Paléografi aksara Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Tulisan Jawa menika sampun wonten saking jaman rumiyin saha botèn owah, ananging wonten ing sejarah kathah ingkang owah. Owahipun wonten saking bèntuk huruf saha caranipun nulis utawi langgam (gaya) tulisan. Sènadyan tiyang samenika saged mangertos aksara Jawa Modern, ananging dèreng tamtu bisa mangertos aksara Jawa ingkang langkung kuna. Aksara Jawa inggih menika bentuk tulisan dèning basa Jawa. Masarakat Jawa jaman samenika uga boten kathah ingkang mangertos aksara Jawa uga asalipun.

Paleografi Jawa[besut | besut sumber]

Paleografi inggih menika saking basa Yunani yaiku palaios (kuno) saha grafein (nulis). Paleografi inggih menika èlmu ingkang gayut kalihan bentukipun tulisan.[1] Tugas pokokipun saking paleografi inggih menika naliti sejarah tinulis, gambaraken saha nerangaken tinulis ingkang wonten owahipun saking jaman rumiyin kanthi samenika. Paleografi menika uga saged biyantu èlmu sanesipun kaya ta epigrafi, sejarah, filologi saha sanesipun, uga maos teks ingkang langkung tuwa, manehi tanggal wonten naskah utawi teks ingkang botè wonten tanggalipun, nerangaken kedadosan ingkang wonten ing kedadosan panyalinan naskah, lsp.

Saking jaman rumiyin, paleografi Jawa menika dipudadosaken èlmu pambiyantu kemawon. Lajeng jumlah panulisan ingkang nggagem paleografi Jawa menika sathithik kèmawon kanthi saged dipunsebut terbatas. Miturut Atmodjo[2] paleografi Jawa menika adhedhasar wilayah lan kerajaan saengga wonten kalih tipé paleografi Jawa yaiku : sapisan, tipé Mataram utawi Jawa Tengah ingkang biasanipun awujud bunder, saha ingkang kalih, tipé Jawa Timur ingkang awujud rada lurus saha runcing. Lajeng ingkang gadhah pamikiran ingkang sami yaiku Casparis. Casparis menika uga bagi paleografi Jawa menika ingkang gayut kalihan masa papréntahan ingkang wonten ing Jawa. Migunakaken paleografi utawa aksara Jawa menika ana pengaruh ingkang gedhe saking papréntahanipun ingkang dipunagem wonten wahana eksprèsi.

Kelahiran Ha-Na-Ca-Ra-Ka[besut | besut sumber]

Ana kalih konsepsi ingkang gayut kalihan lairipun ha-na-ca-ra-ka. Kalih konsepipun inggih menika tradhisional saha ilmiah. Konsepsi ingkang sapisan menika adhedhasar tiyang wonten tiyang saengga saged dipunsebut konsepsi adhedhasar tradhisional. Konsepsi ingkang kekalih inggih menika adhedhasar pamakiran ilmiah aengga saged dipunsebut konsepsi ilmiah.

Konsepsi tradisional menika adhedhasar wonten ing lairan ha-na-ca-ra-ka gadhah kaitanipun dening lègenda Aji Saka. Lègenda Aji Saka menika kasebar saking tiyang wonten riyang sanesipun saha dipunlajengaken dipundokumentasikaken ingkang tinulis wonten bentuk carios. Cariosipun wonten ingkang awujud manuskrip saha cithak. Tuladha saking awujud manuskrip inggih menika Serat Aji Saka.

Ha-na-ca-ra-ka menika boten mung dipunkenal dening tiyang Jawa, namung uga kalihan tiyang Sunda lan Bali, ingkang gayut kalihan dampak pengaruh kekuasaan kerajaan Jawa ingkang jaman rumiyin. Miturut para ahli epigrafi, tulisan Jawa menika saking tulisan Sansekerta Dewabagari saking India kidul. Dene gadhah prasasti-prasasti saking jaman dinasti Palawa, dados tulisan menika saged dipunsebut tulisan palawa.

Legenda Aksara Jawa[besut | besut sumber]

Aksara Jawa inggih menika wujud perkembanganipun tulisan Jawa ingkang ana 20 huruf. Wonten ing sejarah kasustraan Jawa ingkang dangu, tiyang Jawa menika sampun kenal kathahing tulisan asing. Ana salah satunggaling legenda ingkang gayut kalihan asal mulanipun tiyang Jawa ingkang sèpuh saha kasebut kabudayan Jawa wonten Pulau Jawa. Dados migunakaken tulisan Jawa menika unsur ingkang penting saking kabudayan kala wau. Lègenda kasebut nyariosaken Aji Saka, Sembada lan Dora.

