Menyang kontèn

Anna Hazare

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Anna Hazare
Lair15 Juni 1937 (umur 88)
Bhingar, Provinsi Bombay, India Britania
BangsaIndia
Jeneng liyaKisan Baburao Hazare
Kondhang ingProgram pembangunan DAS
Gerakan Hak Informasi
Gerakan anti-kotupsi
Bojoora krama
Wong tuwaLaxmibai Hazare (Ibu)
Baburao Hazare (Ayah)
BebungahPadma Shri
1990
Padma Bhushan
1992
Sana jaringanannahazare.org

Kisan Baburao Hazare Ngenani wuni iki pelafalan  (Cithakan:Indic) (lair 15 Juni 1937), kang kondhang kanthi jeneng Anna Hazare Ngenani wuni iki pelafalan  (Cithakan:Indic) ya iku aktivis sosial India kang diakoni partisipasine ana ing obahan anti-korupsi India 2011.[1][2] Hazare uga mènèhi kontribusi kanggo pangembangan lan penataan Ralegan Siddhi, sawijining désa kang ana ing Parner taluka péranganing dhistrik Ahmednagar, Maharashtra, India.[3] Dhèwèké diwènèhi kanugrahan Padma Bhushan, penghargaan sipil paling dhuwur nomer telu déning Pamaréntah India nalika taun 1992 kangga usahane yasa désa iki lan dadi tuladha kanggo wong liyané.[3] Anna Hazare miwiti mogok mangan tanggal 5 April 2011 kang duwé ancas nekan pamaréntah India kanggo nindakaké sawijining UU anti-korupsi kang ketat kaya kang digambarake ana ing Jan Lokpal Bill, sawijining lembaga ombudsman kanthi kakuwatan kanggo nangani korupsi ana ing kantor-kantor publik.[3] Mogok mangan iku njalari protes nasional kanggo njurung aksi kang dilakokake Hazare.[3] Mogok mangan dirampungi nalika tanggal 9 April 2011, sadina sawisé pamaréntah nampa tuntutan.[3] Pamaréntah ngetokaké lembaran nagara pemberitahuan ana ing pembentukan komite bareng, kasusun saka pamaréntah lan uga wakil saka masarakat sipil, kanggo rancangan undang-undang.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Kohari, Alizeh (16 August 2011). "Hunger strikes: What can they achieve?". BBC News.
  2. Yardley, Jim (18 August 2011). "Unlikely Echo of Gandhi Inspires Indians to Act". The New York Times. Dibukak ing 19 August 2011.
  3. 1 2 3 4 5 "Padma Bhushan Awardees". Dibukak ing 10 April 2011.
  4. "India activist Anna Hazare ends hunger strike". BBC News. 9 April 2011. Dibukak ing 9 April 2011.