L'Être et le Néant

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa

L’Être et le Néant (Kahanan lan Kasuwungan utawa Kahanan lan Kahanan Ora Ana) iku buku tulisan ésai falsafi karangané filsuf Prancis Jean Paul Sartre. Buku iki ngenangi ngèlmu ontologi fénoménologis lan arupa usaha Sartre sing kapisan kanggo mbabar faham métafisika èksistènsialis. Buku iki kawedar ing taun 1947 lan cekaké buku iki nyoba nrangaké genéya manungsa iku ana (= èksis).

Isi buku[besut | besut sumber]

Buku iki kawangun saka patang bagéan. Bagéan pisan nrangaké probléma kasuwungan ora ka-ora-anan. Bagéan kapindho nrangaké kahanan manungsa lan pangalaman kasadaran manungsa. Bagéan kaping telu iku ngenani gegayutan manungsa marang wong liyané lan bagéan kaping papat utawa pungkasan nrangaké masalah ètik nalika wong tumindhak.

Èksistènsi sadurungé èsènsi[besut | besut sumber]

Salah sawijining konsèp Sartre sing wigati dhéwé iku perkara èksistènsi (= kahanan) sing ndhisiki èsènsi (= arti, teges). Prabédan falsafi antara èksistènsi lan èsènsi iku maksudé manawa ana sawijining barang sing èksis lan barang iku èsènsiné apa. Tuladhané: ing ngalam donya ana pang lan godhong. Saliyané iku ana sawijining èsènsi uwit. Mula uwit bisa dideleng lan ora namung pang lan godhong waé. Tésisé Sartre iku dadi manawa èksistènsi iku ndhisiki èsènsi. Èsènsi namung bisa ana manawa ana sing èksis dhisik.

Perkara uwit, èksistènsi lan èsènsi iku manunggal. Pang lan godhong iku padha karo apa sing diarani uwit. Sing wigati iku manawa prabédan iki ana tumrap ing manungsa. Kasadarané manungsa iku mènèhi kamungkinan kanggo nentokaké apa iku èsènsiné manungsa. Kasadaran iku, amerga prinsipé bébas, bisa nentokaké mangsa ngarepé dhéwé lan mulané ora bakal padha karo èksistènsiné.