Menyang kontèn

Krisis Agraria ing Mangkunegaran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Krisis Agraria ing Mangkunegaran iku krisis perkebunan utawa tetanen ing Praja Mangkunegaran ing taun 1880-an. Amarga krisis iki, ekonomine praja defisit lan utange numpuk akeh.

Prangwedana V utawa Mangkunegara nalika jaman krisis

Asal-usul utawa Metune Krisis

[besut | besut sumber]

Sejatine krisis iki dudu krisis lokal kang mung dialami Praja Mangkunegaran. Krisis iki kasebut krisis global agraria. Miturut Ekonom Anne Booth nyebut tahun 1880-an iku periode slow  growth lan economic stagnation. Produk kang kondang ing abad 19, kaya ta gula lan kopi anjlok ing pasaran dunya. Rega kopi lan gula njeblok nganti setengahe. Uga ana kebijakan proteksi gula ing Eropa[1]

Mangkunegaran melu kena krisis amarga ekonomine gumantung ing ekspor gula lan kopi. Kopi produksi Mangkunegara samsaya angel diekspor amarga kualitase kalah apik. Kahanan tambah parah amarga perkebunane kena ama sereh. Ing 1887 ama kopi wis nyebar ing tlatah Karangpandhan lan njalari medun produktivitase.

Ekspor kopi saka principality leasehold ing Vorstenlanden Surakarta medun saka 7.538 pikul ing 1883, 1.175 pikul ing 1888, lan 521 pikul ing 1890.[2] Ing Tawangmangu kang dadi bumi pakopene Mangkuneraran, uga produksi samsaya sithik. Ing 1888 mung oleh kasil 50 pikul, déné ing taun-taun sadurune bisa nganti 1000 pikul.[3]

Owah-owahan ing Kundha Yatra

[besut | besut sumber]

Amarga kas praja defisit, Prangwedana V banjur golek utangan marang gubernemen lan Kasunanan kanggo nutupi defisit. Ing Mei 1887, resident A.J. Spaan  ngirim layang marang Gubernur Jenderal ing Batavia saperlu nyaritakake kahanane Mangkunegaran. Amarga kahanan katon ora apik, Gubernur Jenderal van Rees banjur teka menyang Mangkunegaran. Ing 7 Juli 1887 Gubernur Jenderal van Rees akhire sarujuk gawe komisi finansial kanggo Mangkunegaran. Kabeh kas Mangkunegaran banjur dicekel karo resident A.J. Spaan.[4]

Nganti 1 Maret 1888, total utange Mangkunegara wis nganti f. 4.848.062, 375. Wiwit 3 Maret kabèh urusan keuangan diatur A. J. Spaan. Urusan rumah tangga praja saben dinane banjur diurus karo superintenden. Tutup taun 1888, Mangkunegaran kena defisit nganti f. 677.800. Para narapraja akeh sing diwahelake amarga bisa ngupahi. Ing 1890 Mangkunegaran isih kena defisit f. 44.927,105.[5]

Owah-owahan ing Kundha Tetanen

[besut | besut sumber]

Amarga praja defisit lan ora duwe dhuwit kanggo bayar para narapraja, Prangwadana banjur gawe pranatan kang isine owah-owahan ing bumi apanage utawa lungguh. Ing 1885 kabèh abdi dalem panewu, mantri, demang, lan rangga ing bumi pakopen lan pangrembe digaji nganggo bumi bengkok desa.


[...] Liring undhang-undhang, awit titi mangsane laying iki, anamtokake marang abdidalem Panewu, Mantri, Demang tuwin Rangga ing tanah pakopen lan pangrembe, kang padha kaparingan pametu rupa dhuwit, ing samengko pametune mau, kasalinan rupa bumi, minangka bengkok, mungguh keh sathithike tuwin pametune, katamtokake kaya ing ngisor iki:

  1. Panewu, kapatedhan bengkok bumi desa, kang sawahe wijenan 80 gedheng lan desane kang ora luwih isi wong narakarya 18.
  2. Mantri, kapatedhan bengkok bumi desa, kang sawahe wijenan 60 gedheng, lan desane kang ora luwih isi wong Narakarya 12
  3. Demang, kapatedhan bengkok bumi desa, kang sawahe wijenan 40 gedheng, lan desane kang ora luwih isi wong Narakarya 9.
  4. Rangga, kapatedhan bengkok bumi desa, kang sawahe wijenan 24 gedheng, lan desane kang ora luwih isi wong Narakarya 5
  5. Rangga Pangrembe, kapatedhan bengkok bumi rupa sawah kang wijenan 20 gedheng, ora nganggo kaparingan bumi desa. [...]

Ing 1886 kabèh abdi dalem narapraja ing Kawedanan Lebet kang pangkate saduwure demang, kaya ta wedana, panewu, punggawa, lan mantri digaji nganggo bumi bengkok. Para sentana dalem uga digaji nganggo bumi bengkok ing afdeeling Bogo, gudang Klampis Ireng, lan afdeeling Selogiri ing 1887.[6]

Pungkasane Krisis

[besut | besut sumber]

Krisis agraria ing Mangkunegaran rampung ing jamane Mangkunegara VI (1896-1916). Mangkunegara VI duweni politik ikat pinggang utawa pangiritan. Kabeh kang ora prelu banjur disirnakake. Amarga politik penghematan iki, resident banjur nduwe panemu yen Mangkunegara VI tiyange medhit banget lan polahe sageleme dewe.[7]

Mangkunegara VI, ratu kang bisa nyelametake ekonomi praja saka krisis


Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Anne Booth, The Indonesian Economy in Nineteenth and Twentieth Century. A History of Missed Opportunities (Basingstoke: Palgrave Mcmillan, 1998), hlm. 29-34.
  2. P. Creutzberg et.al (ed.), Changing Economy in Indonesia. Vol 1. Indonesia’s Export Crops, 1816-1940 (The Hague: Martinus Nijhoff,1975), hlm. 100.   
  3. Kalawarti De Locomotief, 10 November 1888
  4. Pringgodigdo, Geschiedenis der Ondernemingen van het Mangkoenagarasche Rijk (‘s Gravenhage: Martinus Nijhoff, 1950), hlm. 71-74.   
  5. Febri Ady Prasetyo, Gerakan Ratu Adil Imam Sampurna 1888: Gerakan Sosial para  Bekel di Surakarta pada Abad XIX (Yogyakarta: FIB UGM, 2019), hlm. 136-137   
  6. Febri Ady Prasetyo, op. cit., hlm. 101-102.
  7. Van Wijk, Memorie van Overgave, 1914