Kerajaan Médhangkamulan dipunpimpin dening rati Dèwata Céngker uatwi dipunsebut Prabu Dèwata Céngkar. Ratu menika gadhah asipat rakus, tamak, bengis saha rémen kalihan daging manungsa. Amarga rémen kalihan daging manungsa, warganipun manehi upeti awujud manungsa.

Ana pangembara ingkang namanipun Aji Saka menika krungu sipatipun Prabu Dèwata Céngkar, gadhah maksud supados  Prabu Dèwata Céngkar mungkasipun kabiasaanipun. Aji Saka menika gadhah kalih abdi ingkang setia, asmanipun Sembada lan Dora. Nalika menyang kerajan Médhangkamulan, Dora menika tumut Aji Saka, senadyan Sembada boten tumut amargi kedah jaga pusaka saktinipun Aji Saka. Aji Saka menika mènehi pèsen dening Sembasa supados aja nganti pusaka wau dipunmènehi dening tiyang sanès kajaba Aji Saka.

Nalika Aji Saka dugi wonten ing Médhangkamulan ingkang sepi amargi warganipun wèdi metu saking griyanipun. Dados Aji Saka dhateng ing istana lan wicara yen dhewékè bias dados upeti dening prabu. Saderengipun dipundadosaken upèti menika, prabu ngabulaken pangarep dening upètinipun. Lajeng Aji Saka menika nyuwun tanah ingkang wiyaripun surban ingkang dipunginakaken dening Aji Saka. Panyuwun dening Aji Saka wau dipunkabulaken. Surbanipun Aji Saka menika kaya ta dhawa saengga Prabu Dèwata Céngkar kedah mundur. Dhawanipun surban wau kanti pantai selatan, sesampunipun dugi tepi pantainipun, Aji Saka menika ngibasaken surban wau saengga badanipun Prabu Dèwata Céngkar kabungkus saha dados buaya putih.

Wiwit saking menika, kerajaan Mèdhangkamulan dipunpimpin dening Aji Saka. Aji Saka lajeng èling kalihan pusakanipun lan dhawuhipun Dora supados mendhet pusakanipun. Ananging Sembada boten menehi pusaka menika, amargi èling pesenipun Aji Saka. Banjur Dora lan Sembada menika adu kekuatan. Amargi gadhah èlu saha kesaktian ingkang sami, Sembada lan Dora menika mati sesarengan. Aji Saka ingkang èling pesenipun dening Sembada, awit nyusul. Ananging sampun kesupen, amargi sesampunipun dugi dhèwéke ningali abdidalem ingkang setia dening dhèweke menika sampun mati.[3] Kegem ngenang jasanipun abdidalemipun, Aji Saka menika dadosaken ing aksara utawi huruf hanacarakadatasawalapadhayanyamagabathanga.

Falsafah Aksara Jawa[besut | besut sumber]

Ha-na-ca-ra-ka ateges ana utusan yaiku utusan urip, awujud napas ingkang gadhah kawajiban nyatuaken jiwa saha jasad manungsa. katelu unsur ingkang gayut inggih menika Tuhan, manungsa saha kawajiban manungsa ingkang dados ciptaan. Da-ta-sa-wa-la ateges manungsa sawekdal dipunciptakaken kanthi wekdal sampul dipunpanggil menika boten kedah gelém laksanakaen, narima saha jalanaken petintah Tuhan. Pa-dha-ja-ya-nya ateges nyatukaken zat ingkang menehi kauripan(Khalik) deining ingkang dipunmenehaken kauripan. Ma-ga-ba-tha-nga ateges narima apa déné ingkang dipuntugasaken saha ingkang dipunlarang dening Tuhan Ingkang Maha Agung, manungsa kedah pasrah, sumarah dening garis kodrat senadyan manungsa dipunmenehi hak kagem mewiradat.[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "KBBI".
  2. MM. Sukarto, Atmodjo. Perkembangan Paleografi Aksara JAwa. Makalah Seminar.
  3. Pramudika, Ardi (2014-01-05). "Sejarah aksara Jawa". kompasiana. Dibukak ing 2019-11-06.
  4. Endraswara, Suwardi (2005). Buku Pintar Budaya Jawa. buku.