Labuhan Saptasari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Labuhan Saptasari inggih punika salah satunggalipun labuhan kang diwontenaken ing Pasisir Ngrenehan, Desa Kanigoro, Kapanewon Saptasari, Kabupatèn Gunungkidul, Daerah Istimèwa Ngayogyakarta. Labuhan punika dipun gelar dening masyarakat Ngrenehan. Labuhan menika dilajengaken ing tanggal 1 Suro.

Sajarah[besut | besut sumber]

Desa Kanigoro menika salah satunggaling desa kang wonten ing Kapanewon Saptasari. Desa kasebat papanipun ing pojok kidul Kapanewon Saptosari lan ketingal tinimbang desa sak tunggalipun kang wonten ing Kapanewon Saptasari. Desa menika kaperang dados sedasa dhusun.

Kendharaan kang tumuju ing Pasisir Ngrenehan tasih kirang. Marga kang sampun diaspal namun 12 km lan kang sampun dipun cor namun 20 km. Papan lan panggenanipun pasisir menika tebih saking séntral ekonomi.

Labuhan Saptosari menika dilajengaken wonteng ing Pasisir Ngrenehan desa Kanigoro, Kapanewon Saptasari, Kabupaten Gunungkidul.[1] Senadyan labuhan menika dilajengaken wonten ing desa Kanigoro, nanging Labuhan menika langkung disebat kanthi Labuhan Saptasari. Upacara labuhan utawi sedhekah laut punika dipun tiru saking labuhan kang dilajengaken wonten ing Pasisir Baron. Upacara Labuhan mènika enggal dilajengaken lan saget kaetung pagelaripun. Saderengipun diwonteni Labuhan Saptasari, nelayan ing Pasisisr Ngrenehan nyelenggarakaken upacara Golongan.

Upacara Golongan menika tradhisi kang digelar dèning masyarakat Ngrenehan kang makarya dados petani nanging uga pados mina ten sagara pados tambahan kasil saking pados teri utawi impun. Ing mangsa labuh saderenge petani miwiti ngolah siti, petani pados teri kang medal luwih kathah ing pinggir pasisir. Sabanjuripun panen teri, para petani nyelenggarakaken upacara Golongan kangge ngucap rasa syukur.[2]

Sabanjuripun para petani nampi bantuan prau kagem pados ulam. Para petani angsal kasil mina kang luwih kathah tinimbang tani. Kahanan menika ngubah ekonomi masyarakat dados dagang ulam, tukang parkir, lan mbikak warung. Tradhisi golongan ugi tumut dados Labuhan Saptasari dumugi dinten menika.

Tata cara[besut | besut sumber]

Wulan Sura menika salah satunggaling wulan kang wonten ing penanggalan Jawi. Tembung sura menika dicuplik saking basa Arab "Asyura". Nanging onten ugi tembung Sura punika asli saking Jawi kang artosipun wantun.

Dalu ing tanggal 1 Sura menika raket kalian katentreman batin lan keslametan. Ing Jawi menawi Dalu tanggal 1 Suro menika diselingi kalian maos donga supados angsal berkah lan nebihaken saking bebaya. Ing wulan Sura menika tiyang Jawi tansah eling lan waspada.

Labuhan Saptasari menika bènten sanget tinimbang upacara golongan, sae saking wektu, sesajen, lan tata cara upacaranipun. Upacara Labuhan Saptasari menika diselenggarakaken setunggal taun sepindhah ing tanggal 1 Sura wanci jam 00.00 kanthi buang sesajen ing tengah Pasisir Ngrenehan. Tujuanipun nyuwun keslametan marang Gusti Kang Maha Agung lan paring dhumateng Panguwasa sagara supados slamet lan angsal kasil kang kathah.

Saderengipun upacara diwiwiti, diwontenakanen acara slametan kang dipun pimpin dèning juru kunci pasisir.[1] Acara banjur dilajengaken sambutan saking panitia lan wakil pamrintah. Sabanjuripun donga, sedaya masyarakat tumuju ing pasisir mbeta sesajèn kanthi iringan Gendhing Kebogira.

Sesaji Labuhan Saptasari menika wonten pitung jodho kang ditujukaken dening:

  1. Setunggal jodho kagem nelayan
  2. Setunggal jodho kagem papan wayangan
  3. Setunggal jodho kagem papan urang
  4. Setunggal jodho kagem papan jaring lan prau
  5. Setunggal jodho kagem piranti-piranti wayang
  6. Setunggal jodho kagem papan panggenan upacara
  7. Setunggal jodho kagem penonton wayang[2]

Saben-saben sesajèn menika gadhah arti kiyambak-kiyambak inggih menika:

  1. Jago. Jago menika dados pralambang nelayan inggih menika tiyang jaler kang wantun lan mboten ajrih tumraping pati.
  2. Gunungan bentuk prau. Gunungan menika dados pralambang sumber panguripan nelayan.
  3. Jenang-jenangan. Jenang abrit pralambang biyung lan jenang pethak pralambang rama.
  4. Tebu. Tebu menika dados pralambang pangayom ing masyarakat.
  5. Dhaharan saking ménda. Dhaharan menika dados pralambang kurban kagem pados ulam kang diparingaken dumateng Kanjeng Ratu Kidul.
  6. Kemben warna ungu. Kemben menika dados pralambang busana Kanjeng Ratu Kidul supados para prajuritipun mboten ganggu nelayan nalika pados ulam.
  7. Woh-wohan. Wohan-wohan dados pralambang kagem panunggu pasisir supados mboten ganggu nelayan nalika pados ulam.[2]

Iring-iringan kang tumuju pasisir inggih menka gunungan, dhomas, prangkat dèsa, lan nelayan. Gunungan dibeta ing tengah samodra migunakaken setunggal prau kaliyan iringan prau sekawan. Nalika pun wonten ing tengah samodra utawi kirang langkung 1 km saking pasisir, gunungan dipun paringake wonten ing samodra kaliyan juru kunci kanthi kairingan donga kados menika:

"Nyuwun tedha rahayu slamet para nelayan, nék dibucali entene niki, dèné onten kekurangané isiné guwo niki nyuwun pangapunten. Dené mbok menawi nelayan lampah sepindhah, satrimah nyuwun pangapura, para nelayan nyuwun iwak".

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b "Upacara Labuhan Saptosari". Warisan Budaya Takbenda Indonesia. 2010-01-01. Dibukak ing 2023-02-12.
  2. a b c "Upacara Labuhan Laut Saptosari". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta. 2012-04-01. Dibukak ing 2023-02-12.