Grojogan Rara Kuning
Rara Kuning iku salah sawijining grojogan kang mapan ana ing Kabupatèn Nganjuk. Grojogan iki mapan tepaké ing Désa Bajulan, Kecamatan Locèrèt. Grojogan iki dadi salah siji papan wisata kang uga kuncara ing tlatah Nganjuk saliyané Grojogan Seduda. Grojogan loro iku padha-padha mapan ing Gunung Wilis. Saka Kutha Nganjuk jaraké kira-kira ana 20 km utawa 1 jam perjalanan. Banyu ing grojogan iki mili saka telung tuk (mata air) ing Gunung Wilis. Grojogan Rara Kuning uga sinebut kanthi Grojogan Mrambat Rara Kuning jalaran banyu kang tumurun saka tuk-tuk ing dhuwur mau ora langsung mudhun jleg nganti ngisor nanging mili kanthi alon-alon angliwati wewaton grojogan iku. Grojogan iki mapan ana ing kadhuwuran 600 msls (mèter saka lumahing sagara) lan duwèni dhuwur 10-15 m (mèter) .[1][2]
Etimologi
[besut | besut sumber]Jeneng Rara Kuning kajupuk saka jeneng pawujudan Dèwi Sekartaji utawa Dèwi Kilisuci ing crita rakyat Rara Kuning kang ngrembaka ing tlatah Bajulan, Loceret, Nganjuk.[3][4]
Legendha
[besut | besut sumber]Ana crita legendha utawa crita rakyat kang ngrembaka ing tlatah sakiwa tengené Grojogan Rara Kuning utawa tepaké ing Désa Bajulan. Crita iku kondhang kanthi jeneng Legendha Rara Kuning. Ana kang ngarani manawa Rara Kuning iku Dèwi Sekartaji, ana uga kang ngarani yèn slirané iku Dèwi Kilisuci. Legendha iku intiné nyeritakaké ana putri-putri kang mlayu saka Karajan Kediri utawa Daha jalaran karajan iku wus katelukaké déning karajan sabrang lan raja nagara sabrang iku kepéngin anggarwa putri iku. Para putri iku mlayu menyang alas, sajroning playon ing alas iku para putri iku ana kang anemoni lara, para putri iku banjur sowan marang sawijining resi kanggo anyuwun tamba. Resi iku banjur paring dhawuh manawa kepéngin waras slirané bisa adus ing sawijining grojogan kang mapan ing Desa Bajulan. Miturut crita iku, sawuse waras, ing pungkasan grojogan iku kajenengaké kanthi jeneng jejuluké sawijining putri kang naté adus ing kono.[3][4][5][6]
Tinggalan Sajarah
[besut | besut sumber]Cecandhèn
[besut | besut sumber]Ing tlatah sakiwa tengené Grojogan Rara Kuning katemokaké ana situs sajarah kayata cecandhèn. Cecandhèn iku cacahé ana telu, manawa dideleng saka grabah, bentuk, lan wewateké bisa dikira-kira manawa tinggalan sajarah iku asalé saka jaman Kediri nganti Majapahit. Cecandhèn iku bahané saka watu kali. Situs iku bisa diperkirakaké minangka papan kanggo pasembahyangan utawa patapane para brahmana utawa resi.[7]
Patilasan Jéndral Sudirman
[besut | besut sumber]Ora adoh saka grojogan, mapan sawijining patilasan pajuang bangsa yaiku patilasaning Jéndral Sudirman utawa Pak Dirman. Patilasan iki manggon tepak sawisé gapura mlebu papan wisata Grojogan Rara Kuning, papan iku wis sapakèt sajroning papan wisata grojogan iku lan saka grojogan jaraké amung 600 mèter. Ing papan patilasan iku ana telung panggon kang wigati, yaiku, ndalem, papan rembugan, lan papan sembahyang. Patilasan iki biyèné dianggo déning Jéndral Sudirman kanggo ndhelik lan nyusun strategi perang kang amungsuh Walanda.[8] Panjenengané anganggo ndalem iku kanggo kabutuhan perang ing 9 dina suwéné, papan rembugan ing kono kayasa kanthi wewaton kang kasusun mbunder kanthi meja watu ing tengah-tengahé. Déné papan sembahyangé uga kayasa kanthi wewaton sapinggir-pinggiré, ing cedhake ana kali kang banyuné asumber saka Grojogan Rara Kuning.[9]
Tradhisi
[besut | besut sumber]Ana sawijing tradhisi kang biasa kalampahaké ing papan wisata iki yaiku tradhisi Melasti. Tradhisi iku kalampahaké déning umat Hindu saka Desa Bajulan lan salah siji kekarangan ritual kang ana ing Dina Agung Nyepi. Tradhisi iku kawitan saka Pura Kerta Bhuwana Giri Wilis banjur diterusaké kanthi upacara Mecaru yaiku upacara kanggo misungsung Gunung Wilis. Banjur diterusaké kanthi upacara Mendak Tirta yaiku pangalapan banyu suci saka Grojogan Rara Kuning. Banyu suci kang nyimbolaké reresik iku banjur ginawa menyang Pura Kerta Bhuwana Giri Wilis lan sinambut déning tetarèn kang ginawa déning para taruni lan wanita diwasa.[10]
Pariwisata
[besut | besut sumber]Ikon wisata
[besut | besut sumber]Ing sisih ngarep panggon wisata grojogan iku pinaès kanthi patung wong wadon utawa sawijining putri karajan kang gedhé awarna kuning kang mujudakè Sang Dewi Rara Kuning. Yeyasaning patung ing sisih ngareping papan wisata iku jalaran nalika ing taun 2004 naté katemokaké reca logam kang dhuwuré 24,5 cm saka kuningan kang mujudaké salah sawijining rani. Patung iku katemokaké déning Jaswadi, salah sawijining petugas jaga kolam renang wisata Grojogan Rara Kuning. Banjur saka iku dadi inspirasi kanggo yeyasaning patung Rara Kuning kang diyasa ing sisih ngarep papan wisata iku.
Patung iku kayasa déning pamatung kang paring asma Sasono Nugroho, patung iku kayasa kanthi tèknik cithak abahan fiber kanthi cithakan negatif abahan gipsum. Patung iku mèmper kaya déné bentuk manungsa wanita diwasa kanthi warna emas. Patung iku diyasa ing papan ing endi biyèné naté ditemokaké reca kuningan. Patung Rara Kuning duwèni karakteristik wanita putri karajan kang anganggo busana Jawa pepak kanthi makutha, sumping, anting, kelat bahu, gelang, slémpang, pending, uga jarit.
Patung Rara Kuning duwèni makna minangka sawijining putri karajan utawa Dewi Sekartaji kang lagi anglampahi lelungan, kanthi pasuryaning kang madhep ing pèrènging Gunung Wilis. Patung Rara Kuning kang awarna emas iku duwèni makna kaagungan, kajayan, kamenangan, uga kamakmuran. Dumadining patung iku banjur ndadèkaké ikon papan wisata Grojogan Rara Kuning lan uga salah sawijining ikon Kutha Nganjuk.[11]
Wayah operasional
[besut | besut sumber]Wayah operasional papan wisata iki saben dina, bukak wiwit jam 08.00 nganti 16.00. Rega karcis mlebu papan wisata iki kanggo bocah cilik Rp.12.000, déné wong diwasa Rp.15.000.[12]
Pendhakian
[besut | besut sumber]Tlatah Rara Kuning kono iku uga dumadi salah sawijining jalur pendhakian menyang puncak Gunung Wilis. Puncak Gunung Wilis kang ana ing jalur pendhakian sinebut kanthi jeneng Puncak Limas kang duwé kadhuwuran 2349 msls. Kanggo tumeka ing puncak iku mbutuhaké wektu kira-kira 8-9 jam, saka Pos Perijinan menyang ing Pos Sekartaji ana 5 jam, déné saka Pos Sekartaji menyang ing puncak ana 4 jam.[13]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Sukamto, Imam. "Air Terjun Merambat Roro Kuning". Pesona Indonesia. Dibukak ing 2023-09-28.
- ↑ R, Sutrisno; Eko S, Bambang (2019). Ensiklopedia Kabupaten Nganjuk. Surabaya: Wahana Ilmu. kc. 122. ISBN 978-602-19525-9-7.
- ↑ a b Maghfiroh, Naila Rahma Alvi; Lodra, I Nyoman (2023-07-17). "Roro Kuning Manifestasi Dewi Sekartaji dalam Masyarakat Nganjuk sebagai Ide Penciptaan Karya Seni Lukis Dekoratif". Sakala Jurnal Seni Rupa Murni. 4: 35–46.
- ↑ a b Yunaidah, Fitria Nurul (2023-10-01). "Nilai Pengembaraan pada Cerita Rakyat Roro Kuning di Desa Bajulan Kecamatan Loceret Kabupaten Nganjuk". Jurnal Simki Pedagogia. 02: 1–12.[pranala mati permanèn]
- ↑ Nganjuk dan Sejarahnya. Nganjuk: Keluarga. 1995. kc. 196–197.
{{cite book}}
:|first=
missing|last=
(pitulung) - ↑ Adryamarthanino, Verelladevanka (2022-05-11). "Cerita Rakyat Roro Kuning". Kompas.com. Dibukak ing 2023-10-01.
- ↑ Ginanjar, Dhimas (2021-10-10). "Legenda Putri Kadiri jadi Daya Pikat Tersendiri di Roro Kuning Nganjuk". Jawa Pos. Dibukak ing 2023-10-01.
- ↑ Faizun, Mardliyatul (2022-01-02). "Petilasan Jenderal Soedirman Jadi Saksi Raker Majelis Dikdasmen PDM Gresik". PWMU. Dibukak ing 2023-09-30.
- ↑ Perpustakaan, Penulis. "Pesona Anjuk Ladang: Petilasan Jendral Sudirman". SMAN 3 Nganjuk. Dibukak ing 2023-10-01.
- ↑ "Upacara Melasti di Nganjuk Disambut Antusias Masyarakat". 2023-03-20. Dibukak ing 2023-09-29.
- ↑ Prasetyo, Rendy Widi; Hidayatno, Nur Wakhid (2017-05-05). "Analisis Visual Patung Roro Kuning di Tempat Wisata Air Terjun Roro Kuning Kabupaten Nganjuk". Jurnal Seni Rupa. 5.
- ↑ Muiz, Achmad Amru (2023-01-22). "Tiket Wisata Roro Kuning di Nganjuk Rp 15.000, Banyak Wisatawan Putar Balik". Surya Malang. Dibukak ing 2023-10-01.
- ↑ Jr, Toto (2023-08-30). "Pendakian Gunung Wilis Jalur Roro Kuning Nganjuk, Puncak Limas yang Terpencil Tak Punya Akses". Selingkar Wilis. Dibukak ing 2023-09-30.