Angkot
Praèn

Angkot utawa Angkutan kota ya iku tetumpakan (alat transportasi) penumpang nganggo mobil minibus sing duwé rute saubenging kutha. Beda karo bis sing liwat nang pinggiran kutha lan dalan gedhe, angkot duwé rute liwat nang njero kutha lan dalan-dalan cilik nang tengah kutha.
Kendaraan feeder saperangan gedhe asale saka angkot eksisting kang dimodifikasi ben jumbuh standar. saben armada wajib dijangkepi piranti APAR, kothak P3K, lan pemecah kaca darurat. Sopir diwajibake nganggo seragam resmi, njaga karesikan kendaraan, lan nutup lawang ing nalika ing peralanan.[1]
Ciri khas angkot;
- Rute tetep: angkot duwé rute sing wis ditemtokake, sanajan jadwale ora mesthi tetep.
- Luwes: Penumpang bisa munggah utawa medhun ing sembarang panggonan ing rute, ora kudu ing halte sing wis ditemtokake.[2]
- Murah: Tarifé biasané luwih murah tinimbang moda transportasi liyané.
Delengen ugā
[besut | besut sumber]Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Alhamidi, Rifat. "Wajah Baru Angkot Bandung: Tak Lagi Ngetem-Dilarang Merokok". detikjabar (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-20.[pranala mati permanèn]
- ↑ Magang, Admin. "Panduan Transportasi Umum di Semarang". PPID Kota Semarang (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2025-12-08. Dibukak ing 2025-11-20.