Koji Takakura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koji Takakura ya iku peneliti saka Jepang kang lair tanggal 27 April 1959. Nduwèni garwa jenengé Rumi lan anak 2, ya iku Azusa lan Nanami.[1] Koji Takakura kuwi lulusan saka Himeji Institute of Technology, Jepang jurusan Kimia terapan.[2]

Penemuan[besut | besut sumber]

Salah sijining temuané Takakura ya iku keranjang takakura lan pengomposan takakura kang wis kondhang. Temuané kuwi hasil saka kerjasama risèt Pusat Pemberdayaan Komunitas Perkotaan (Pusdakota) Universitas Surabaya, Kitakyusu International Techo-cooperative Association (KITA) Jepang, Pemerintah Kota Surabaya lan Pemerintah Kota Kitakyusu Jepang.[2] Gawé kompos nganggo metode takakura wis olèh Hak Cipta (HAKI) No. P00200600206.[3]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Digagas paneliti saka Jepang, Koji Takakura (59), metode pengomposan kang pisanan diterapaké ing Surabaya. Saiki Takakura uwis mendunia, melu nyelamataké donya saka sampah. Wulan April kepengker, Koji Takakura nganakaké pelatihan nang Kelurahan Maleer, Kecamatan Batununggal, Kota Bandung, kang dikètuti 50 peserta. Dhèwèké uwis kulina dadi mentor pangolahan sampah lan pemberdayaan masyarakat nang sapèrangané negara. Senadyan peserta ora tepung karo Takakura, nanging peserta wis mangertèni awaké amarga idé pengomposané wis dianggo wiwit suwè. Dhèwèké uga nduwèni cara kang gampang dipahami peserta pelatihan.[4]

Cara Gawé Kompos Takakura[besut | besut sumber]

Jinis sampah sing diolah yaiku sampah organik lan sampah anorganik. Sampah organik sing bisa dianggo gawé bahan kompos yaiku sampah soklat (godhong garing, suket garing, sekam, damen, lsp) lan sampah ijo (janganan, woh-wohan, suket ijo, lsp).

1. Nyiapaké starter mikroorganisme[besut | besut sumber]

a. Starter saka  gula[besut | besut sumber]

1)      Nyiapaké tolpes kaca ukuran limang liter, pilih sing kedap udara.

2)      Tambahké 200 gram gula jawa, dijur ngangoo telung liter banyu resik.

3)      Tambahké limang iji ragi. Yèn ora ana bias nganggo secuil tempé utawa tapé.

4)      Tutup rapet toples, banjur dinengké waé 3-5 dina.

b. Starter saka uyah[besut | besut sumber]

1)      Siapaké toples kaca ukuran limang liter sing kedap udara

2)      Tambahké uyah sak sendok banjur dijur nagnggo banyu resik telung liter.

3)      Blender janganan ijo kaya ta kangkung, bayem, lsp. Banjur dilebokaké toples.

4)      Tutup rapet toples, banjur dinengké waé 3-5 dina.

2. Gawé Bibit Kompos Takakura[besut | besut sumber]

a.      Siapaké 100 kg dedak lan 100 kg sekam, starter mikroorganisme, banyu resik lan terpal.

b.      Golèk panggonan sing eyup

c.       Odhak dedak lan sekam, banjur ditambahké starter lan diodhak ngasi rata.

d.      Siram nganggo banyu sak cukupé.

e.      Tutup rapet nganggo terpal plastik.

f.       Dinengké waé 5-7 dina.

3. Nyiapaké kranjang Takakura[besut | besut sumber]

Siapaké kranjang ukuran 60 liter, isa saka bahan plastik utawa empring utawa rotan. Amarga proses anggoné gawé kompos takakura kuwi sipaté aerobic, mula kranjang kudu nduwé pori-pori udara. Banjur kranjang kuwi dilapisi nagnggo kerdus utawa kertas kang kandel. Tujuané supaya ora mawut-mawut lan supaya ora ana gegremet saka njaba sing lumebu.

4. Proses Pengomposan Takakura[besut | besut sumber]

Anggoné gawé kompos takakura iki ora teles nanging garing lan ora mambu. Sahengga ora reget. Carané gawé kompos takakura :

a.      Lebokaké kira-kira 2–3 kg bibit kompos takakura ngasi kira-kira seprapat kranjang.

b.      Lebokaké sampah organik banjur diodhak.

c.       Tutup kranjang supaya gegremet ora ana sing lumebu. Kranjang rasah langsung diisi ngasi kebak, nanging diisi sithik mbaka sithik.

d.      Yèn kranjang wis kebak, pindahaké kompos kuwi mau nang njero keba banjur dinengké wae 2 minggu.

e.      Kompos takakura wis dadi yèn wis kaya lemah, warnane soklat kaya lemah lan ora mambu.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Takakura, Inspirator Pengelolaan Sampah". Kabarniews. 2011-04-01. {{cite web}}: |first= missing |last= (pitulung)
  2. a b "Takakura, Inspirator Pengelolaan Sampah". Kabarinews. 2011-04-01. {{cite web}}: |first= missing |last= (pitulung)
  3. Darmadi, Teguh. "Membuat Kompos Metode Takakura telah memperoleh Hak Cipta (HAKI) No.P00200600206". Slideplayer.info.
  4. Helmy, Cornelius (2018-05-24). "Koji Takakura, Keranjang Takakura yang Mendunia". Kompas. Diarsip saka sing asli ing 2022-10-27. Dibukak ing 2019-10-04.
  5. Yunus, Syahroni. "Cara membuat kompos takakura". Alamtani.com.