Bathik Girilaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bathik Girilaya yaiku salah sawijing kaprigelan kang ngrembaka ing dhusun Girilaya, Kalurahan Wukirsari, Kapanewon Imogiri, Kabupaten Bantul, Daerah Istimewa Ngayogyakarta. Tembung Girilaya dicuplik saka dhusun Girilaya. Bathik iki ngrembaka wiwit abad kaping 17 nalika Sultan Agung Jumeneng Nata ing Kasultanan Mataram .

Sajarah[besut | besut sumber]

Girilaya yaiku salah sawijing dhusun kang wonten ing Imogiri. Imogiri menika kesuwur amargi wonten Pasareyan Panjimatan kang dados pasaraeyanipun Sultan lan Ratu ing Mataram. Girilaya menika mboten tebih saking Kitha Ngayogyakarta, namung kirang langkung 15 km kinten-kinten 40 menit.[1] Kahanan Girilaya menika kados dhesa sakliyanipun kang nyenyeb nanging kahanan guyub rukun kenthel sanget ing papan menika.

Girilaya gadhah kabudayan kang kathah. Kados déné pengobatan gurah kang migunakake oyot-oyotan. Girilaya uga dados pusat batik ing Ngayogyakarta. Ing dhusun menika turis saget tumbas bathik utawi sinau damel bathik.

Asal usul Girilaya menika diwiwiti sesarengan kaliyan Pasareyan Raja Imogiri kang mapan ing gunung Merak taun 1654.[2] Rikala semanten, Sultan Agung (wayah Panembahan Senapati) ajeng bangun pasareyan, panjenenganipun nemah setunggal lemah kang arum lan cocok kagem bangun pasareyan. Nanging, nalika pasareyan menika dipun bangun, uwak Sultan Agung kang namanipiun Panembahan Juminahan gadhah kekarepan menawi seda dipunsareyaken ugi ing pasareyan menika. Kasunyatan menika Panembahan Juminahan kang seda rumiyin.

Amargi kuciwa sanes Sultan Agung kang kaping pisanan ing pasareyan menika, Sultan Agung banjur pados malih papan pasareyan. Sultan Agung banjur nemahi papan kang cocok kang aran Gunung Merak kang wonten ing dhusun Panjimatan. Papan menika banjur dados pasareyan Sultan lan Raja Mataram dumugi sakmenika.[3]

Wontenipun Pasareyan Panjimatan menika temtu mbetahaken tiyang kang saguh miyara lan njagi pasareyan menika. Kraton banjur paring titah marang para abdi dalem kang dipandhegani dening Bupati.Amargi kathah abdi dalem kang tasih wonten magepokan kaliyan Kraton, kaprigelan bathik alus Kraton menika ngrembaka ing sekitar. Kaprigelan menika banjur diwarisaken marang putra wayahipun. Kaprigelan bathik menika uga ditlateni dening masyarakat ing sekitar pasareyan. Saking kahanan menika kang wiwitanipun masyarakat kang dados buruh lan nyade bathik kang setengah dados marang juragan-juragan bathik ing Kraton Ngayogyakarta.[4]

Lindhu ageng 2006 kang ngajuraken Ngayogyakarta menika sempet dados alangan marang Bathik Girilaya. Nangin amargi tekad lan semangat masyarakat kagem bangun Girilaya malih, masyarakat menika banjur damel kelompok-kelompok bathik kang angsal sokongan saking pamrentah utawi LSM sosial kang wontenaken gladhen ing kaprigelan bathik lan nyade bathik menika. LSM menika ugi bangun Gazebo Wisata Bathik Girilaya. Ing tanggal 27 Mei 2007, masyarakat Girilaya ugi ndamel rekor MURI mbathik ing mori kang dawanipun 1200 meter. Amarga iki, bathik Girilaya tambah misuwur ing jagat donya. Ing taun 2007 dumugi taun 2008 pamrentah mbiyantu dandosi margi ing Girilaya.[5]

Wiwit saking kahanan menika masyarakat Girilaya mboten gumantung malih tumrap juragan ing Kitha Ngayogyakarta.[6] Ananging sesrawungan kaliyan juragan menika tasih kajagi. Sabanjuripun bathik Girilaya banjur saget tembus ing wilayah Indonesia lan onten uga kang sampun ing manca. Sakmenika wonten welasan kelompok bathik kang wonten ing Girilaya kanthi koleksi bathik kang maneka warna. Para turis saget tumbas langsung bathik tulis ing Girilaya menika.[7]

Tata Cara[besut | besut sumber]

Saben daerah ing Indonésia gadahi corak, warna, lan bahan kang benten setunggal papan kaliyan papan liyanipun. Amarga menika bathik Indonésia maneka werna. Salah satunggalipun inggih menika Bathik Girilaya.

