Grojogan Singakrama
Grojogan Singakrama yaiku grojogan kang mapan ing Désa Ngliman, Kacamatan Sawahan, Kabupatèn Nganjuk. Grojogan iki duwèni kadhuwuran nganti 25 mèter, mapané Grojogan Singakrama uga ora adoh saka mapané grojogan paling kuncara sa-Nganjuk yaiku Grojogan Seduda.[1] Dalan tumuju ing papan wisata iki manggon ana ing protelon kang dalané munggah 500 mèteran saka lokèt Grojogan Seduda.[2] Grojogan iki katindakaké déning Perum Perhutani KPH Kadhiri lan LMDH Jaya Makmur Désa Ngliman.[3]
Grojogan iki salah sawijining grojogan saka jèjèr-jèjèring grojogan kang acacah 10 ing pucuking Gunung Wilis. Singakrama lan Seduda iku minangka grojogan kang isih bisa cinandhak déning masarakat, lamun 8 grojogan liyané isih angèl dalan tumujuné, kayata, Grojogan Segunting, Grojogan Banyuselawé, Grojogan Banyuiber, Grojogan Cagak, Grojogan Selanjur, Grojogan Jeruk, Grojogan Banyupait, dan Grojogan Camara Kandhang.[4]
Grojogan iki duwèni hawa kang isih alami kanthi wit-witan gedhé kang ana ing saubengé, débit banyuné uga lumayan gedhé,[5] lan sakiwa-tengené dalan tumuju ing grojogan iki pinaès kanthi kembang-kembang mawar. Ora adoh saka kono, ana 100 mèteran uga mapan sawijining sendhang yaiku Sendhang Putri Wilis kang isih saaréa papan wisata lan sendhang iku manggoné sadhuwuré saka grojogan.[6][7]
Legéndha
[besut | besut sumber]Singa
[besut | besut sumber]Legéndha kang paling prasaja ing grojogan iki saka masarakat saubengé wisata nyaritakaké manawa ing jaman biyèn naté ana singa utawa macan kang arep kawin ing sacedhaké grojogan iku utawa grojogan iku dumadi minangka papan nglumpuké singa utawa macan kang arep kawin, mula kajenengaké Singakrama, singa iku singa utawa macan, déné krama iku kawin.[8][4] Déné ing sumber liya ana kang ngandhakaké manawa grojogan iki minangka sawijining papan kang dianggo tapa sawijining singa.[9]
Karajan Kadhiri
[besut | besut sumber]Déné legéndha kang kapindo nyaritakaké legéndha kang ana sesambungané karo Grojogan Seduda lan Grojogan Rara Kuning. Crita iki uga sapakèt karo legéndha Grojogan Seduda, ngèlingi manawa Grojogan Seduda mapané pancèn ora adoh saka mapaning Grojogan Singakrama.
Nalika jumenengé Karajan Kadhiri, nalika iku ana sawijining raja kang duwèni sawijining putri kang tiba lara. Laraning putri iku lara cangkrang, larané nganti bisa njalari rasa nggilani manawa dideleng saka cedhak. Banjur Sang Raja mikir kepiyé carané anggoné nambani putriné iku. Nuli dhèwèké ngutus putriné kanggo ngumbara menyang sawijining tlatah kanggo sowan ing papan manggoné salah sawijining kancané. Kancané iku mapan ing tlatah Pacé, manawa saiki wus mlebu ing Kabupatèn Nganjuk. Kancané iku salah sawijining ahli pangobatan utawa tabib kang uga duwèni padhépokan.
Tumeka ing padhépokan iku, banjur Sang Putri kautus déning Sang Tabib kanggo lunga menyang salah sawijining grojogan kang mapané ora adoh saka ndalemé iku. Grojogan iku anama Grojogan Rara Kuning, sawusé didhawuhi, Sang Putri mangkat lunga menyang Grojogan Rara Kuning lan adus ing kono. Ora suwé Sang Putri pungkasan bisa ngrasakaké manpangat saka adus ing grojogan iku, lelarané saya suwé saya suda, lan pungkasan dhèwèké bisa mari.
