Lokananta ugi sanget pepak. Saking gendhing gangsa Jawa, Bali, Sunda, gendhing Batak, ngantos tembang-tembang rakyat (folklor). Salampahipun wekdal, wonten ing taun 1960-an, Lokananta dados studio rekaman album kompilasi Asian Games IV wonten ing 15 Agustus 1962. Wiwit menika, Lokananta milai dados studio rekaman musisi kondhang ing Indhonésia kados ta Gesang, Waldjinah, Titiek Puspa, Bing Slamet, Manthous, Sam Saimun, ngantos maéstro jazz Buby Chen.[5]

Lebeting taun 1990-an ngantos wiwit 2000-an, kajayaning Lokananta milai remeng-remeng. Kathah tindakan ingkang kalampahaken kanggé “nggesangaken” Lokananta malih. Salah satunggalipun kanthi nindakaken rèvitalisasi saking 27 Novèmber 2022. Sasampunipun kirang langkung sepalih taun kalampahan, rèvitalisasi studio rekaman Lokananta karampungan saha karesmèkaken malih wonten ing tanggal 3 Juni 2023. Rèvitalisasi Lokananta rawuh kanthi pasuryan énggal ingkang langkung lestantun saha langkung éndah.[5]

Rèvitalisasi Lokananta ngawontenaken pitu aréna ingkang saged dipuntingali, inggih menika Galèri Lokananta, Studio Rekaman Lokananta, Lokananta Live House, Taman Lingkar Lokananta, Panggung Amphitheater, Area Ritel F&B, daha Area Ritel Kreatif (non-F&B). Boten namung nyawisaken wisata musik, Lokananta ugi dados pusering kreativitas kanggé sedaya musisi, seniman, utawi para panindak ékonomi kréatif.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Museum Lokananta – Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Solo" (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2022-08-09. Dibukak ing 2023-10-14.
  2. "Lokananta – Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Solo" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-14.[pranala mati permanèn]
  3. Gusti, Akbar Ilham (2023-06-30). "Surakarta Menjadi Saksi Sejarah, Menyambut Kelahiran Kembali Lokananta". Terminal Mojok (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-10-14.
  4. Sutrisno, Eri (2023-07-23). "Lokananta, Studio Rekaman Legendaris Indonesia". Indonesia.go.id. Dibukak ing 2023-10-14.
  5. a b c d "Lokananta, Pusat Kumpul Para Pelaku Industri Kreatif Masa Kini". Kemenparekraf/Baparekraf RI (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-10-14.