Kethoprak Jawa
Kethoprak Jawa inggih punika pagelaran drama rakyat ingkang ngginakaken Basa Jawa. lairipun kethoprak menika saking konteks Jawa, ananging asal cariyos saged saking daerah sanesipun. Kethoprak Jawa biasanipun konteks-ipun budaya Jawa, wiwit saking setting dumugi pagelaran. nalika wonten kethoprak Jawa ingkang dipunowahi marang Basa Indonesia, menika namanipun perkembangan. Nanging dhasaripun ajeg Kethoprak Jawa. Gesangipun ketoprak Jawa dumugi tingkat menapa kemawon, asal taksih ngginakaken konsep "Prak" (Keprak) ajeg dados seni rakyat Jawa.[1]
Tembung kethoprak miturut Kawindrasusanta wonten kertas damelipun ing kaandharaken wonten Lokakarya Kethoprak tanggal 7 dumugi 9 Februari 1974 ing Yogyakarta. Saking nama paraga, menika "tiprak". lajeng tembung "tiprak" wiwit saking "prak". sebab swara "tiprak" punika "prak" berkali-kali. Saking dhasar menika, swara kethoprak ingkang paling esensial inggih menika “tiprak”. Wonten jaman samenika wonten ingkang nyebut tiprak menika minangka keprak. Menika saking paraga ingkang dipunginakaken kangge mbimbing pagelaran kethoprak saking wiwitan dumugi pungkasan. Konsep mitologis Jawa maringaken pemahaman nalika ciri khas kethoprak menika wonten ing paraganipun.
Wonten kesenian Kethoprak dipuntemokaken : (1) ekspresi, (2) cariyos, (3) pacelathon, (4) akting, (5) bloking, (6)rias, (7) busana, (8) swara, (9) tradhisi. Saking unsur-unsur seni menika, saged dipunnamaninalika esensi Kethoprak menika inggih menika drama. Nanging sanès drama modern, amargi aspekipun kadasta tradhisi Jawa. Pangretosan ‘drama’ adhedhasar saking tembung Yunani ‘dramoi’ ingkang gadhahi teges tumindak. Dados drama menika tumindak, saengga kethoprak wujudipun kalakuwan, tumindak, lan sapanunggalipun.
Asal-usul Kethoprak Jawa
[besut | besut sumber]Kethoprak Jawa kagolong seni rakyat kangge hiburan sarta nyampekaken pitutur marang tiyang ingkang mirsani. Manfangat kethoprak Jawa saged marang macem-macem aspek kagesangan. Wonten ing tiyang Jawa ingkang gadhah hajat manten, supitan, khaul (nadzar), lan sapanunggalanipun. Pagelaran dipunginakaken kangge nghibur para tamu ingkang sami rawuh.
Asal-usul Kethoprak Jawa dumugi samenika taksih dereng pasti. Sumber-sumber informasi saking prasasti, bahan arkeologi, kalihan antropologi inggih dereng nemokaken. Umumipun, asal-usul kethoprak Jawa menika taksih saking penuturan tiyang-tiyang ingkang nglakukaken kethoprak Jawa. Srihono (2004:33) ngandharaken bilih sebutan kethoprak Jawa saking istilah “Kethoprak ongkek”. Dipunsebat ongkek, saking sarana pagelaran awujud pikulan (ongkek). Ongkek dipunginakaken kangge mikul paraga kethoprak marang pundi kemawon. Dumugi samenika kethoprak jinis menika taksih wonten ananging frekuensinipun skedhik sanget.
Saking asiling panaliten Direktorat Kesenian Jendral Kabudayan Departemen Pendidikan kalihan Kabudayan Republik Indonesia saged dipunmangretosi nalika kethoprak menika lair wonten ing Surakarta taun 1908, dening Raden Mas Tumenggung Wreksodiningrat. Asiling kajian menika dening Widjaja, salah satunggaling tim panaliten, dipunandharaken wonten Lokakarya Kethoprak 7 dumugi 9 Februari 1974 ingkang dipunwontenaken Bidang kesenian Kanwil Dep. P saha K Propinsi daerah Istimewa Yogyakarta. Miturut beliau, wiwit taun 1908 RMT Wreksodiningrat ngawontenaken latihan Kethoprak migunakaken piranthi-piranthi tabuhan 1 lesung, 1 kendang, 1 terbang, 1 seruling. Paraganipun saking Mbok Gendro alias Nyi Badur, Ki Wisangkoro, Gending wiwit namanipun Megamendung, Kupu Tarung, nyusul salajengipun gending Srim, bak-bak, simah-simah, bluluk tiba, saha Randa Ngangsu.
Pagelaran wiwit diwontenaken taun 1909 kangge ngramekaken kawinan agung KGPAA Paku Alam VII kalihan Puteri Sri Susuhunan Paku Buwono X ingkang namanipun GBRA Retno Priwoso, ingkang papanipun ing Kepatih, Surakarta. Buku “Peringatan Perkawinan Agung” ingkang wonten ing Perpustakaan Museum Sono Budoyo nyatet, kawinan kasebut kaleksanan ing dinten selasa Pon 21 Besar, Je angka Jawi 1838, Masehi 5 Januari. Sasampunipun menika, Kethoprak sering dipunwontenaken ing Istana Surakarta. Saking mriki saged dipunmangretosi nalika wiwit wontenipun kethoprak dipunginakaken ing ritual. Kethoprak dados sawijing hiburan nalika tiyang Jawa ngawontenaken macem-macem hajatan.
Salajengipun Kethoprak mlebet Yogyakarta taun 1925. Wiwit menika pagelaran ing Demangan dening Perkumpulan Kethoprak Madyo Utomo saking Surakarta ingkang dipuntepang namanipun Kethoprak Lesung. Dipunsebat Kethoprak Lesung amargi ngginakaken piranthi saking Lesung. Sasampunipun wonten malih Perkumpulan-perkumpulan Kethoprak ing kampung-kampung dumugi desa-desa Yogyakarta. Perkembangan periodisasi Kethoprak dumugi samenika dereng wonten ingkang mapan. Periodisasi Kethoprak Jawa taksih wonten upaya pembabakan sementara. Pembabakan menika : taun 1887 -1925 periode kethoprak Lesung ingkang ciri-cirinipun, : (a) tetabuhan lesung, (b) tarian sederhana, (c) tembang, ingkang konteksipun padesaan, (d) cariyos ingkang kapundhut saking legenda rakyat Jawa, (e) rasukan migunakaken model kostum desa.
Saking uraian menika, saged dipunmangretosi nalika kethoprak sampun sepuh yuswanipun. Sampun setunggal abad kethoprak wonten ing Jawa. Miturut buku Ensiklopedi Umum, kethoprak inggih menika wujud sandiwara rakyat khas Jawa Tengah. dipunwastWekdal saha pangriptanipun boten saged dipunnyatakan kanthi pasti, cariyosipun dipunpundhut saking dunya kaum tani kanthi ancas kangge majukaken pertanian. Dados pagelaran wiwitan, kehoprak fungsinipun minangka media kontak tani. Saking media kethoprak, rakyat tani Jawa saged nampa pesan-pesan pertanian saking tokoh kethoprak. Ingkang patut dipuncatet, kethoprak menika pagelaran rakyat Jawa, pagelaran menika saking konteks desa. Angsal kemawon dipunsebat minangka kethoprak tani, amargi konteks kisahipun saking kaum tani. Angsal ugi dipunwastani kethoprak lesung, amargi tabuhanipun ingkang dipunginakaken saking lesung. Namanipun macem ngoten menika angsal kemawon, adhedhasar sudut pandang tartamtu. Saking penamaan menika wonten ugi, nalika kethoprak Jawa sampun berkembang saking wujud ingkang sederhana dumugi ingkang kompleks.
Ragam Kethoprak Jawa
[besut | besut sumber]Ragam kethoprak saking wekdal marang wekdal ugi berkembang pesat. Aneka ragam kethoprak wonten gumantung konteks saha perkembangan jaman. Adhedhasar cara pentasipun ingkang pindah-pindah wiwitipun dipunwastani ragam kethoprak kelilingan, saking konsep kelilingan (muter). Kethoprak kelilingan biasanipun ngawontenaken pentas muter marang pundi kemawon. Macem-macem paguyuban kethoprak sering mentasaken ing pundi kemawon, wonten ingkang gratis sarta wonten ugi ingkang bayar. Kethoprak menika main adhedhasar kekarepan piyambak utawi nalika wonten tanggapan.
Kethoprak muter inggih menika kethoprak ingkang pagelaranipun muter, pindah-pindah saking daerah setunggal marang daerah sanesipunkanthi munguti arta. Dumugi perkembangan salajengipun kethoprak bener-bener dados profesi kalihan dados gawean tetep kangge sarana kagesangan tiyang. Wiwit kapan tepatipun kethoprak muter menika dipunlaksanakaken, saleresipun taksi perlu nyermati informasi kalihan data-datanipun kangge salajengipun dipunpadosi perbandingannipun.
