Klampis
[1]Wit Klampis (Acacia tomentosa) nduwéni pang sing cilik nganti sedhengan, dhuwure antara 5-10 m, lan gedhine pang kira-kira 50 cm. Klampis nduwèni sipat bisa nggogrogaké godhong. Makuthané mèmper payung. Pang-pang anakan sing isih enom nduwèni rambut kuning, rapet, kanthi eri akèh lan ukurané gedhi tur dawa.
Wit iki umumé diweruhi thukul ing alas jati utawa ara-ara sacedhaké panté. Ing Jawa Wetan uga diweruhi ing alas musim. Sok-sok klampis uga ditandur ing sadawané pinggir dalan lan galengan-galengan sawah. Lumrahé klampis thukul kanthi becik ing panggonan sing dhuwuré nganti 500 m dol. Wit iki nduwèni kembang ing wulan-wulan Oktober nganti Juni. Klampis diopèni kanggo digunakaké kayuné. Upamané kayu cethik geni, gagangé pacul, lan cekelané arit, lan liya-liyané. Kayu klampis kagolong kayu sing nduwèni kwalitas sedhengan.
Kulit pangé klampis rasané pait, ambuné ora énak, lan kerep digunakaké kanggo tamba jaran. Urat saka kulit kayuné liyar banget lan digunakaké kanggo tali utawa dhadhung. Tlutuhé digunakaké kanggo nggawé mangsi. Thukulan lan godhong-godhongé sing enom disenengi ingon-ingon, masiya nduwèni eri. Kajaba kuwi, godhong klampis bisa didadèkaké rabuk ijo. Cedhak-cedhak iki, klampis akeh sing didadèkaké tetuwuhan cebol (bonsai) kanthi rega adolé cukup dhuwur.
Arané Désa
[besut | besut sumber]Désa-désa ing Jawa Wetan/Jawa Tengah/DIY sing nggunakaké jeneng klampis minangka jeneng désa yaiku:
No | Désa/Kalurahan | Kacamatan | Kabupatèn |
---|---|---|---|
1 | Klampisrejo | Kraton | Pasuruan |
2 | Klampis Ngasem | Sukolilo | Surabaya |
3 | Klampisan | Kandangan | Kediri |
4 | Klampisan | Geneng | Ngawi |
5 | Klampis | Jatibarang | Brebes |
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b Santoso, Imam Budi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru. Yogyakarta: Interlude 2017, Yogyakarta. kc. 236. ISBN 978-602-6250-42-1.