Corak ing tenun Melayu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ing tradisi Melayu Riau motif utawa pola umume diarani corak,ragi, wujud dhasar, indhuk, wujud asal, gambar asal. Kanggo para penenun, sulam, tekat, lan suji motif uga diarani tuladha asal, wujud asal, utawa gambar indhuk. Aran liyo yaiku tuladha emban-emban. Tembung emban-emban kang ngerujuk marang salah wijining gunané motif.

SUMBER CORAK

Corak dhasar Melayu Riau umume saka alam, yaiku kapèrang saka flora, fauna, lan barang-barang angkasa. barang-barang mau uga direka-reka dadi wujud-wujud tartantu,bisa miturut wujud asline kaya ta bunga kundur, bunga hutan utawa wujud abstrak kang mung nganggo jeneng kaya ta pulang petang, semut beriring, lebah berguntung.

ing corak-corak mau, sing paling akeh digunakaké yaiku sing awujud saka wit-witan. Kabeh mau kadaden amargo yen nganggo wujud kewan dikuatiraké dadi kapercayan berhala. Corak kewan kang dipilih biyasane ana kaitané karo mitos utawa kapercayan. Saliane uga ana wujud-wujud kaya srengéngé, rembulan, lintang. Uga ana wujud-wujud bunder, kotak, lan tiya-liyané.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. 1958-, Malik, Abdul, (2003). Corak dan ragi tenun Melayu Riau (édhisi ka-Ed. 1, cet. 1). Yogyakarta: Diterbitkan oleh Balai Kajian dan Pengembangan Budaya Melayu Yogyakarta bekerja sama dengan Adicita Karya Nusa. ISBN 9799246555. OCLC 76681592.{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)