Bathik Girilaya menika didamel saking katun primissima kang menika katun paling sae. Para pambatik uga damel bathik Girilaya kalawan cara manuwal utawi namung bathik tulis. Amargi sabab menika proses damel bathik Girilaya betahaken wektu dangu supados njagi kualitasipun.[8]

Bathik Girilaya menika migunakaken corak kraton kang alus lan rapi. Warna bathik menika kathahipun coklat lan corakipun inggih menika babon, parang, lan mégamendhung. Proses warna ing bathik migunakake pewarna bathik alami kados déné godhong jati, kunir, secang, lan kulit kayu.[9] Bathik Girilaya menika kasuwur amargi awetipun.

Alat lan bahan kangge damel bathik Girilaya menika kados ing ngandhap:

  1. Wajan alit kang digunakaken ngolah malam dados cair
  2. Anglo digunakaken kagem manasaken malam migunakaken areng
  3. Tepas, supados latu tetep urip
  4. Gawangan kagem papan mori kang badhe dibathik
  5. Bandhul digunakaken kangge nahan supados mori mboten mabur
  6. Uthik kangge ngarik areng
  7. Canthing maneka ukuran kagem wadhah mori kang digunakaken kangge paring warna ing mori
  8. Kenceng digunakaken kangge nggodhog toya nalika mbabar.
  9. Cawuk kagem ngerok.
  10. Alu digunakaken kangge nuthuk mori supados lemes lan gampang menawi proses mbathik.

Tata cara damel bathik girilaya menika tasih ing dhusun Girilaya. Cara menika ruwet lan mbetahaken kaprigelan lan ketlatenan. Menika tata cara damel Bathik Girilaya.

  1. Gemplong. Gemplong menika nuthuk mori kang sampun dikumbah migunakaken alu supados mori alus.
  2. Nyorek. Nyorek menika ngandelaken gambar ing mori kang sampun digambar saderengipun.
  3. Mbathik. Mbathik menika nyoret malam migunakken canthing kang wonten ing gambar wiwit saking nglowong (gambar sisih pinggir) lan nèmbok (nutup mori kang mboten diwarnai utawi ajeng migunakaken werna liyanipun).
  4. Medel-mbabar. Nyelup mori kang sampun dibathik ing toya warna bola bali dumugi warna kang dikarepaken dados. Pawarna menika wonten kalih jinis, inggih menika sintetis lan alami.
  5. Ngerok. Sabanjuripun inggih menika ngerok malam kang wonten ing mori migunakaken lèmpèngan sèng lan dibilas migunakaken toya banjur dipépé.
  6. Nglorot. Ingkang pungkasan inggih menika nguculaken warna malam kang pun dangu warnanipun migunakaken toya umub.[10]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Histori". Batik Giriloyo. Dibukak ing 2023-02-20.
  2. "Kampung Batik Giriloyo-Testimoni". Myjogja. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-20. Dibukak ing 2023-02-20.
  3. "Kampung Batik Giriloyo-Testimoni". Myjogja. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-20. Dibukak ing 2023-02-20.
  4. "Sejarah Batik Giriloyo Jogja". Batik Giriloyo. 2020-05-27. Dibukak ing 2023-02-20.
  5. "Sejarah Batik Giriloyo Jogja". Batik Giriloyo. 2020-05-27. Dibukak ing 2023-02-20.
  6. "Sejarah Batik Giriloyo Jogja". Batik Giriloyo. 2007-05-27. Dibukak ing 2023-02-20.
  7. "Histori". Batik Giriloyo. Dibukak ing 2023-02-20.
  8. Afrillia, Dian (2022-01-02). "Belajar Membuat Batik Khas Keraton di Kampung Batik Giriloyo". GNFI. Dibukak ing 2023-02-20.
  9. Afrillia, Dian (2022-01-02). "Belajar Membuat Batik Khas Keraton di Kampung Batik Giriloyo". GNFI. Dibukak ing 2023-02-20.
  10. Darli (2013-08-24). "Proses Membatik". Batik Giriloyo. Dibukak ing 2023-02-20.