Miturut Widjaja (Sudyarsana, 1985 : 68) dumugi pungkasan taun 1924 sampun wonten gejala sadean kethoprak marang masarakat. Kangge ngatasi rekasanipun biaya perkumpulan kethoprak Ki Wisang Koro sampun mikir angsal arta kanthi pagelaran kethoprak. Papan wonten ing Madyo Taman Ki Wisangkoro ngawontenaken pentas kethoprak kanthi sadean tiket, ananging usaha menika gagal. Wonten ing tanggal 15 April 1925 perkumpulan kethoprak baru Krido Madyo Utomo pimpinan kalihan dalang ki Joyotrunorese, bekas paraga kethoprak Sam-beng pimpinan Ki Wisangkoro, kanthi modal salahsatunggaling tiyang Cina ingkang namanipun Kwik Cien Bio saking Wedi, Klaten. Ngawontenaken pagelaran Kethoprak Jawa ing Maleman, Klaten. Sasampunipun Maleman rampung, salajengipun pentas ing Prambanan, papanipun ing halaman giyanipun R. Gandung (Rio Sudibyo-prono) dumugi mapinten-pinten dinten. Pentas dipunlajengaken ing Demangan dangunipun sebulan.
Sanajan pagelaran-pagelaran kasebut sampun mungut bayaran saking pamirsa, ananging papan pentasipun taksih ngginakaken griya ngajeng. Nyajikaken menika taksih ngginakaken iringan lesung. Cariyos saha busananipun taksih sederhana. Arah kempal kethoprak marang profesional katingal jelas wiwit taun 1928. Rombongan wayang tiyang Beksa Langen Wanodya (BLW) pangarsanipun Mbok Kertonoyo saking Surakarta ngrobah sajiannipun.
Taun 1931 ngadeg ing Yogyakarta Kethoprak Mubeng pangarsanipun Sosroganjur ngarsa rombongan saking kampung Dagen. Saderengipun Sosroganjur ngarsa rombongan Ande-ande Lumut kalihan wayang tiyang. Rombongan Kethoprak menika ingkang wiwitan ngginakaken paraga wanita. Wiwit taun ngajengipun nyusul Mardi Wandowo ingkang dipunpangarsanipun Somosilam kalihan dalang Pawirabuwang, saha Atmosuripto.
Akhiripun, Waringin Dahono, Wargo Mulyo, Kethoprak THR Sasono Suko kalihan Padma Naba Seda. Ing Yogyakarta dumugi samenika namung Sapta Mandala ingkang taksih. Sawetawis menika ing Jawa Timur kathah sanget grup Kethoprak Mubeng. Ananging ingkang ageng saha ngawontenaken pagelaran mubeng inggih punika Siswo Budoyo pangarsanipun Ki Siswondo saking Kalang-bret, Tulungagung, saha Wahyu Budoyo saking kediri pangarsanipun Ibu Suci.
Wonten ing masa Orde Enggal Kethoprak inggih kathah ingkang berkembang seiring kalihan perkembangan politik wayah punika. Miturut Wijaya saha Sutjipto (1977) kethoprak wekdal menika saged dipunarani kangge ancasing politik. Wonten ugi kethoprak ingkang dipunparingi layang panerangan. Salajengipun kathah macem-macem eksperimen kethoprak lajeng dipunwontenaken kangge masa ngajeng ingkang sae. Paling boten, perkembangan kethoprak saged ngayomi marang kapeduliyan pemerintah, asal lakon-lakon ingkang dipunbetha sejalan kalihan pepinginanipun pamerintah.
Pertumbuhan kethoprak salajengipun cekap damel bingah. Kathah pentas ing pundi-pundi wilayah kadasta ingkang dipunpelopori Kethoprak Siswo Budoyo Tulungagung, sampun nggugah Kethoprak sanesipun majeng pesat. Munculipun kethoprak Plesetan ingang dipunpelopori Bondan Nusantara saha Kethiprak Jampi Stres dening Timbul, kethoprak nambah majeng ing dunya elektronik. Kethoprak sampun dados sajian kadasta sinetron kalihan film.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Endraswara, Suwardi (2005). Buku pinter budaya Jawa: mutiara adiluhung orang Jawa (ing basa Indonesia). Gelombang Pasang. ISBN 978-979-98385-8-2.