Jamasan Gong Kyai Pradah
Jamasan Gong Kyai Pradah yaiku Siraman Gong Kyai Pradah wonten ing Lodoyo, Kecamatan Sutojayan, Kabupaten Blitar minangka salah satunggaling asèt budaya ingkang wonten ing Kabupaten Blitar. Budaya menika sampun dipuntindakaken turun-temurun wiwit jaman nenek moyang. Tradhisi menika ingkang nyengkuyung boten namung warga saking Kabupaten Blitar ananging kathah ingkang saking njawi Kabupaten Blitar. Sedaya masarakat berbondong-bondong tumut prosesi siraman kanthi rasa bungah sanadyan anggènipun nglampahi prosesi menika masarakat asring jejel-riyel kapengin mengretosi langsung gong ingkang badhé dipunjamasi. Gong menika dipunarak nganthi dumugi papan kanggé jamasan Gong Kyai Pradah.
Ancas
[besut | besut sumber]Bupati Blitar, H.Rijianto ingkang dipundampingi Wakil Bupati Blitar, Marhènis ingkang mimpin langsung adicara adat menika ugi ngandharaken, manawi ancas saking kageatan menika antawisipun; nglestantunaken budaya bangsa dumados warisan luhur supados generasi penerus negara taksih mangretosi asèt budayanipun. Utawi saged dipunsebut nguri-uri budaya bangsa. Tradhisi jamasan gong Kyai Pradah menika saged dados barakah kanggé masarakat pundi kemawon ingkang ngalap barakah, ingkang ancasipun pados rejeki ngupakaya sadéan wonten ing lokasi jamasan gong Kyai Pradah. Pramila menika, jamasan gong Kyai Pradah dados asèt wisata ingkang dipungadhahi dening Kabupaten Blitar ingkang kedah dipun-promosikaken saéngga saged narik kawigatosanipun wisatawan kususipun wisatawan saking mancanegara.
Wonten ing kesempatan menika, Bupati Blitar , Drs. H. Rijianto, MM ugi ngandharaken manawi normalisasi kali Bogel sampun dipunmilai. Sedaya pamerintah ngajap manawi upaya saking Pamerintah Kabupaten Blitar saha BBWS Jawa Timur menika saged ngurangi banjir ingkang tiap taun nglanda daérah Lodoyo menika, supados ing tiap taun saged nglampahi Jamasan Gong Kyai Pradah kanthi lancar.
Adicara
[besut | besut sumber]Agéndha upacara adat Jamasan Gong Kyai Pradah menika rutin dipunwontenaken ing sasi Maulud ingkang katindakaken sareng kalihan 12 Rabiul Awal utawi Dinten Maulid Nabi Muhammad SAW. Sejarah saking wontenipun jamasan gong Kyai Pradah menika Kyai Pradah dipundamel kalihan Sunan Rawu, kembaranipun Kyai Bécak, pusaka R.M Said utawi Pangéran Mangkunegara I. Wonten ugi ingkang ngandharaken manawi Kyai Pradah menika wiwitanipun saking Adipati Terung, kembarang saking tongkat sekti Tikus Jinodo ingkang dipunparingi asma Kyai Macan ingkang dipunbeta Kyai Pengging dados kembaranipun Bendhé Udan Arum. Kyai Macan menika lajeng dipunampil déning Sunan Kudus ingkang dipundadosaken tetenger kanggé pasukan Demak nalika perang kalihan Majapahit. Mèngeti wiwitan gong kalawau dumugi sapriki dèrèng dipunprangguli sumber data ingkang pas, namung cikal bakal daérah Lodoyo saha tuturan saking masarakat ingkang saged dipungambaraken kados makaten: Wonten ingkang ngandharaken Kyai Pradah menika dipundamel dening sunan Rawu, Kembaran Kyai Bécak, pusaka R.M Said utawi Pangéran Mangkunegara I, lajeng Kyai Macan menika dipunampil dèning Sunan Kudus kanggé tetenger pasukan Demak manawi badhé nyerang Kerajaan Majapahit.
Sejarah
[besut | besut sumber]Bupati Blitar saha Asisten Kediri ing taun 1927 madosi sejarah Kyai Pradah lajeng mrangguli informasi kadosta makaten: Sabanjuripun prajurit Demak badhé gempur Kerajaan Majapahit,Sunan Kudus ndhèrèkaken saking wingking sinambi beta bendhé Kyai Macan. Miturut cariyos, prajurit demak cacahipun sekedhik saking prajurit Majapahit, prajurit Demak ngatur siasat kanthi mencar. Wonten ing jaman menika wilayah Majapahit taksih arupi wana, saéngga manawi Kyai Macan menika dipuntabuh, swantenipun ingkang arupi Macan mantul ing sedaya penjuru wana. Kepireng swanten kados menika, prajurit Majapahit nginten manawi prajurit Demak menika bekta pasukan siluman macan. Kathah ing saperangan menika ajrih banjur nilaraken pos ingkang dipunjagi.[1]
Pramila menika saged gampilaken prajurit Demak mlebet ing kota Majapahit. Sasampunipun kerajaan Majapahit lengsèr, mujudaken Kerajaan enggal Kerajaan demak. Kyai Macan lajeng dipundadosaken pusaka dipundadosaken satunggal kalihan gamelan Sahadatain. Awit menika, Kyai Macan pindhah-pindhah dados pusaka ing Pajang saha Kartasura. Miturut cariyosipun, Sunan Paku Buwono I gadhah putra saking garwa ampéyan ingkang asma Pangeran Prabu. Saderengipun garwa padminipun gadhahi putra, Pangeran Prabu dipunjanjeni badhe dipunangkat dados raja gentosi ramanipun. Ananging, garwanipun padmi miyosaken putra.
Supados boten dadosaken perang nunggal saudara, Pangeran prabu dipunutus tindhak menyang wana Lodoyo kanggé babad saha damel Kerajaan. Wekdal menika, wana Lodoyo dikenal wingit, amerga menika Pangeran Prabu dipunsukani Gong Kyai Macan dados tumbal.
Mitos
[besut | besut sumber]Mitosipun manawi gong menika boten dipunjamasi bakal wonten kadadéan ingkang boten dipunkersakaken kalihan masarakat Lodoyo, mila Gong Kyai Pradah dipunjamasi manawi wekdalipun sampun katuran jamasi. Amargi miturut cariyos saking para warga, naté boten dipun jamasi, para warga mangretos wonten macan ingkang nglilingi papan kanggé jamasi Gong kyai Pradah.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Faishol, Anas (2018-11-22). "Tradisi Siraman Gong Kyai Pradah, Promosi Wisata Aset Budaya Bangsa". Diarsip saka sing asli ing 2019-10-27.
- ↑ Riady, Erliana (2016-12-13). "Siraman Gong Kyai Pradah di Blitar Dipadati Ribuan Pengunjung".