Menyang kontèn

Bale Sigala-gala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Bola-bali Kurawa nggawe cara utawa ngreka supaya Pandhawa bisa mati. Nanging Pandhawa tansah pinaringan slamet saka Pangeran awit saka sakabehing paekane sadulur-sadulur nakndulure iku mau. Rumangsa kentekan cara anggoné arep nyirnakake Pandhawa lan Ibune, ing sawijining dina Duryudana sowan marang ramane ya iku Prabu Drestarasta. Ature Duryudana, “Dhuh Kanjeng Rama, jejimat kula, pepundhen kula inggih sesembahan kula sakadang ing Ngarcapada. Pawartos ingkang kula rungu, kawula ing Astina badhé marak sowan wonten ngarsanipun Kanjeng Rama, monjuk atur prekawis wisudhanipun Adhimas Yudhistira jumeneng nata ing Astina, nggentosi kalenggahanipun Paman Prabu Pandhudewanata, jer samangke pun adhi kadang Pandhawa sampun ngancik diwasa. Manawi pawartos punika nyata, lajeng kados pundi kawontenan kula sakadang mangke. Boten sanès, kula lan kadang Kurawa sadaya badhé dados reh-rehanipun kadang Pandhawa. Pramila awit saking punika, manawi kepareng kadang Pandhawa badhé kula sirnakaken kemawon.” Krungu ature putrane mau (Duryudana), Prabu Drestarastra sakkal njegreg kaya tugu, sapandurat ora bisa paring pangandika. Sawisé sareh sawatara Prabu Drestarstra lagi bisa paring wangsulan. Prabu Drestarastra ora sarujuk panyuwunane Duryudana sasedulur, awit panyuwunan kuwu nalisir saka watak utama lan nyimpang saka darmaning satriyatama. Duryudana sasedulur ora manut pituture ramane, Prabu Drestarastra. Kanthi sesidheman Duryudana utusan salah sawijining abdi kang banget dipercaya, kadhawuhan nggawe bale pasanggarahan ana ing dhusun Waranawata, dhusun kang asri kang mapan ana ing sangisoring gunung, cedhak alas. Bale mau digawé saka pring petung kang ing sajerone diiseni dammar. Mula katelah kanthi sebutan bale sigala-gala, tegesé bale kang isiné gala. Sawisé bale iku dadi, kanthi ulat manis Duryudana dhawuh marang Yudhistira seduluré, kautus ameng-ameng ana ing padhesan saperlu golèk undhaking kawruh minangka sangu kanggo jumeneng ratu ana ing Astinapura. Amrih bisa mangerteni watak wantune kawula cilik ing padhusunan Pandhawa sakadang lan Ibune kadhawuhan masanggrah ana ing bale pasanggrahan, ing sawatara wektu. Pandhawa ora nduwé rasa cubriya marang pangandikane sadulur tuwané. Bareng wis siyap sakabehe, lan nyuwun pamit uwa Prabu Drestarastra, marang paman Arya Yamawidura, lan Eyang Resi Bisma, Pandhawa sakadang lan Ibu Dewi Kunthi budhal lelana brata. Kanggo samudana, Suyudana utusan abdine kang aran Purocana, kautus ndherekake lungane Pandhawa sakadang, uga kadhawuhan ngladeni dhahare. Ing sawijining dina, nalika Pandhawa sakadang lagi ngaso ana ing bale pasanggrahan, ana utusan saka paman Arya Yamawidura kang sowan, arane Kanana. Ature Kanana manawa kadang Pandhawa kudu ngati-ati, awit mbesuk ing malem tanggal 14 wulan iki Purocana kautus Duryudana ngobong bale pasangganggrahan. Kuwi ditindakake nalikane Pandhawa sakadang lan Ibune nedheng-nedhenge sare. Nanging Pandhawa dijaluk ora susah was sumelang lan kuwatir, awit Kanana bakal nggawekake trowongan sinandhi minangka dalane Pandhawa sakadang ucul saka pasanggrahan iku. Ing dina kang wis ditemtokake, Pandhawa ngajak kembul dhahar bebarengan karo Purocana. Nalika samana Purocana ilang kaprayitnane. Anggoné mangan keladuk akèh, kepara nganggo inum-inuman ndem-ndeman. Purocana mendem tenan, banjur nglumpruk kaya raseksa mati. Ing wektu iku, Pandhawa banjur ngobong bale pasanggrahan. Nalika geni murub ngalad-alad, Bima minangka panenggaking Pandhawa, mbopong sadulur-seduluré lan ibune, kapondhong lumayu metu liwat trowongan sinandhi, wusana njedhul ana ing satengahing alas. Pandhawa slamet, luput saka bebeya awit paekane kangmase ya iku Duryudana. Kacarita ing nagara Astina krungu pawarta ature kawula padhusunan bab bale pasanggrahan kang kobong ing wayah wengi. Prabu Drestarasta lan Resi Wara Bisma krungu pawarta mau penggalihe sungkawa, ora bisa ngampet nganti netesake eluh. Tumrape Arya Yama Widura mung gumujeng ing batin, awit dhèwèké mangerteni kabèh sejatine kedadeyan ing Waranawata. Déné Suyudana lan adhi-adhine padha bungah-bungah jejogedan awit rumangsa wis ilang klilipe.