Ejaan-O
Ejaan-O iku jalaran ana konflik antarané Ejaan Jawa Baku karo Ejaan basa Indonésia sebab kanggone basa Indonésia aksara ‘a’ mung bisa diwaca a. Dadi yèn tembung2 Jawa dilebokke ing ukara basa Indonésia, aksara ‘a’ sing kudune diwaca o-jawa dadi diwaca a. Mula saka iku ana pemrayoga supaya jeneng2 wong lan papan2 ditulis nganggo ejaan-O.
Ejaan-O iku nulis aksara 'a' sing kudune diwaca o-jowo nganggo aksara 'o'.
Conto : jeneng Susilo Bambang Yudhoyono yèn ditulis nganggo Ejaan Jawa Baku kudune Susila Bambang Yudayana. Surabaya ditulis Suroboyo supaya pocapane bener. Semana uga yèn ana sawijining ukoro mlebu ing basa Indonésia, prayogane ditulis nganggo ejaan-O
Conto : Di perguruan tinggi Taman Siswa tertulis semboyan ‘ing ngarso sung tulodo, ing madyo yasa karso, tut wuri handayani’. Aja ditulis
Di perguruan tinggi Taman Siswa tertulis semboyan ‘ing ngarsa sung tulada, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani’.
Semana uga yèn ngagem basa gado-gado, campuran antarané basa Jawa karo basa Indonésia. Conto
"Jangan pergi 'ana tangga' membawa 'andha' buat anda"
Prayogane ditulis
"Jangan pergi 'ono tonggo' membawa 'ondho' buat anda"
Contho liyané: