Kemamang (paésan)
Kemamang ya iku paésan umah Jawa kang dijukut sing rupa satoan (fauna). Ning wangunan tradhisional Jawa, paésan sing bentuk satoan iku beli seakéh paésan sing wit-witan (flora)[1][2]. Kemamang gen bisa karan kala[1]. Nanging ning Yogyakarta, karan kemamang. Kemamang jaré cerita wongiku sebangsa manuk kang mabur bengi, rai raksasa, lan ngetoknang liur cahya[1]. Paésan kemamang iki asalé sing paésan wangunan candi Jawa Tengah, kang karan kala. Ning Yogyakarta paésan kemamang iki perkembangan sing paésan banaspati ning Jawa Timur. Wujud kemamang iki beli béda adoh karo paésan kala ning candi Jawa Tengah. Rupaé iku rai raksasa, bola mataé melotot, irung lan cangkemé mbuka karo ilaté méléd. Untu-untué katon kabéh. Kuping kiwé lan tengen kaya tukul ning rambuté kang ikal. Paésan kemamang biyasa dipai warna, kayak warna emas, abang, lan ireng. Cara gawéé iku ditatah kayak relief ning watu témbok atawa semen. Kemamang biyasa ditaro ning lawing gerbang wangunan bénténg lan pintu manjing kraton-kraton kaya déné ning kraton Yogyakarta, nanging ning wangunan kraton-kraton Cirebon, paésan kemamang iki laka. Maksud paésan kemamang iki pada kaya ning candi. Simbolé duwé teges ya iku nelen sipat-sipat jahat kang arep manjing[1].
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d Dakung, Sugiyarto, dkk (1982). Arsitektur Tradisional Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Depdikbud. kc. 143–145.
- ↑ Iswanto, Danoe (Juni 2008). "APLIKASI RAGAM HIAS JAWA TRADISIONAL PADA RUMAH TINGGAL BARU" (PDF). ENCLOSURE: Jurnal Ilmiah Perancangan Kota dan Permukiman. Volume 7 No. 2: 92. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-10-24. Dibukak ing 2017-07-12.
{{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung)