Menyang kontèn

Jabar Juwès

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jabar Juwés menika salah satunggaling kagunan kang ngrembaka ing Dhusun Tengahan, Dèsa Sendangagung, Kabupatèn Sléman, Daerah Istimèwa Ngayogyakarta. Kagunan menika medal ing taun 1962. Kagunan menika ngangkat cariyos Menak.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Kagunan Jabar Juwès utawi jeberjuwes menika medal ing taun 1962. Nami kagunan menika nalika medal kapisan jabur. Kagunan menika medala amargi masyarakat sampun jeleh kaliyan Ringgit Tiyang, Kethoprak, lan Ringgit Golek.[1]

Nalika semanten, kelompok kagunan menika gadhahi penggalih menawi damel kagunan enggal. Bapak Darmo Suwito lan Bapak Harjo Suprapto (dhukuh ing Dhusun Tengahan) menika banjur gabungaken Ringgit Tiyang, Kethoprak, lan Ringgit Golek dados kagunan enggal kang naminipun Jabur kanthi tokoh dagelan Jeber lan Juwès. Amargi masyarakat remen kaliyan kagunan menika, kagunan Jabur menika digantos naminipun dados Jabar Juwès kang dicuplik saking kalih tokoh menika.[2]

Dumugi sakmenika, kagunan Jabar Juwès tasih wonten ing Tengahan. Namung wonten setunggal grup Jabar Juwès menika. Kagunan Jabur kanthi nami grup "Jeber Jues" kang didamel tanggal 4 Januari 1980 ing Dhusun Tengahan, Dèsa Sendangagung, Kabupatèn Sléman, Daerah Istimèwa Ngayogyakarta. Sanggar Seni "Jeber Jues" menika sampun kadaptar ing Kundha Kabudayan lan Wisata Kabupatèn Sléman tanggal 29 Desember 2016 kanthi angka 626/BUDPAR/2016.[3]

Cariyos

[besut | besut sumber]

Kagunan Jabar Juwès menika ngangkat cariyos menak kang dipagelaraken. Cariyos menak menika sae kang digelar ing Ringgit Golek Menak, Ringgit Kulit Menak, Ringgit Tiyang Menak, utawi Jogèd Golek Menak kang sumberipun saking Serat Menak.[4] Serat Menak menika sumberipun saking Kitab Qissa Emir Hamza inggih menika kasusastran Parsi nalika Sultan Harun Al Rasyid jumeneng nata ing taun 766-809 Masehi.

Ing tlatah Melayu, kasusatran menika naminipun Hikayat Amir Hamzah. Miturut hikayat kasebat banjur digabung kaliyan Panji ing basa Jawi saengga dados Serat Menak. Ing Cariyos menak menika asma Arab menika dados Jawi, kados déné Omar bin Omayya dados Umarmaya, Baidul Zaman dados Iman Suwangsa, Unekir dados Dewi Adaninggar, Amir Hamzah dado Amir Ambyah, lan sak panunggalanipun. Serat Menak kang wonten dumugi menika inggih menika Serat Menak kang diripta dening Raden Ngabehi Yasadipura I lan Raden Ngabehi Yasadipura II (Radeng Ranggawarsita) pujangga saking Kraton Kasunanan Surakarta. Serat Menak menika nyariosaken bab Amir Ambyah utawi Wong Agung Jayengrana saking Mekah lan Prabu Nursiwan saking Medayin.[5]

Cariyos Menak menika kasusastran Jawi kang wonten Islam bab satria Amir Ambyah kang digubah saking kasusatran Melayu Hikayat Amir Hamzah. Cariyos Menak ing Indonesia, kususipun ing Jawi menika diripta dening Raden Ngabehi Yasadipura I saking Kraton Kasunanan Surakarta kang dhasaripun saking Serat Menak kang diripta dening Ki Carik Narawita kang caket kaliyan Hikayat Amir Hamzah. Cariyos menak menika sanadyan sampun digubah dening Raden Ngabehi Yasadipura I lan Yasadipura II nanging tasih mbetahaken pikiran supados saget selaras kaliyan kagunan kaliyan Jabar Juwès nalika dipagelaraken. Semanten ugi Jabar Juwès nalika magaleraken cariyos menak menika dicocokaken kaliyan budaya masyarakatipun. Lakon-lakon kang dipagelaraken ing Jabar Juwès inggih menika:

  • Gangga Mina Gangga Pati
  • Tali Rasa Rasa Tali
  • Bedhahe Kelan
  • Umar Amir Nagih Janji
  • Bedhahe Selan
  • Gambar Mas
  • Adaninggar Kelaswara
  • Ulamdahur Tundhung
  • Rabine Iman Suwangsa
  • Tejanegara Winusuda
  • lan sakpanunggalanipun.

Jabar Juwès menika mbetahaken pemain lan sakliyanipun kangge ndukung pagelaran paling sekedhik 35 tiyang. Para pemain kasebat dados:

  1. Pemain. Pemain menika cacahipun 20 tiyang miturut lakon kang dibeta. Pemain menika saget tambah menawi lakonipun mbetahaken pemian kathah.[6]
  2. Pengrawit. Pengrawit menika ngiringi pagelaran kanthi nabuh gamelan. Cacahipun pengrawit 15 tiyang.
  3. Dhalang. Dhalang menika ngatur lakon nalika pagelaran.
  4. Warangga. Waranggana utawi sindhen menika nembang nalika Jabar Juwès digelar.

Iringan

[besut | besut sumber]

Nalika wiwitan dumugi taun 1980, Jabar Juwès menika migunakaken iringan gamelan laras slèndro. Nanging sakmenika iringanipun migunkaken laras slèndro lan pèlog.[7] Menika supados kathah jinisipun lan nututi jaman. Laras pelog digunakaken nalika acara guyonan kang arupa lelagon. Gamelan menika kadamel saking wesi lan kuningan. Gamelan menika wonten saron, saron penerus (peking), demung, bonang penerus, bonang barung, kempul, kendhang, keprak, lan kecrèk.[8] Nanging, kadangkala gamelan menika namung migunakaken gamelan slendro mawon.

Gendhing kang digunakaken nalika Jabar Juwès inggih menika:

  • Ladrang Kabor Pelog Nem nalika babagan gagahan
  • Lancaran Mayar sewu kagem budhalan prajurit
  • Playon gambuh lan gangsaran kagem perang
  • Ladran Yao-Yao kagem jejeran
  • Sampak nalika perang lakon
  • Bubaran kagem penutup.

Urutan Pagelaran

[besut | besut sumber]

Jabar Juwès menika migunakaken cariyos ringgit lakon menak. Obah menika niruaken saking ringgit golek.[9] Pagelaran menika diwiwiti migunakaken gendhing pambuka supados masyarakat menika mangertos menawi ajeng wonten Jabar Juwès. Pagelaran menika saget dipecah dados kalih pérangan:

  • Pérangan Sepindhah menika nalika tokoh utama migunakaken jogèd kados dene ringgit golèk.
  • Perangan Kapindho menika dados inti acara nalika kawiwitan babagan pisanan dumugi pungkasan. Jabar Juwès menika mlampah setunggal dalu kang kapérang dados sekawan babag.

Babagan kang wonten ing pagelaran menika antawisipun:

  1. Babagan jejer utawi pasewakan agung. Menika wonten ing kraton utawi papan semedi gumantung miturut lakonipun.
  2. Babagan gandrungan nalika jaler lan setri menika katresnan.
  3. Babagan dagelan nalika kathah lucu lan gumbira.
  4. Babagan peperangan nalika Kraton menika wonten perang kaliyan kraton liyanipun.
  5. Babagan panutup nalika cariyos menika sampun pungkasan.[10]

Purwakaning cariyos menika dilakukaken dening dhalang. Nalika rumiyin jabar juwès menika saget 6-8 jam, nanging sakmenika miturut kabetahan.

Jogetan

[besut | besut sumber]

Jogedan kang digunakaken ing Jabar Juwès menika kacuplik saking cariyos menak. Obahing jejogetan menika wonten ulap-ulap, sembahan, kicat, trisik, jogetan, sabetan, jeblos, gapruk, lan sakpanunggalanipun. Jogetan menika kados ringgit tiyang kanthi bentuk tangan ngruji.[11]

Antawecana

[besut | besut sumber]

Antawecana ing jabar juwès menika dados sarana kagem pawiyatan tumrap para penonton. Antawecana menika migunakaken basa Jawi Ngayogyakarta, sae menika Jawi Ngoko, Krama, utawi Krama Madya. Antawecana menika kados dene kang wonten ing kethoprak. Antawecana kang digunaken ing babagan gandrung kethoprak menika uga digunaken ing jabar juwès. Uga wonten antawecana kang dilakokaken dening dhalang arupa suluk, ada-ada, lan janturan. Nalika dagelan menika diwontenaken kaliyan antawecana Jabar lan Juwès migunakaken basa Jawa lan dipun selingi basa Indonesia uga basa manca saenngga lucu.

Tata Busana dan Dandanan

[besut | besut sumber]

Tata busana lan dandanan menika penting ing pagelaran. Tata busana lan dandanan menika saget nambah kiyat lakon cerita dados ala utawi becik. Semanten ugi ing jabar juwès. Ing jabar juwès menika wonten kalih jinis dandanan:

  1. Dandanan kagem jaler supados gagah, decul, lan alus
  2. Dadanan kagem setri supados nambah ayu.

Dandanan ing jabar juwès menika kados dene kang wonten ing kethoprak, ringgit golek, lan ringgit tiyang. Sampur ing jabar juwès menika digunakaken nalika obah joget kados: wiwir, jimpit, cathok, seblak, lan mande udet. Piranti sakliyanipun inggih menika keris, panah, tumbak, pedang, lan tameng. Piranti kagem lakon inggih menika jatayu, barongan, lan sakpanunggalipun.[12]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Jabar Juwes". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman. 2022-02-11. Dibukak ing 2023-02-26.[pranala mati permanèn]
  2. "Jabar Juwes (1)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Dibukak ing 2023-02-26.
  3. "Jabar Juwes". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman. 2022-02-11. Dibukak ing 2023-02-26.[pranala mati permanèn]
  4. "Jabar Juwes (1)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Dibukak ing 2023-02-26.
  5. "Jabar Juwes (1)". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-26. Dibukak ing 2023-02-26.
  6. "Jeber Juwes Sebagai Warisan Budaya Tak Benda". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman. 2022-03-07. Dibukak ing 2023-02-26.[pranala mati permanèn]
  7. "Jeber Juwes Sebagai Warisan Budaya Tak Benda". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman. 2022-03-07. Dibukak ing 2023-02-26.[pranala mati permanèn]
  8. "Jabar Juwes". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-26. Dibukak ing 2023-02-26.
  9. "Jabar Juwes". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Kabupaten Sleman. 2022-02-11. Dibukak ing 2023-02-26.[pranala mati permanèn]
  10. "Jabar Juwes". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-26. Dibukak ing 2023-02-26.
  11. "Jabar Juwes". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-26. Dibukak ing 2023-02-26.
  12. "Jabar Juwes". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-26. Dibukak ing 2023-02-26.