Menyang kontèn

Grojogan Seduda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Grojogan Seduda ing Désa Ngliman, Kecamatan Sawahan, Kabupatèn Nganjuk

Grojogan Seduda yaiku salah siji objèk wisata grojogan utawa air terjun kang mapan ana ing Kabupatèn Nganjuk. Grojogan iki dadi panggon wisata utama kang paling diandalaké déning Kabupatèn Nganjuk. Grojogan iku mapan tepak ana ing Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan kang mapan ing bagiyan kidul saka kabupatèn iki. Grojogan Seduda manggon tepak ana ing Gunung Wilis ana ing kadhuwuran 1.438 mèter saka laut lan grojogan iku dhéwé duwèni kadhuwuran 108 mèter.[1] Grojogan iki kalebu salah siji papan wisata kategori "unggulan" ing Kabupatèn Nganjuk saliyané Guwa Margatresna, Grojogan Rara Kuning, lan Taman Rékréasi Anjuk Ladang.[2]

Etimologi

[besut | besut sumber]

Tembung Seduda asalé saka rong tembung yaiku "se" lan "duda", "se" artiné siji, déné "duda" yaiku wong lanang kang wis ora duwèni bojo utawa sengaja ora mbojo. Miturut katrangan saka warga kono "duda" kang dimaksud iku wong kang mbabad désa utawa cikal bakalé Desa Ngliman, kamangka saka iku jeneng grojogan kang mapan ing désa iku dijenengaké "seduda" utawa cara panulisan Indhonésiané "sedudo".[3]

Legendha lan Crita Rakyat

[besut | besut sumber]

Sang Duda

[besut | besut sumber]

Ing jaman biyèn ana sawijining karajan gedhé ing Kediri kang kapimpin déning sawijining raja, raja iku duwèni putri kang lagi lara cangkrang kang nggilani banget manawa dideleng saka cedhak. Sang Raja mikir kepiyé carané kanggo nambani putriné iku, banjur Sang Raja ngutus putriné kanggo sowan ing sawijining padhépokan kang mapan ana ing tlatah Pace kang diduwèni déning salah siji guru kang uga kanca saka Sang Raja mau, tlatah iku yèn saiki kalebu Kabupatèn Nganjuk kang ora adoh saka Kediri.

Ing padhépokan iku Sang Putri diutus Sang Guru kanggo adus ing Grojogan Rara Kuning kanggo nambani lelara putri iku. Kanthi alon-alon lelara kang diduwèni Sang Putri mau saya suwé saya suda lan ing pungkasan sukur bisa waras. Uga saya suwé pasuryané Sang Putri kang ing sadurungé katon kurang bagus, saiki wus katon ayu banget. Sauntara iku, putra-putra saka Sang Guru suwé-suwé ngertèni manawa Sang Putri iku putri saka sawijining raja ing Kediri, mangka banjur bocah-bocah iku padha duwèni karep ngoyak atiné Sang Putri.

Ora nyana, jebulé Sang Raja Kediri iku malah njodhokaké putriné marang sawijining raja liya kang uga saka Kediri. Ngèrteni iki, bocah-bocah mau padha gela lan lara atiné. Nganti sasèn anggone lara ati iku para bocah mau ngurung awaké dhéwé-dhéwé ana ing kamar. Nalika wis metu saka kamar, para bocah iku malih duwèni sipat kang ala lan ora duwéni tata krama marang liyan. Si Kangmas nuli atapa ana ing sawijining grojogan kang mapan ana ing Gunung Wilis lan banjur urip ora mbojo utawa nduda. Saka iki banjur grojogan kang naté dianggo tapa bocah iku diarani "Seduda". Déné adhiné uga anglakoni tapa ana ing grojogan kang ana ing sangisoré Seduda kang saiki diarani "Singakrama". Saka ukara "sing ora krama" utawa sing ora anglakoni rabi utawa mbojo.[4]

Sanak Pogalan

[besut | besut sumber]

Ing jaman biyèn ana sawijining wong kang duwèni jeneng utawa jejuluk Sanak Pogalan. Sanak Pogalan urip kanthi ora jenak amarga wis kakèhan nampa kuciwa saka pangrèh praja ing endi dhèwèké urip. Pungkasan dhèwèké atapa ana ing Grojogan Seduda kanthi niyat kanggo ngelepaké Kutha Nganjuk. Jalaran kasucèning Sanak Pogalan, para warga yakin manawa banyu saka Grojogan Seduda iku ngemu kasiyat kanggo tamba awet nom.[5]