Warasing Sang Putri agawé kahanan ragané bisa bali kaya biasané lan ayuné Sang Putri uga bisa katon manèh. Ngertèni kahanan iku, dumadakan para putraning Sang Tabib padha duwèni karep kanggo ngoyak atiné Sang Putri. Nanging apa kang kedadèn, ora nyana Sang Raja jebulé njodhokaké Sang Putri kalawan sawijining raja kang uga saka tlatah Kadhiri.
Ngertèni iku, para putraning Sang Tabib padha gela lan lara atine. Sasèn anggoné lara ati lan agawé bocah-bocah iku ngurung awaké dhéwé-dhéwé ing kamar. Nalika wus metu saka kamar, bocah-bocah iku wus ra duwèni bebudèn kang becik kaya biyèn, banjur loro karoné lunga ngumbara menyang alas ing Gunung Wilis lan atapa ing grojogan. Kangmasé lunga ing grojogan kang paling dhuwur lan banjur urip ora mbojo utawa nduda. Grojogan iku sawuse diarani minangka Grojogan Seduda. Déné adhiné tapa ing sawijining grojogan ing ngisor grojogan kang dianggo tapa kangmasé, lan banjur bocah iku padha waé karo kangmasé kang nglakoni urip tanpa garwa. Banjur grojogan iku diarani kanthi jeneng Singakrama utawa saka ukara ''sing ora krama'' (sing ora rabi utawa mbojo).[10]
Karajan Majapait
[besut | besut sumber]Miturut salah sawijining wong sacedhaké grojogan iki kang paring asma Mbah Tulus naté ngandika manawa grojogan iki uga nyimpen sajarah ing jaman Majapait. Grojogan iki sinebut naté dianggo nyimpen gamaning Patih Gajah Mada supaya ora direbut déning para mungsuh-mungsuhé, mituruté nganti tumeka saiki gaman pusaka iku isih sumimpen ing waliking grojogan. Ing buri grojogan iku ana guwa-guwa, carané tumeka rono kudu nglangi lan nyilem pirang-pirang mèter saka titik tibané banyu grojogan banjur lunga menjero.[9]
Mitos
[besut | besut sumber]Mitos kang ngrembaka ing saubengé grojogan iki yaiku manawa grojogan iki bisa nggawa manpangat lumantar banyuné kang bisa dadi tamba lara utawa nggawa berkah liyané. Miturut warga kono sapa wongé kang durung duwèni pasangan bisa adus ing grojogan iku, supaya bisa cepet makolèh jodho. Samana uga, manawa durung duwèni momongan bisa adus uga ing kono. Ora perlu ritual khusus, amung adus wae.[8] Ana uga kang ngalap berkah kanthi ora adus, nanging amung njupuk banyu ing grojogan nalika ing malem padhang mbulan kang bisa kanggo tamba lelara.[4]
Tradhisi
[besut | besut sumber]Ana sawijining tradhisi kang biasa kalampahaké ing papan wisata iki tepaké ing sasi Sura tanggal 15 yaiku akèh wong-wong kang nglakoni adus ritual kanthi pangajab mekolèh berkahing banyu grojogan. Tradhisi iki bebarengan wayahé kaya tradhisi Siraman kang ana ing Grojogan Seduda nanging suasanané ora pati gedhé banget kaya kang ana ing Grojogan Seduda.[11]
Bumi pakémahan
[besut | besut sumber]Bumi pakémahan utawa camping ground iki minangka sarana jejangkepan papan wisata Grojogan Singakrama kang kalebu kang paling anyar lan apik ing saubengé Grojogan Singakrama. Bumi pakémahan iki jaraké amung ana 50 mèter saka Grojogan Singakrama, sacedhaké uga ana sawijining kafé anama Kafé Kalenan. Hawa wayah awan ing papan kang ana ing kadhuwuran 1.438 mèter saka lumahing sagara iki lumayan kepénak, yaiku ana ing suhu kira-kira 27° C. Ana telung titik papan kang bisa dipigunakaké kanggo kémah yaiku ing Ganter Eco Park, SMADA Life Lab, lan ing bumi pakémahan kang ditindakaké déning Lembaga Masyarakat Desa Hutan (LMDH). Ana pirang-pirang sarana uga kang sumadya ing bumi pakémahan iki, antarané kayata, langgar, kakus, warung, lan panggung cilik.[12]
