Kréta Singa Barong
Kréta Singa Barong kuen aran kréta kang ana ning Kraton Kasepuhan, Kota Cirebon. Miturut sumber sejarah, kréta kien digawé ning abad 17 déning Pangéran Losari. Sampé sekien kréta kien masi ana lan disimpen ning Kraton Kasepuhan. Kréta Singa Barong digawé sing kayu jati pilihan. Kréta iki duwé kemiripan karo Kréta Paksi Naga Liman kang ana ning Kraton Kanoman Cirebon.
Filosofi
[besut | besut sumber]Minangka ikon budaya Cerbonan, kréta Singa Barong ngrupai wujud gabungan satoan. Ana vérsi-vérsi kang nyeritanang tegesé simbol-simbol kang ana ning kréta kuen. Vérsi kang kesiji, satoan-satoan kuen: manuk, gajah, singa, lan naga. Papat satoan kuen nglambangaken agama-agama kang ana ning budaya Cerbonan. Simbol manuk nglambangaken agama Islam (Wétan Tengah) lan dikaitnang karo buroq. Simbol gaja nglambangaken agama Hindu sing India. Simbol singa nglambangaken agama Kristen Protéstan atawa Éropa. Vérsi keloro, aran Singa Barong iku asalé sing tembung "singarani" kang tegesé 'ngrupai aran' lan "barong" tegesé 'bebarengan'.[butuh sitiran]
Fungsi lan sejarah
[besut | besut sumber]Sejaraé kréta Singa Barong bengén digawé sing mimpi Pangéran Losari. Ning jero mimpié iku Pangéran Losari ndeleng satoan kang mabur ning awang-awang. Satoan iku duwé awak singa, rai naga, lan duwé tlaté. Sing satoan iku, akiré digawé kréta kang mirib rupaé. Krétaé pragat digawé taun 1571 Saka atawa 1649 Maséhi. Kréta Singa Barong ning Kraton Kanoman duwé fungsi minangka tunggangané Sultan Kesepuhan. Dudu mung minangka kréta kerajaan baé, kréta kuen uga minangka simbol budaya kraton Kasepuhan Cirebon.[butuh sitiran]
Téknologi
[besut | besut sumber]Kréta kien nganggo téknologi Kulonan ning waktu kaen. Ana roda, as, mur-baud, lan separo kerangka sing wesi. Wujud rupaé baé kang has Cerbonan. Ana ukir-ukiran motif Cerbonan sing rumit, nanging digawé alus nemen kaya déné relung kembang lan wadasan. Téknik suspénsi nganggo kulit kang wis diatur, dadi ari kréta lumaku, goyangané setitik lan seimbang. Kréta kien ditarik kebo loro, dudu jaran. Kréta iki dudu tunggangan jarak adoh, sebabé krétaé lumakué lamban, nanging kanggo plesiran ning gena-gena wigati kang dohé 20-an kilométér baé sing pura kraton. Yén lumakué lambat, kréta lan luhurané Sultan lewi bisa didelengi karo rayaté.[butuh sitiran]
Pariwisata lan panalitén
[besut | besut sumber]Jaman sekien, kraton Kesepuhan Cirebon didadinang objék wisata sejara karo pemerénta Kota Cerbon, pada karo kraton-kraton séjéné. Amarga iku, kréta Singa Barong kang ana ning jero komplék kraton Kesepuhan sotén mèlu dadi daya tarik wisata sejara kang disakséni karo pengunjung. Wis ana peneliti-peneliti Kulon, kaya déné sing Welanda kang wis neliti kréta iki. Hasil penelitiané disimpulaken ari kréta Singa Barong dadi kréta kang canggi déwék ning jaman semana.
Rujukan
[besut | besut sumber]- "Singa Barong". Disparbud Jabar. Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Provinsi Jawa Barat. Diarsip saka sing asli ing 31 May 2016. Dibukak ing 21 June 2016.
- "Singa Barong, Kereta Pusaka Kebanggaan Kesultanan Cirebon". Sindonews. Sindonews.com. Dibukak ing 27 June 2016.