Délusi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Simbul saka Psikologi

Délusi ya iku keyakinan sing ora ana nanging amerga keyakinan iku kuwat dadi malah kawalikan.[1] Ing ngèlmu patologi, délusi iku mumbul amerga adidasar saka informasi céklik utawa ora lengkap, omongan wong liya, dogma, ilusi, lan éfék saka persèpsi liyané. Dèlusi bisa terjadi ing kontèks lelara mèntal néurolgis, kajaba dèlusionis ora kalebu lelara tartamtu lan wis tinemu akèh ing kontèks patologis gedhi (bisa fisik lan mèntal). Nanging, dèlusionis musthi didiagnostik amerga bisa waè kena gangguan psikologis tartamtu, kaya gangguan Psikotik kalebu Schizophrenia, Paraphrenia, Gangguan ing maniak bipolar, lan Psychotic Depression.

Dèfinisi[besut | besut sumber]

Kajaba konsèp wong gendheng iku ora spèsifik, nanging wis ana saka awit sèwunan taun luwih. Psikiater lan Filsuf Karl Jaspers ing taun 1913, ning buku Psikopatologi umum, Karl Jaspers sing kapisan nganakaké telung kritéria utama kanggé keyakinan sing dianggep dèlusional[2], kritéria iku ya iku:

  • Kepastian (ana amerga keyakinan kuwat utawa mutlak)
  • incorrigibility (ora obah nalika ana argumen sing luwih kuwat utawa bertentangan)
  • ketidakmungkinan utawa kaluputan konten (ora mlebu utek, aneh utawa wis tau salah tetep dipitaya.)[3]

Selain iku, nalika keyakinan palsu dadi pangganggu nilai utawa kenyataan, iku musthi khayalan sing ora ngutek lan ora bisa dipitaya utawa dibuktikake leres napa ora. (contho: ana wong sing bisa mlaku nganti bulan lan bisa mbalik mane, wong iku mesthi dijenengi delusi)[4]

Tipe[besut | besut sumber]

Delusi bisa diklumpukake dadi 4 kelompok béda :

  • Delusi aneh (Bizarre delusion): Sebuah khayalan sing aneh banget lan ora mlebuk utek blabar pisan, contho delusi iki ya iku: alien wis nggusak utek manungsa.
  • Delusi sing ora aneh (Non-bizarre delusion): sebuah khayalan sing bener nanging mesthi ora ana buktine utawa ora bisa terjadi. contho: ana wong sing ketemu artis idolane nanging nganti wong iku ngucap ora bisa ketemu-ketemu.
  • delusi kongruen suasana hati (Mood-congruent delusion): Delusi iki bisa kadadéan amerga depresi utawa tekanan mental. contho: orang sing kena delusi iki pitaya yèn awake dadi nabi utawa déwa sing dhuweni kesaktian, bisa terbang utawa bisa nyelem ning njroning samodra.
  • Delusi suasana hati stabil (Mood-neutral delusion): Delusi iki sing ora ana hubungane karo emosial manungsa. contho: ana manungsa sing pitaya yèn pitik iku bisa mabur, utawa ana pitik sing bisa urip mane yèn wis dipotong.

Tema[besut | besut sumber]

Selain kategori, Delusi sering ngetokake sesuatu sing konsisten kaya tema. Kajaba delusi bisa dhuweni tema napa mawon, utawa tema-tema sing luwih umum. Ana akèh tema khayalan sing lumrah, ya iku:

  • Kontrol Delusi (Delusion of control): Delusi iki ya iku keyakinan palsu sing dipitaya ana wong, utawa akèh wong utawa ènergi liya ngendalikan pikiran umum manungsa, perasaan, impuls, utawa tindak tanduk.
  • Delusi Cotrad (Cotard delusion): keyakinan sing salah yèn ana wong sing wis mati utawa ora ana ing unya malih.[5]
  • Kecemburuan delusional (Delusional jealousy): Delusionis iki pitaya yèn ana pacangan sing ngapusi awake utawa pacangane selingkuh lan ora tresna manèh marang slirahe lan ora ana bukti nyata kanggo menguatkan bukti.
  • Delusi perasaan bersalah: ya iku Delusi sing ndhuwi rasa bersalah akèh lan abot, manungsa sing delusi iki pitaya yèn awake dhuweni kelasalah sing ora bisa manèh ditebus.
  • Delusi yèn uteke diwaca (Delusion of mind being read): delusi iki pitaya yèn salah sawijining manungsa bisa waca pikiran ing uteke.
  • Delusi Rujukan (Delusion of reference): manungsa pitaya yèn ana pratanda saka peryataan manungsa, peristiwa, utawa bandha-bandha ing lingkungan sakiteré.
  • Erotomania: Delusi sing pitaya yèn ana manungsa sing tresna kaliyan awake.
  • Grandiose Religious delusion: keyakinan yèn manungsa iku enthuk ilham utawa dadi tuhan.[6][7]
  • Delusi Somatik (Somatic delusion): Khayalan sing kalebu fungsi tubuh, sensasi fisik, utawa penampilan fisik. Delusi iki pitaya yèn awake kena lelara, abnormal lan liya liyané.
  • Parasit delusional (Delusional parasitosis): delusi sing ana ing manungsa, wong sing delusi iki pitaya yèn awake akèh serangga, nyamuk, lemut, lan liya-liyané. wong sing delusi iki racaké berobat ning dhokter lan keluhane ya iku dicakot kéwan ping akèh, ing akehe kasus, bisa metu kondisi fisik abnormal, mila ditakoni ing ahli entomologi.[8]
  • Delusi Mlarat (Delusion of poverty): wong sing delusi iki pitaya yèn awake ora bisa sugih, mlarat terus.[9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ "Delusion". Princeton - Wordnet. Dijupuk 8 April 2011. 
  2. ^ Jaspers, Karl (1913). Allgemeine Psychopathologie. Ein Leitfaden für Studierende, Ärzte und Psychologen. Berlin: J. Springer. 
  3. ^ Jaspers 1997, p. 106
  4. ^ "Terms in the Field of Psychiatry and Neurology". Dijupuk 2010-08-06. 
  5. ^ Berrios G.E., Luque R. (1995). "Cotard Syndrome: clinical analysis of 100 cases". Acta Psychiatrica Scandinavica 91 (3): 185–188. PMID 7625193. doi:10.1111/j.1600-0447.1995.tb09764.x. 
  6. ^ "Religious delusions are common symptoms of schizophrenia.". Dijupuk 17 April 2011. 
  7. ^ M, Raja. "Religious delusion" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 28 September 2011. Dijupuk 17 April 2011. 
  8. ^ "Difference between delusion and phobia". Dijupuk 2010-08-06. 
  9. ^ Barker, P. 1997. Assessment in Psychiatric and Mental Health Nursing In Search of the Whole Person. UK: Nelson Thornes Ltd. P243.