Jawaré

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Jawaré atawa Jawaréh ya iku sebutan kanggo masarakat kang bisa nganggo dwibahasa Sunda lan Jawa kang ana ning wewengkon Cirebon. Jawaré tegesé Jawa sawaréh atawa Jawa separo. Tembung sebutan jawaré iki muncul amarga ning wewengkon Cerbon iki ana rong tlatah kabudayan ya iku Sunda lan Jawa..

Idéntitas budaya[besut | besut sumber]

Ayatrohaédi ngupai kawruh ari ning wewengkon Cirebon iku ana rong kabudayan kang urip ya iku budaya Sunda lan Jawa. Sotén ning Cirebon rong kabudayan kuen ketemu langsung lan dadi wates kabudayan mau. Nanging sebeneré wates rong kabudayan kuen gan ana ongkoh ning wewengkon Cilacap, Brebes, lan Ciamis-Pangandaran. Nanging sebutan Jawaré wis keceluk lan dadi ciri khas Cirebon. Budaya-budaya mau ditengeri karo anaé basa lokal kang dienggo sadina-dina ning masarakat. Idéntitas atawa ciri khas jawaré kien sokan dienggo gentenan karo masarakat, kegantung karo situasi kondisi.

Sejarahé ana jawaré amarga bengién Cirebon iku ana ning wewengkon kraton Sunda Pajajaran lan ana masarakat Sunda ning kana. Nalika jaman Islam, Cirebon dadi wewengkon pusat syiar Islam karo walisanga lan diadegnang karaton kraton Islam kang duwé corak budaya Jawa. Toli ning jaman Welanda keding, Cirebon didadinang aran residen kang ngeliputi Indramayu, Kuningan, Majaléngka lan Cirebon. Nganti sekien, Cirebon kang dadi pérangan provinsi Jawa Kulon, budaya Sunda lan Jawa Cirebonan (Cerbonan) masi urip lan ngembang sesandingan. Ana keding jawaré iki ditegesi ari Cirebon iku ana Sundaé lan ana Jawaé, dadi ning Cirebon duwé ciri khas budaya amarga ana prabawa ning rong budaya iku.

Sosial budaya Jawa-Sunda Cirebon[besut | besut sumber]

Wewengkon masarakat Sunda lan Cerbonan ning Cirebon sebeneré duwé wewengkon dewek-dewek. Ning Majalengka lan Kuningan rata-rata Sunda, ning Indramayu rata-rata Jawa, lan ning Cirebon separo ana Jawa, separoé maning Sunda. Nanging kraton-kraton Cerbon sing ana ning kutha gawé ngukuhi ari Cirebon katon budaya Cerbonané. Jaman sekien adat budaya Sunda lan Cerbonan ning Cirebon wis ana saling prabawa. Kayadéné adat kawinan, jogèd-jogèd tradhisional, sastra, lan basa. Sanajan sebeneré budaya Cerbonan lan Sunda ning Cerbon iku duwé adat budaya déwék-déwék.

Jawaré ning basa[besut | besut sumber]

Ning Cirebon, basa Sunda lan Cerbonan padha-padha dilestariaken ning pemréntah provinsi lan daérah. Wujud pelestariané kuen liwat pewulangan mulok (momotan lokal) basa daérah ning SD, SMP, lan SMA sewewengkon Cirebon. Amarga ana rong mulok basa daérah, bocah-bocah ning Cerbon padha ngerti ning basa Sunda lan Cerbonan. Sebab iku, mulok iki dadi salah siji faktor anaé fénoména jawaré. Ning kondisi komunikasi sadina-dina, basa Jawaré iki dienggo biasaé ning pasar-pasar tradhisional. Masarakat Jawa Cerbonan lan Sunda bisa nganggo basa déwék-déwék kanggo tuku lan nganyang rega barang.

Tegesé tembung-tembung[besut | besut sumber]

Cara Jawa Cerbonan Cara Indonésia
ngupai memberi
gan juga
toli juga, lalu
ongkoh juga
keding juga
sekien sekarang

Rujukan[besut | besut sumber]

  • "REVITALISASI POTENSI LINGKUNGAN-EKONOMI-SOSIAL BUDAYA DALAM MEWUJUDKAN "SUSTAINABLE WATER FRONT CITY" DI KOTA CIREBON 1)". Workshop dan Aksi Pembangunan Ékonomi Kota Cirebon Berwawasan Lingkungan. 7 August 2011. Retrieved 12 July 2016.
  • Abdurrachman, dkk. 1985. Struktur Bahasa Sunda Dialek Cirebon. Jakarta: Depdikbud.
  • Ayatrohaedi. 1985. Bahasa Sunda di Daerah Cirebon. Jakarta: Balai Pustaka.