Mbah Ngliman

[besut | besut sumber]

Mbah Ngliman yaiku sawijining paraga kang paling wigati sajroning crita rakyat Desa Ngliman. Paraga Mbah Ngliman iki uga pinercaya déning masarakat kono minangka cikal bakalé Désa Ngliman. Miturut crita rakyat, Mbah Ngliman iku sawijining wali kang naté dumugi ana ing tlatah Ngliman ing abad XVI kanggo nyebaraké agama Islam. Dumuginé wali ing désa iku ora disartani garwa, kamangka wong-wong sing manggon ana sacedhaking papan manggoné wali iku banjur njejuluki Sang Wali iku minangka "seduda" utawa wong kang ora mbojo.[6] Mbah Ngliman biyèn uga asring angedusi para santriné ing Grojogan Seduda sadurungé mulang èlmu ing padhépokan, kang bisa duwèni makna minangka pasucèning dhiri lan rasa sukur marang Gusti Kang Maha Agung.[7]

Tradhisi

[besut | besut sumber]
Tradhisi Siraman Seduda

Siraman Seduda

[besut | besut sumber]

Ana salah siji tradhisi kang paling kuncara ana ing Grojogan Seduda kang sinebut kanthi Siraman Seduda, tradhisi iku wis kalakon taun-taunan déning warga Nganjuk lan dipèngeti saben tauné, nanging tradhisi iki lagi diakoni kanthi rasmi déning Pamaréntah Kabupatèn Nganjuk ing taun 1992.[8] Tradhisi iki kalampahaké déning masarakat lan para pangrèh praja kang tumplek blek dadi siji tepak ana ing sasi Sura utawa Muharram. Dhedasar anané tradhisi iki ora liya kanggo pikurmatan, nerusaké lelampah, lan ngalap berkah para leluhur Désa Ngliman. Mula para warga uga percaya manawa banyu Seduda iku ngemu berkah lan bisa agawé awèt nom, kamangka akeh wong-wong kang mèlu adus sawise kagiyatan siraman kanthi pangajab mekolèh berkah awet nom.

Tradhisi kasebut biasa kaselenggarakaké ana ing sasi Sura tepak ing dina kaping 15. Lamun urutan-urutaning lampahan ana ing tradhisi iku kayata,

  1. Kawitan kanthi tarian Amek Tirta, sawijining tari kang kaèloni dening para prawan arambut dawa kang isih suci,
  2. Para prawan arambut dawa lumaku saka wétan mara ing arsaning Bapa Bupati banjur lungguh ndodhok sinambi anyuwun pangèstoning Bapa Bupati,
  3. Bapa Bupati amaringi klenting marang para prawan kang lungguh ana ing arsané,
  4. Sawisé nampa klenting para prawan lumaku tumuju ing sendhang sangisoring Grojogan Seduda kanthi kairing tembang Lir-Ilir,
  5. Sawisé tekan sendhang, para prawan mènèhaké klenting mau marang para jejaka kang wus cumawis ana ing sor Grojogan Seduda. Para jejaka mau banjur ngisi klenting iku kanthi banyu suci grojogan lan nuli kawènèhaké manèh marang para prawan kang banjur ginawa tumuju ing pinggiring sendhang,
  6. Banyu suci iku banjur kaparingaké marang bapa juru kunci pasaréan lan para sesepuh Desa Ngliman,
  7. Banyu kasebut nuli kaasta déning bapa juru kunci pasaréan lan para sesepuh ing pasaréan Desa Ngliman,
  8. Sambutan upacara Siraman Seduda déning Bapa Bupati Kabupatèn Nganjuk,
  9. Siraman bebarengan ing sendhang sangisoring Grojogan Seduda,
  10. Donga lan ziarah bebarengan ing pasaréan Ki Ageng Ngliman.[9]

