Hifni Djafar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hifni Djafar (lair ing Ende, 26 Maret 1983) ya iku salah sawijining wong Pulau Ende, Nusa Tenggara Timur. Hifni Djafar iku sukalila kang gawe taman bacaan saka bilik pring, saiki usiane wis 35 tahun, manggon ing bilik pring kang luase 4x6 meter, sing fungsine kanggo omah lan perpustakaan.[1] Wis setaun suwene umah kang ditunggoni kuwi kanggo taman bacaan masyarakat kang dikelolane. Separo panggonan kuwi digunakake kanggo ngajar bocah-bocah sakupenge ing Dusun Kemo, Desa Rondoraterua, Kecamatan Pulau Ende, Kabupaten Ende.

Prestasi[besut | besut sumber]

Hifni Djafar minangka ngrancang impen saka Bilik Pring. Ing Dusun Kemo, Desa Rondoraterua, Kecamatan Pulau Ende, Kabupaten Ende, tanpa ana fasilitas publik kang bisa ningkatake minat baca bocah-bocah. Bisa nggawa kurang luwih 7 bocah olih bantuan beasiswa nusantara kanggo nglanjutake kuliah ing Universitas Tekonolgi Sumbawa, Nusa Tenggara Barat

Kauripan[besut | besut sumber]

Hifni Djafar ya iku priya kang usiane 35 taun sing ngadhekake taman bacaan tanpa ana fasilitas publik. Duwe garwa asmane Rukia Belang, lan nduweni putri siji ya iku Hamas Fursanun Robbani. Hifni Djafar lulusan saka Universitas Flores jurusan Pendidikan Ekonomi ing taun 2013, banjur dheweke katrima ngajar dadi guru honorer ing SMA Negeri Pulau Ende. Ing omahe sing semipermanen iku dheweke gawe taman bacaan. Separo digunakake kanggo omah lan separo digunakake kanggo taman bacaan. Ing Pulau Ende iki akeh sekolahan sing ora nduweni perpustakaan, alesan iku sing gawe manggahi taman bacaan masyarakat kang dikelolane. Wiwite taman bacaan iku diceblokake tahun 2011 dening Mahasiswa Universitas Indonesia kang nglakoni program Kuliah Kerja nyata kang dijenengi Rumah Kreatif Sahabat Nusantara.

Awale Hifni Djafar kangelan nggoleki sukalila, nangingdheweke tetep ngyakinke para sukalila supaya gelem melu nanging ora digaji. bareng-bareng karo sukalila liyane lan nganggo biaya saka kanthonge dhewek, dheweke kabèh ngadhekake maneh taman bacaan kang ora layak iku. Ing taman bacaan iki saiki wis ana kurang luwihe 1.600 buku. buku -buku iki oleh saka donasi komunitas lan perpustakaan daerah sepanggon. Ana maneka werna kegiatan kang dilakokake ing taman bacaan kuwi, kaya déné nggambar, nembang, marnani, kanggo bocah TK lan SD, kegiatan kuwi dilkokake aben dina kamis. sewetara kegiatan kanggo bocah-bocah SMP utawa SMA iku dhiskusi babagan soal soal materi tumuju ujian nasional. Kadang dheweku uga ngjarake kegiatan perpustakaan alam bebas, kaya déné ngajarake ngengingi kegiatan nelayan, Hifni ngajak bocah-bocah lunga menyang pantai lan langsung ndhelok kegiatan nelayan ing kana.

Hifni an para sukalila liyane uga ngrembakake gerakan literasi menyang masyaraka kang luwih amba. Dheweke sak kanca uga nggeawe program perpustakaan terapung, dheweke keliling lan nggawa buku kanggo masyarakat kang adoh saka taman bacaan. Ngengingi ketulusan, bapak anak siji iki ngorbanake waktu, tenaga lan biaya kang ora secuil, sanajan dhewekw mung guru honorer nanging saben wulan mesthi nyisihake selawe persen kanggo taman bacaan kang dikelolane iku. Enggal kabèh wektu kang diduweni digunakake kanggo nglayani wong liya. Saka esuk sak durunge mangkat ngajar dheweke ngrewangi garwane ngurus pegawean omah, sakbubare ngajar istirahat kira sepuluh menit, banjur tata-tata ngajar ngaji bocah-bocah ing sakubenge umahe. Tekan wengi dheweke isih keliling masjid kanggo ngajar ngajibocah-bocah remaja, ing sela wektu iku hifni tetep nyempatake ngajar nulis, nggambar lan ndongeng kanggo bocah-bocah kang ana ing taman bacaan.

Saka bocah-bocah sing dibinane,wis ana kurang luwih 7 bocah sing olih bantuan beasiswa nusantara kanggo nglanjutake kuliah ing Universitas Tekonolgi Sumbawa, Nusa Tenggara Barat. Tahun iki ana 14 bocah kang arep dirujuk kanggo ngolihake beasiswa sing pada. Hifni dhewek sing nggolekake informasi ing internet.

Perjalanan mbangkitake semangat literasi ing desane ora mung katindhakake kanthi alus mulus. Ing taun 2017 umah camat kang dinggo kanggo taman bacaan dijaluk meneh saka pemerintah.Merga ora ana tempat maneh Hifni uga nggunakake umah sing dipanggoni kanggo taman bacaan sing anyar. Ruangan sing sadurunge kanggo ruang tamu, diobah maneh dadi taman bacaan cilik, sapa wae olih teka nyilih buku, kabeg kegiatan sinauuga dilakokake ing ruangan cilik iku. Omah saka bilik bambu iku dilapisi karo triplek ing temboke supaya nalika udan banyune ora lumebu njero. Dheweke uga ngrencanakake kanggo nambal tembok kang pada bolong. Hifni uga nduwe impen-impen saka dhuwit sing dikumpulake iku bisa kanggo tuku bak motor kanggo nggawa buku nalika njalanake program perpustakaan keliling. Hifni yakin, kabèh pepalang kang nalika iki diadhepi mesthi bakal dadi apik ing dina mbesuk. Dheweke yakin bocah-bocah kang dibinane bakal dadi generasi sukses ing masa kang mbesuk dilakoni lan bisa dadi dumber daya manusia kang unggul ing erane.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. kompas.id (2018-09-18). "Hifni Djafar Merancang Masa Depan dari Bilik Bambu". Kompas.Id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2019-04-24. Dibukak ing 2019-04-24.