Giri Lusi Janma Tan Kena Kinira

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Janma Tan Kena Kinira

Giri Lusi Janma Tan Kena Kinira iku tegesé wong urip iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip, wong sing gelem ngudi kautamaning urip iku mesthi bakal pinaringan kaluwihan déning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, luwih ing bab kawruh lan ngélmu pikiran padhang, ati wening lan jiwa kang ayem tentrem. Wong luwih iku tansah bisa ngepèk ati lan ngepénakké atining liyan, tansah gawé senenging liyan, éndha marang gawé gelaning atining liyan, lan tansah ngugemi marang uda negara, tata susila, lan tata krama. Sapa wongé kang ora ngerti marang uda negara, tata susila, lan tata krama kang kondhang sinebut tri tata iku prasasat kaya Kebo Danu dèn umbar ambabar dadi rubéda, kaya banthèng alas kang ngamuk ucul agawé bebaya gedhé, Kebo Danu dadi pepindhané nepsu angkara, nepsu angkaraning manungsa yèn dèn umbar tapa dèn atur mawa uda negara, tata susila, lan tata krama bakal gawé rusak tatananing urip bebrayan ana ing alam donya.

Piwulang Sesepuh[besut | besut sumber]

Para sesepuh Jawa tansah paring piwulang budi pekerti luhur marang para mudha, minangka sangu samengko yèn wis dewasa urip ing satengahing bebrayan. Tansah ngemong rasa, nyandhet karsa, ngulur pikir, andedawa usus, éling lan waspada tansah nguwongaké liyan, bisa rumangsa lan duwé niyat becik, ngugemi marang sipat lan sikep budi pekerti kang luhur. Kaluhuraning budi iku mahanani marang kawibawaning manungsa kang ngugemi sipat lan sikep utawa kapribadèn, yaiku berbudi bawa laksana, yaiku jembar rasa pangrasaning ati lan pikir, satemah pener pocapane. Kapribadèn kang dianggep paling luhur ana satengahing bebrayan yakuwi nguwongaké liyan, ngregani lan ngurmati marang sasama. Sebab kabèh manungsa iku kaparingan kaluwihan lan kekurangané dhéwé-dhéwé, ora ana manungsa kang sampurna nanging manungsa cinipta déning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi Kang Paling Sampurna, déné Kasampurnaning Jati iku amung kagungané Illahi Robbi sawiji.

Pepindhan[besut | besut sumber]

Giri lusi janma tan kena kinira, giri lusi tegesé cacing gunung, pepindhan kanggo nyebutaké wong kang paling asor drajaté, wong kesrakat uripé, asal seka désa, pèrènging gunung, lan ketoké bodho. Kabeh ukuran iku mau yèn dibandhingaké karo priyantun kutha, nanging aja nganti dèn ina, sapa ngira utawa sapa ngerti yèn sayektiné wong iku priyagung kang lagi tapa ngramé, utawa ratu kang lagi nyamar dadi Ki Sambang Dalan, bebasan iku pancèn dadi salah sawijining ungkapan rasa-pangrasa kang kadhungkat mawa basa pepindhan, ancas lan maksudé basa pepindhan iku kanggo ngelingaké utawa dadi pepéling, aja nganggep asor marang wong liya. Sesamaning umat manungsa, sebab janma iku tan kena kinira kepinteran, kawicaksanan, kalimpadan, lan kapribadèné saben wong iku beda-beda, lan duwé kekurangan sarta kaluwihane dhewé-dhewé.

Dudutan[besut | besut sumber]

Wong liya ora bakal bisa ngukur jeroning kawruh lan ngélmu, kabecikan lan amal, klèru lan kesalahané wong liya. Apa manèh bisa mangertèni beja cilakané nasibé liyan, apa kang wis kelakon lan bakal kelakon ing tembe buri samengkoné, mula ngilowa githokmu dhéwé, tegesé dadi wong iku kudu bisa lan wani ngoreksi dhiri pribadiné, mangerti marang salah klèru kang naté dèn lakoni dhéwé, aja mung tansah nacad ngétungi salah polah tindaking liyan, kudu mulat sarira hangrasa wani sadurungé ngilani jajané wong liya, aja mung waton omong, nanging omonga sing maton.