Menyang kontèn

Candhi Klodangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Candhi Klodangan yaiku sawijing candhi ing Dusun Klodangan, Sendangtirto, Berbah, Sléman, Daérah Istiméwa Yogyakarta. Candhi iki ditemokaké tanggal 3 Juni taun 1998. Candhi iki banjur dipriksa lan diekskavasi[1]. Wangunan Candhi Klodangan digawé saka watu putih kang dénahé 7,5 x 7,5 m, ana ing 120 cm ing ngisor lemah. Candhi iki kira-kira asalé saka abad IX-X Masèhi kang wis ditinggalaké wargané sadurungé rampung digawé. Saka jinisé, Candhi Klodangan kalebu candhi hindu. [2]


Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Arti kata ekskavasi - Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) Online". kbbi.web.id. Dibukak ing 2019-05-03.
  2. Tri, Hartono dkk (2013). Selayang Pandang Candi-candi di Yogyakarta. Yogyakarta: Balai Pelestarian Cagar Budaya. kc. 40. ISBN 978-979-16428-3-5.