Kirab Tumuruning Mahesa Sura
Kirab Tumuruning Mahésa Sura utawi jumuduling mahésa sura inggih menika salah satunggaling upacara kirab wonten ing Désa Srigading, Sandèn, Bantul. Adicara menika kalampahan saben malem setunggal sura kanggé mèngeti legénda mahésa sura. Setunggal Sura, inggih menika wiwitan wulan ingkang sepisan wonten ing taun énggal jawa, sesarengan kaliyan setunggal Muharam. Kalender Jawa ingkang kapisan dipundamel kaliyan Raja Mataram Sultan Agung Hanyokrokusumo ing taun 1940, saking penanggalan Hijriah (Islam). Upacara kirab menika sampun kalampahan wiwit taun 1910 dumugi sakmenika.[1]
Legenda Mahésa Sura
[besut | besut sumber]Legenda menika nyariosaken kahanan wonten ing masyarakat Sandèn jaman rumiyin, nalika dhaérah Sandèn ing mangsa paceklik, boten subur, menapa ingkang dipuntanem boten purun urip, saengga masyarakat nyuwun kaliyan Sang Maujud Agung supados saged ical saking kahanan menika kanthi cara semèdi wonten ing Panté Samas, inggih menika Ki Bekel Kenthol Secongwijaya tiyang sekti ingkang mbiyantu semedi saha tirakat wonten in Panté Samas. Saking semèdi menika njedhul mahésa utawi kebo cemeng ingkang dipunangon kaliyan warga sareng kaliyan kebo lokal sanesipun. Ananging, nalika mahésa sura utawi kebo menika midak wonten sabin, sedaya pasiten menika dados subur, bibaripun manak pinak, Mahésa menika ical wonten ing wulan sura. Amargi kebo menika sampun paring pambiyantu dhateng para petani, mila masyarakat Sandèn mengeti dinten tumuruning mahésa sura menika kanthi upacara kirab. Upacara menika ugi kanggé simbol kemakmuran saha wujud raos syukur masyarakat Sandèn dhateng Gusti Kang Maha Agung.[2]
Ritual
[besut | besut sumber]Prosèsi Jumuduling Mahésa Suro menika dipunwiwiti saking dalemipun tiyang sepuh masyarakat Dusun Tegalrejo, Désa Srigading, Sandèn wonten ing malem setunggal Sura. Upacara menika dipunmangertosi ugi kanthi adicara mèngeti setunggal sura menika dipunwiwiti saking Pesanggrahan Mbah Jokasmo kawiwitan saking prosèsi Jamasan Golek Kencono, ritual nyambut taun énggal Jawi, Kirab mahésa sura, lajeng Nglabuh sedekah. Prosèsi kirab tumuruning Mahésa Sura menika dipunwiwiti saking dalemipun Dwi Raharjo. Uba rampe kadosta kebo, jodang ingkang isi manéka warna (tumpeng) saha buah-buahan, lajeng gunungan saking asil bhumi dipunkirab dhateng Panté Samas ingkang tebihipun setunggal kilometer. Saksampunipun dhateng Panté Samas, uba rampé kang dipunkirab warga déning Mbah Karyono menika dipundongani rumiyin, ananging sakderengipun menika sekawan tiyang sepuh kejawen inggih menika Jumbido, Kamijan, Kaswiyo, Wirosojo ugi paring donga saha ngobong kemenyan lajeng uba rambe gunungan saha dhaharan menika dipunrebutaken dening para warga, menawi kebo mahésa sura dipunlarung wonten sagara.[3]
Urutaning kirab
[besut | besut sumber]Wonten ing ngajeng inggih menika iringan bergodo dipunlajengaken kaliyan gunungan sayur saking warga, lajeng wonten wingking gunungan menika sekawan tiyang sepuh ingkang gadhah jejibahan paring donga kangge sajèn saha gunungan. Ing barisan wingking piyambak menika wonten tiyang estri ingkang kapacak Nyi Roro Kidul. Barisan menika kirab saking dhusun Tegalrejo dumugi Panté Samas ingakang tebihipun setunggal kilometer wiwit jam 21.15 dumugi 22.30. Nalika boten tebih kaliyan pante, paraga Nyi Roro Kidul menika ical, gantos kaliyan jumudhuling mahésa gawé-gawéan saksampunipun sajèn dipunparing donga, lajeng gunungan menika dipunrebutaken para warga déné kebo menika dipunlarung wonten sagara. Cariyos menika namung kangge latar kagiyatan suranan wonten ing panté, ancasipun inggih menika wangsul malih kaliyan raos syukur kangge Gusti Kang Maha Agung, lajeng ingkang Nyi Roro Kidul menika asil owahan saking seniman mahasiswa ISI kaliyan Dinas Provinsi.[4]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Kirab Tumuruning Mahesa Sura Di Pantai Selatan Semarak". suara merdeka. 2018-09-10. Dibukak ing 2019-10-28.
- ↑ sanbawa, juna. "Ritual Mahesa Suro Meriahkan Malam Satu Sura". Dibukak ing 2019-10-28.
- ↑ "Malam 1 Muharam Warga Pante Samas Bantul Kirab Mahesa Sura". 2018-09-10. Diarsip saka sing asli ing 2019-10-28. Dibukak ing 2019-10-28.
- ↑ "Tradisi Satu Suro Di Bantul". Tribun. 2011-09-28. Dibukak ing 2019-10-28.