Aliran Kebatinan Tak Bernama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Aliran Kebatinan Tak Bernama kalairake dening Bapa R. Tjokrowarsito, salah sawijine Mantri  Jagawana ing Sorogo, Cepu, Kabupaten Blora, Jawa Tengah. Sawise Bapak R. Tjokrowarsito seda, pinisepuh panunggalan kaasta dening Bapak M. Soeprapto, salah sawijine saradhadhu Tentara nasional Indonesia. Pawartaning piwulang wiwit katindakake dening Bapa M. Soeprapto ing tahun 1950, wiwit saka Desa Sale, Kecamatan Kalitidu, Kabupaten Bojonegoro, Provinsi Jawa Timur.

Panunggalan iki ing mula bukane awujud kumpulan kang adhedhasar rembugan lan tukar carita laku urip utawa sambung rasa ing antarane warga panunggalan. Ing tahun 1980, kumpulan kekadangan iki ngadeg dadi salah sawijine paguyuban kanthi papan underan ing Dalan Banyuurip Kidul Gang II Nomer 40 Surabaya. Dene ancasing paguyuban iki nyawisake tuntunan lan ngamping-ampingi budi pekerti kang becik lan luhur kanthi ngayati lan ngamalake Pancasila murih mujudake manungsa Indonesia kang wutuh.

Tatanan paguyuban Aliran Kebatinan Tak Bernama dumadi saka Pinisepuh Bapak Soeprapto, Pangarsa Bapak M. Soejatno Djojowarsito, Juru Tulis I Bapak Imam Soebagiyo, lan Juru Tulis II Bapak Karnawi. Papan underane panunggalan ana ing Dalan Tanjung Pura 18 Surabaya (mapan ing omahe pengarepe). Katrangan anyar dhewe nuduhake menawa kang tinanggenah ngupakara panunggalan iku dumadi saka Bapak D. Soejatno minangka Pinisepuh, Bapak Padmowasito minangka Pangarsa, lan Imam Subagiyo minangka Juru Tulis.

Miturut katrangan anyar dhewe, gunggung pawongan kang melu panunggalan iki ana wetara 321 jiwa kang sumebar ing saindhenging Indonesia, dumadi saka punggawaning paprentahan (Pegawai Negeri), saradhadhu ABRI, kadang tani, pegawe, lan wong partikelir (wiraswasta).

Minangka warga paguyuban masyarakat, para pandherek Aliran Kebatinan Tak Bernama uga melu mujudake gegayuhaning Bangsa Indonesia kang adhedhasar Pancasila lan UUD 1945 sarta ngugemi paugeraning negara, uga paugeran saka paprentahan pusat apadene paprentahan ing wewengkon kang luwih cilik utawa cendhek. Laku kebatinan kang ajeg katindakake bebarengan dening warga Aliran Kebatinan Tak Bernama iku pasamuwan saben Jemuwah Legi lan Jemuwah Kliwon. Tumindake pasamuwan kang ajeg iku ora pathok bangkrong, tegese yen ana wigati liya bisa wae pasamuwan katindakake ing dina liya miturut panyarujuke warga panunggalan. Pasamuwan kang katindakake dening warga Aliran Kebatinan Tak Bernama ora mbutuhake panggonan, piranti, utawa penganggo kang mirunggan. Ing pasamuwan iku mau, donga sembahyangan kaaturake miturut kabutuhan siji lan sijine warga lan uga migunaake basa kang dingerteni.

Paguyuban Aliran Kebatinan Tak Bernama ora nduweni ajaran, nanging prasaja ngugemi dhasar pangerten pengandel marang Gusti Kang Maha Tunggal. Gegebengan (prinsip) iku magepokan karo kaslametan, eling, lan waspada, pangapura, urip lan kasarasan, kang kabèh gegayutan karo sesambungan lan sesrawungane warga panunggalan karo Gusti Kang Maha Tunggal. Tumrap awake dhewe, warga panunggalan kudu tansah ngupaya nindakake patrap kang ngener marang watak suci lan budi pekerti luhur. Tumrap pepadha, warga panunggalan kudu bisa ngendhaleni dhiri lan mawas dhiri murih ginayuhe tatanan urip masyarakat kang santosa, tentrem, lan ayem ing bedhamen.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • N.N. 1997/1998. Catatansingkat tentang organisasi Penghayat Kepercayaan terhadap Tuhan Yang Maha Esa. Jakarta: Depdikbud.
  • Singgih B.S., Drs et al. 1995/1996. Hasil Penelitian Organisasi Penghayat Kepercayaan terhadap TUhan YME di Jawa Timur. Jakarta: Depdikbud.