Komari
Komari (53) tani såkå Kabupaten Tanggamus,Lampung sing biyen ora ngrumat kebon kopiné amargå biyèn ora ånå jenis kopi robusta. Nanging béda karo saiki, akeh uwong sing nggantungake marang salah siji såkå jenis kopi robusta Lampung iki. [1]
Dhèwèké digawé kaget nalika ånå salah sawijining uwit kang ngasilake woh akeh nalikå uwit - uwit liyane ing sak kiwå têngêné pådhå rusak amargå dirusak håmå. Uwit siji iki godhong lan wohé akèh. Ananging dhèwèké ora ngerti iku såkå jenis åpå.
"Iså wae kawin silang saka uwit ing kånå. Wektu iku ånå akeh jenis sing beda," omongé ngeling - ngeling pengalaman 27 taun kapungkur.
Keunggulan
[besut | besut sumber]Robusta nduweni keunikan dhewe kang durung mesti diduweni liyane. Kanggo ngasilake woh, uwit siji ora iså ngadek dhewe. Uwit kuwi butuhake proses panyerbukan karo jenis liya. Keunikan iku kasebut poliklonal. Jenis sing akrab kaprungu ing talingan tani yaiku antarane tugu sari,tugu ijo,lan casio. Ora mung woh e sing akeh, nanging wiji woh e luwih gedhe tinimbang jenis kopi liyane. Kulit woh tanduran iki tipis lan produksine ajeg. Sak uwit iso produksi 1,5 - 2 kilo wiji kopi.
Såkå kui banjur disilangke maneh karo jenis liyane. Hasil såkå silangan kui banjur dijenengi kopi komari kaya jeneng dhèwèké. Ananging komari ora nyatet jenis åpå kang disilangke mau.
Hasil silangan iku subur lan woh e akeh. Komari wes tau entuk hasil panen kurang luwih 3,3ton saka 0,75hektar ambane kebon. Hasil panen såkå kebon Komari iså kasebat paling akeh timbang nggone tani liya sing mung 1ton per hektar.
Såkå kui tanduran kopi ing kebon e kui banjur dadi omongan pårå tani ing desåné. Tani sing penarasan pådhå mårå ing omahé tujuane arep njaluk bibit kopi marang Komari.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Oktavia, Vina; Helmy (2018-07-04). "Merindukan "Kopi Komari"".