Wayah operasional lan rega karcis
[besut | besut sumber]Wayah operasional papan wisata iki bukak awit tabuh 08.00 tumeka tabuh 16.00[13], karcis mlebuné Rp. 6000,- saben wong déné karcis parkiré Rp.5000,-.[14]
Sarana
[besut | besut sumber]Ana pirang-pirang sarana kang bisa dipigunakaké ing papan wisata iki kayata, warung, kakus, galèri poto, papan parkir, lan langgar.[15][16]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Selingkar, Redaksi (2023-08-01). "Ngehits, Pesona Air Terjun Singokromo di Lereng Wilis Tak Pernah Pudar". Selingkar Wilis. Dibukak ing 2023-10-11.
- ↑ "Tempat Wisata Air Terjun di Nganjuk yang Indah dan Keren". Inspirasi Jatim. 2018-03-07. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "Air Terjun Singokromo, Salah Satu Wisata Rintisan di Kabupaten Nganjuk". Harian Forum. 2018-10-16. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ a b c Maning, Mentas (2017-09-19). "Air Terjun Singokromo". Gurusiana.
- ↑ Maheswara, Mahesa (2023-08-06). "7 Air Terjun di Nganjuk, Pesona Tersembunyi di Lereng Gunung Wilis". Hallo Lifestyle. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "5 Wisata di Nganjuk yang Tak Kalah Menarik dari Air Terjun Sedudo". Kumparan Travel. 2018-11-15. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Hero, Nanda (2019-02-02). "Sendang Putri Wilis dan Air Terjun Singokromo di Nganjuk". Nanda Hero. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ a b Ginanjar, Dhimas (2023-02-11). "Berburu Keindahan dan Mitos Air Terjun Singokromo, Nganjuk". Jawa Pos. Dibukak ing 2023-10-11.
- ↑ a b Sanusi, Umar (2022-09-04). "Nikmati Indahnya Air Terjun Singokromo di Nganjuk, Eksotis dan Penuh Misteri". TV One News. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Andiana, Ellen Marita; Wahyuningsih, Novita (2020-12-29). "Tradisi Tolak Balak di Air Terjun Sedudo Di Desa Ngliman Kecamatan Sawahan Kabupaten Nganjuk". Haluan Sastra Budaya. 4: 163–179.
- ↑ "Air Terjun Singokromo Nganjuk, Air Terjun Alami dengan Panorama Alam yang Eksotis". Pusat Dapodik. 2023-09-05. Dibukak ing 2023-10-13.
{{cite web}}
:|first=
missing|last=
(pitulung) - ↑ "Destinasi Camping Ground Baru: Singokromo, Sawahan Nganjuk". The Nganjuk Post. 2023-10-09. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ "Air Terjun Singokromo". Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Nganjuk. 2023-09-05. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Hanum, Yulia Novita (2023-09-09). "Melepas Penat dengan Mengunjungi Air Terjun Singokromo Nganjuk". NU Online Jatim. Dibukak ing 2023-10-13.
- ↑ Ananta, Gilang (2023-08-06). "Air Terjun Singokromo: Harga Tiket, Foto, Lokasi, Fasilitas dan Spot". Wisataku.blog. Dibukak ing 2023-10-13.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Wisata Air Terjun Singokromo Nganjuk Jawa Timur". Sepasang Carrier. 2021-08-03. Dibukak ing 2023-10-13.