Sajroning upacara iku ana pirang-pirang jinising tetuwuhan kang dianggo, jinising tetuwuhan iku kapérang dadi 2 golongan. Golongan sapisan yaiku tetuwuhan khusus, déné sijiné tetuwuhan sajèn. Tetuwuhan khusus yaiku jinising tetuwuhan kang kudu ana ing sajroning upacara iku, kayata, kenanga (Cananga odorata), mawar (Rosa alba), mlathi (Jasminum sambac), kanthil (Michelia alba), lan pandhan wangi (Pandanus amarylilfolius). Déné tetuwuhan sajèn yaiku jinising tetuwuhan pala pendhem kang ginawa déning masarakat, kayata, ketéla pohung (Manihot utilisima), suweg (Amorphophallus campanulatus), uwi (Dioscorea alata), ganyong (Canna edulis), garut (Maranta arundinacea), gedhang (Musa paradisiaca), lan suruh (Piper betle Linn).[10]

Slametan Jemuwah Legi

[besut | besut sumber]

Saliyané tradhisi rutinan taunan, ana uga tradhisi rutinan wulanan yaiku slametan Jemuwah Legi. Slametan iki kaleksanan ing dina Jemuwah kanthi pasaran Legi, tradhisi iki wis kaleksanan wiwit taun 2005 kanthi niyat utamane yaiku nolak mala lan nenuwun kaslametan uga kaberkahan kanggo para warga lan wisatawan ing saubengé Seduda. Biasané sajroning slametan iku kacawisaké tumpeng robyong, tumpeng kaya umumé tumpeng, nanging kanthi wuwuhan ornamèn trasi, endhog, lan lombok abang kang tinancep ing dhuwuring tumpeng. Ana uga sajèn liyane yaiku jenang sengkala, anane jenang ngemu makna supaya bisa katebihaké saka sambikala. Adicara kapungkasi kanthi dedonga déning sesepuh lan katerusaké kanthi anyebar kembang kenanga ing sendhang Grojogan Seduda.[11]

Pariwisata

[besut | besut sumber]

Jarak antara Grojogan Seduda lan Kutha Nganjuk kira-kira ana 30 km, uga ana akèh grojogan liya sacedhaké, kayata, Grojogan Singakrama, Grojogan Segunting, Grojogan Cagak, Grojogan Selawe, lan sapinunggalané. Nanging kang paling akèh kajujug déning para wisatawan yaiku Seduda jalaran papan manggoné kang paling cèthèk lan gampang ginayuh. Dènè grojogan-grojogan liyané mapané ana ing panggon kang luwih dhuwur lan uga durung kababad.[12] Lan grojogan kang binukak taun 1987 iki nganti sepréné isih dadi andalan objèk wisata Kabupatèn Nganjuk.[13]

Grojogan Seduda

Wayah operasional

[besut | besut sumber]

Wayah operasional wisata iki saben dina Senèn nganti Setu bukak wiwit jam 07.00 nganti tumeka jam 16.00. Déné ing dina Minggu wiwit jam 07.00 nganti jam 16.30. Karcis mlebuné ing dina biasa Rp.8000,- kanggo bocah cilik, déné wong diwasa Rp.10.000,-, lamun ing dina Minggu lan tanggal abang Rp.12.000 kanggo bocah cilik lan Rp.15.000,- kanggo wong diwasa. Ora lali, karcis parkir kendaraan yaiku Rp.2000,- kanggo pit montor lan Rp. 5000,- kanggo mobil.[14]

Kulinèr

[besut | besut sumber]

Saliyané nyuguhaké sesawangan kang éndah lan hawa kang ayem, jujugan wisata iki uga nyediakaké kulinèr khas yaiku sega jagung. Sega jagung isiné rena-rena awit saka urap, sambel térong, sambel gorèng, pèyèk,[15]jangan lodhèh, iwak asin, sarta dibungkus pincuk godhong gedhang.[16]

Data pariwisata

[besut | besut sumber]

Grojogan iki bisa nyedot puluhan èwu wisatawan, tuladhané ing taun 2022 wingi waé cacahing wisatawan ing grojogan iki nganti 33.144 wong, déné antara sasi Januari nganti Juli 2023 wis ngancik 23.107 wong.[13] Kepala Dinas Pemuda, Olahraga, Kebudayaan, dan Pariwisata (Disporabudpar) Kabupatèn Nganjuk, Sri Handariningsih, dhawuh manawa nganti sepréné, Grojogan Seduda isih nyekel posisi paling gedhé sajroning pendapatan panggon wisata ing Kabupatèn Nganjuk. Pendapatan panggon wisata iku ing taun 2022 nganti Rp 473,4 juta.[11]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Sukamto, Imam. "Air Terjun Sedudo". Pesona Indonesia. Dibukak ing 2023-09-26.
  2. Ranwal Rencana Kerja Dinas Pariwisata, Kepemudaan, Olahraga, dan Kebudayaan Kabupaten Nganjuk (PDF). 2021-07. kc. 18. {{cite book}}: |first= missing |last= (pitulung); Check date values in: |date= (pitulung)
  3. Sasmita, Wikan (2018-12). "Tradisi Upaca Ritual Siraman Sedudo Sebagai Wujud Pelestarian Nilai-Nilai Sosial". Jurnal Ilmiah Pendidikan Pancasila dan Kewarganegaraan. 3: 207–214. Diarsip saka sing asli ing 2023-09-26. Dibukak ing 2023-09-26. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  4. Andiana, Ellen Marita; Wahyuningsih, Novita (2020-12-29). "Tradisi Tolak Balak di Air Terjun Sedudo Di Desa Ngliman Kecamatan Sawahan Kabupaten Nganjuk". Haluan Sastra Budaya. 4: 163–179.
  5. Agatta, Shilvi Khusna Dilla (2022-03-31). "Eksplorasi Nilai Multikulturalisme dalam Tradisi Tolak Balak di Air Terjun Sedudo Kabupaten Nganjuk". Jurnal Adat dan Budaya Indonesia. 4: 1–10. {{cite journal}}: line feed character in |title= at position 75 (pitulung)
  6. Hudori, Akhmat (2015-04-13) [1997]. "Upacara Siraman Sedudo di Desa Ngliman Kecamatan Sawahan Kabupaten Nganjuk". Fakultas Adab dan Humaniora, UIN Sunan Ampel Surabaya. Skripsi. Surabaya.
  7. Ardiyanti, Yuni; Widayati, Sri Wahyu (2017-05-12). "Tradhisi Siraman ing Grojogan Sedudo Kabupaten Nganjuk". Jurnal Online Baradha. 3: 1–15.
  8. Jatmiko, Andi; Soepeno, Bambang (2020-02). "Siraman Satu Suro Ritual in Sedudo Waterfall Nganjuk District 1992-2018". Jurnal Historica. 4: 30–40. {{cite journal}}: |first2= missing |last2= (pitulung); Check date values in: |date= (pitulung)
  9. Leyliana, Ana; Setiawan, Bagus Wahyu (2022-04). "Nilai Sosial Budaya Upacara Ritual Siraman Air Terjun Sedudo di Kabupaten Nganjuk". Citra Ilmu. 18: 9–16. Diarsip saka sing asli ing 2023-05-29. Dibukak ing 2023-09-27. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  10. Pahlevi, Moh. Ilham (2018-08-16). "Kajian Etnobotani Ritual Siraman Air Terjun Sedudo Kabupaten Nganjuk". Artikel Skripsi (Universitas Nusantara PGRI Kediri). Diarsip saka sing asli ing 2023-09-27. Dibukak ing 2023-09-27.
  11. a b Basalamah, Anwar Bahar Basalamah (2023-01-23). "Mengintip Tradisi Warga Desa Ngliman, Kecamatan Sawahan". Radar Kediri Jawa Pos. Dibukak ing 2023-09-28.
  12. Nganjuk dan Sejarahnya. Nganjuk: Keluarga. 1995. kc. 192. {{cite book}}: |first= missing |last= (pitulung)
  13. a b Basalamah, Anwar Bahar (2023-08-07). "Mengintip Tradisi Siraman di Objek Wisata Air Terjun Sedudo". Radar Kediri Jawa Pos. Dibukak ing 2023-09-29.
  14. Nurfadila, Yasmin (2022-05-20). "Wisata Nganjuk, Ini Dia 10 Spot Wisata yang Wajib Dikunjungi!". Detik Travel. Dibukak ing 2023-09-28.
  15. Natsir, Ahmad (2021-11-20). "Nasi Jagung Sedudo, Nasi Jagung Terenak yang Pernah Saya Rasakan". Terminal Mojok. Dibukak ing 2023-09-28.
  16. Safutra, Ilham (2020-09-27). "Kuliner Tradisional Legendaris Pikat Para Turis ke Air Terjun Sedudo". Jawa Pos. Dibukak ing 2023-09-28.