Kaul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kapel La Storta, papan kaul novis Yèsuit

Kaul iku janji prasetya kang diikrarké déning para réligius agama Katulik.[1] Sejatiné, kaul iku tembung kang umum kanggo nyebut janji utawa ikrar, nanging saiki asring dienggo mligi kanggo para réligius Katulik. Para réligius ya iku romo, bruder lan suster. Lumrahé ing tembé mangsa novisiat, para novis ngikrarké kaul marang Sarèkat utawa kongregasiné. Ana telu kaul kang mligi diikrarké déning para religius, ya iku, urip mlarat utawa miskin, wadhat, lan tangat. Kaul iku ana rong warna, kaul sawatara lan kaul salawasé (kekal). Iku mau gumantung karo aturaning Sarékat lan kongregasi. Ana ing Sarékat Yesus saumpamané, kabèh novis kang bisa ngrampungké 2 taun mangsa novisiat, banjur ngikrarke kaul salawasé.[2] Ewadéné mengko sawisé urip sajeroning Sarékat sawatara wektu manèh, banjur ngikrarké kaul pungkasan (akhér).

Sajarah[besut | besut sumber]

Urip miturut kaul, diwiwiti ing jamané wong-wong kang urip kanthi laku tapa. Wong-wong iku urip mardika kanthi narik dhiri saka urip padinanan lan nglakoni tapa ing gua-gua lan gunung-gunung. Sing péngin digayuh ya iku urip sampurna srana nyepi saka urip kadonyan. Wong-wong iki mau banjur diarani pretapa. Wong-wong akèh pada nekani para pretapa kanggo njaluk wejangan. Iki mau amarga para pretapa dianggep duwé kawicaksanan urip kang luwih dhuwur. Ciri mligi para pretapa iku mau ya iku urip wadhat lan mlarat. Wadhat iku amarga ora duwé bojo, lan mlarat amarga wis ninggal kabèh barang kadonyan.

St Fransiskus Asisi, salah siji pandégané ordho

Urip ing biara[besut | besut sumber]

Kanthi lumakuning jaman, saiki urip miturut kaul katulik ora dilakoni kanthi nyepi menyang biara manèh. Saiki para religius urip bareng ing papan kang diarani biara. Mulané wong-wong iku mau uga diarani biarawan-biarawati. Cacahé golongan kang urip bareng minangka biarawan uga samsaya akèh. Golongan iki mau diarani ordho religius. Wong kang urip minangka biarawan tetep nyekel kaul kang wis diwiwiti para pretapa, ya iku urip wadhat lan mlarat. Rong kaul iku mau banjur ditambahi kaul siji manèh ya iku kaul tangat. Kabèh biarawan/biarawati kudu gelem tunduk lan tangat karo aturan sajeroning ordoné.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Tentang Kaul dan Nazar". Dijupuk 7 September 2016. 
  2. "Novisiat". Provindo. Dijupuk 7 September 2016.