Wikipedia:Éjaan basa Jawa mawa tulisan Latin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Sadurunge maca artikel iki, sampeyan kudu nate maca kaca paugeran dhisik amarga iki ana gandheng cenenge karo kaca kuwi.


Ejaan Basa Jawa mawa Aksara Latin

A. Panulisan Vokal basa Jawa
1). Panulise Swara [ä]
2). Panulise Swara [ϊ]
3). Panulise Swara [ü]
B. Panulisan Konsonan basa Jawa
1). Panulise Aspirat
2). Panulise Prenasalisasi
3). Panulise Glotal lan Retofleks
4). Panulise Mandaswara
5). Swara Hamzah
C. Paugeran Khusus

Pustaka

Ejaan Basa Jawa mawa Aksara Latin[besut sumber]

Basa Jawa asli ora duwe swara f, q, v, x, lan z, nanging basa Jawa Anyar (Jawa Modern) duwe swara iku. Wong-wong Jawa sing mambu sekolahan utawa sing “terpelajar” bakal bisa ngucapake tembung fakir [fakϊr], kafir [kafϊr], film [filêm], vokal [vokal], utawa televisi [televisi]. Ananging, sing ora mambu sekolahan utawa sing “kurang terpelajar” bakal ngucapake tembung-tembung ing dhuwur dadi [pakϊr], [kapϊr], [pilêm], [pokal], lan [telepisi] utawa asring kasebut [tipi]. Anane pangocapan-pangocapan kaya mangkono jalaran basa Jawa asli pancen ora duwe swara f lan v.

A. Panulisan Vokal Basa Jawa[besut sumber]

Panulisan vokal basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku panulisane antara swara [ä], swara [ϊ], lan [ü]. Kareben ora bingung, bisa miturut paugeran ing ngisor iki.

1). Panulise Swara [ä]
Ing basa Jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggo aksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp. Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegena iku katulis tanpa nganggo sandhangan apa-apa. Manawa swara [ä] utawa swara a nglegena katulis nganggo aksara o, unine terus dadi ho, no, co, ro, ko, lsp. Lan yen katulis nganggo aksara jawa, kudu tinulis mawa taling lan tarung.
Kajaba kuwi, swara [ä] lan [o] iku bisa mbedaake wujud lan surasaning tembung sabab kalebu fonem kang beda. Dadi, swara [ä] kang linambangake mawa aksara a iku beda banget karo swara lan aksara o.
Panulisane swara [ä] nganggo aksara a utawa o bisa uga dititeni nganggo cara mangkene.
 Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, 
 swara [ä] ing tembung iku owah dadi swara [a] utawa a miring, panulise swara [ä] ing tembung
 kasebut kudu tinulis mawa aksara a.
arta + -e = artane
[artä] [-é] [artané]
bala + -e = balane
[bälä] [-é] [balane]
sega + -e = segane
[segä] [-é] [sêgané]
rupa + -e = rupane
[rupä] [-é] [rupané]
Katon cetha swara [ä] ing tuladha dhuwur bakal owah dadi [a] sawise kawuwuhan panambang –e. Mulane, tembung arta, bala, sega, lan rupa ora bener yen katulis arto, bolo, sego, lan rupo.
Suwalike,
 Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, 
 swara [ä] ing tembung iku ajeg utawa ora owah dadi swara [a], panulise swara [ä] ing tembung iku
 kudu tinulis mawa aksara o.
growong + -e = growonge
[gräwäŋ] [-é] [gräwäŋé]
bolong + -e = bolonge
[bäläŋ] [-é] [bäläŋé]
sorot + -e = sorote
[särät] [-é] [säräté]
kopi + -e = kopine
[käpi] [-é] [käpiné]
Kacetha yenta swara [ä] ing tembung growong, bolong, sorot, lan kopi ing dhuwur sanadyan diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku ora owah dadi swara [a]. Sarehne ora owah, swara [ä] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara o.
2). Panulise Swara [ ϊ ]
Paugerane kaya mangkene,
 Yen ana swara [ϊ] utawa i jejeg kang swarane memper [é] dumunung ing tembung lingga lan
 tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ϊ] ing tembung kasebut malih dadi swara [i],
 panulise swara [ϊ] kasebut kudu tinulis mawa aksara i.
cacing + -e = cacinge
[cacϊŋ] [-é] [caciŋé]
maling + -e = malinge
[malϊŋ] [-é] [maliŋé]
pitik + -e = pitike
[pitϊЌ] [-é] [pitiЌé]
arit + -e = arite
[arϊt] [-é] [arité]
Swara [ϊ] ing tembung cacing, maling, pitik, lan arit ing dhuwur kudu katulis nganggo aksara i sabab swara [ϊ] ing tembung-tembung kuwi bakal malih dadi swara [i] sawise tembung-tembung kasebut kawuwuhan panambang –e.
Dadi, jelas ora pener yen tembung-tembung ing dhuwur katulis caceng, maleng, pitek utawa aret.
3). Panulisane Swara [ü]
Paugerane kaya mangkene,
 Yen ana swara [ü] utawa u miring kang swarane memper [o] dumunung ing tembung lingga lan
 tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ü] ing tembung iku malih dadi swara [u] panulise
 swara [ü] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara u.
jagung + -e = jagunge
[jagüŋ] [-é] [jaguŋé]
wedhus + -e = wedhuse
[weĐüs] [-é] [weĐusé]
siwur + -e = siwure
[siwür] [-é] [siwuré]
parut + -e = parute
[parüt] [-é] [paruté]
Manut paugeran ing dhuwur, tembung jagung, wedhus, siwur lan parut kaya tuladha ing dhuwur kudu katulis nganggo aksara u, lan salah yen tinulis jagong, wedhos, siwor, utawa parot.

B. Panulisan Konsonan Basa Jawa[besut sumber]

Ing basa Jawa, antaraning pocapan lan panulisan kalamangsane ana gesehe. Ing kene paugeran panulisane kaperang dadi 5 perkara, yakuwi panulisan aspirat, prenasalisasi, glotal lan retofleks, panulisan mandaswara, lan swara hamzah.

1). Panulisan Aspirat
Basa Jawa duwe konsonan khas kang kasebut aspirat (aspirata). Konsonan aspirat iku awujud swara [h] kang tansah tumempel ing swara anteb [b], [d], [Đ], [j], lan [g]. kabeh konsonan anteb iki ing basa jawa bakal kaucapake dadi [bh], [dh], [Đh], [jh], lan [gh]. Tuladha.
bapak = [bhapaЌ]
bisa = [bhisä]
sabar = [sabhar]