Alih tulis teks basa Jawa
Alih Tulis Teks Basa Jawa inggih mênika anggitan ingkang ngêwrat bab samukawising agêsang, inggih ingkang magêpokan kalihan sadaya ingkang sampun kalampahan. Teks menika minangka isining naskah utawi manuskrip utawi handschrift. Teks mênika kasêrat mawi warni tiga, inggih mênika mawi aksara carakan, aksara Arab Pégon ( inggih aksara arab kanggé nyêrat basa Jawi), saha aksara Latin. Kanggé damêl lêstantuning teks ingkang adatipun sampun kasêrat mataun-taun kapêngkêr sagêd dipunwujudi kanthi alih tulis. Alih tulis inggih mênika nggantos sêrataning teks kanthi aksara ingkang sami kalihan aksara sêrataning utawi mawi aksara ingkang béda.[1]
Jinising alih tulis
[besut | besut sumber]Alih tulis mênika wontên warni kalih, inggih menika transliterasi saha transkripsi. Transliterasi inggih mênika alih tulis sêrataning teks mawi aksara ingkang botên sami kalihan aksaraning teks. Upaminipun, teks kasêrat mawi aksara Jawa kadamêl alih tulis mawi aksara Latin utawi Arab Pégon. Manawi teks-ipun kasêrat mawi aksara Arab Pégon dipunalih-tulisakên mawi aksara Latin utawi aksara Jawa. Transkripsi inggih mênika alih tulis sêrataning teks mawi aksara ingkang sami kalihan aksaraning teks. Upaminipun, teks kasêrat mawi aksara Jawa kadamêl alih tulisipun ugi mawi aksara Jawa. Manawi teks-ipun kasêrat mawi aksara Arab Pégon dipunalih-tulisaken mawi aksara Arab Pégon ugi, lan sapiturutipun.[2]
Métodhe transliterasi
[besut | besut sumber]Métodhe transliterasi menika dipunpérang dados kalih, inggih menika Transliterasi Standar saha Transliterasi Diplomatik. Transliterasi standar inggih menika cara anggènipun damel alih tulis serataning teks ingkang kaserat kanthi adhédhasar éjaan ingkang sampun dipunsampurnakaken. Transliterasi diplomatik inggih mênika cara anggènipun damel alih tulis serataning teks ingkang kasêrat mênapa wontênipun kados déné serataning teks-ipun kanthi aksara ingkang beda.
Métodhe transkripsi
[besut | besut sumber]Métodhe Transkripsi menika dipunpérang dados kalih, inggih menika Transkripsi standar saha transkripsi diplomatik. Transkripsi standar inggih mênika cara anggènipun damêl alih tulis sêrataning teks ingkang kasêrat kanthi adhêdhasar éjaan ingkang sampun dipunsampurnakakên. Transkripsi diplomatik inggih mênika cara anggènipun damel alih tulis sêrataning teks ingkang kasêrat mênapa wontênipun kados déné sêrataning teks-ipun kanthi aksara ingkang sami.
Ancasipun métodhe alih tulis
[besut | besut sumber]Métodhe transliterasi saha transkripsi menika tamtunipun gadhah ancas ingkang béda. Métodhe Transkripsi menika dipunginakaken kanggé nglestantunaken serat ingkang badhé dipunalih-tulisaken, manawi métodhe Transilterasi menika ancasipun inggih menika kanggé nepangaken menyebarluaskan, saha nggampilaken panaliten isinipun naskah.[3]
Perangan wigati wonten ing métodhe transkripsi saha transliterasi
[besut | besut sumber]Wonten ing métodhe transkripsi menika wonten perangan-perangan ingkang kedah dipungatosaken, inggih menika (1) kawruh bab tata panyerating aksara ingkang dippunginakaken wonten ing salebeting naskah saha (2) sipating aksara wonten ing naskah.
Sanesipun pamanggih menika, inggih wonten sapérangan bab ingkang dipungatosaken wonten ing métodhe transliterasi ugi, inggih menika (1) kawruh bab tata panyerating aksara ingkang dipunginakaken wonten ing naskah saha ingkang badhé dipunginakaken kanggé alih tulisipun (2) sipat aksara wonten ing naskah saha sipat aksara ingkang dipunginakaken kanggé alih tulisipun (wonten bab pamisah tembung), (3) éjaan, inggih menika kanggé mempertahankan variasi éjaan naskah, pangéjanipun tembung serapa upaminipun menika wonten ing teks ingkang awujud geguritan, (4) pungtuasi inggih menika tanda baca ingkang ginanipun kanggé pitaken, pakon, pethik, titik koma, tandha metra ingkang ginanipun kanggé tanda bagi geguritan, inggih menika kanggé wewatesaning gatra kanthi tanda /, kanggé wewatesaning pada saha sekar kanthi tanda //.
Kedah dipungatosaken bilih panganggénipun pungtuasi menika ginanipun kanggé ngandharaken maksud ingkang wonten ing salebeting naskah wonten ing geguritan, anggènipun ngandharaken ukaranipun boten mesthi sairing kalihan pembagian gatra, pada, sekar. Kanthi pawadan menika tandha pamaos wonten ing teks geguritan menika boten mesthi sesarengan kalihan tandha metra. Saking pawadan menika wonten ing alih aksara naskah geguritan boten nggatosaken tandha pamaos, ananging langkung ngawigatosaken panganggénipun tandha metra.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Mulyani, Hesti (2012). Membaca Manuskrip Jawa. Yogyakarta. kc. 9. ISBN 978-979-15383-4-3.
- ↑ Mulyani, Hesti (2015). Komprehensi Tulis. Yogyakarta. kc. 101. ISBN 978-602-17858-0-5.
- ↑ Mulyani, Hesti (2014). Teori dan Metode Pengkajian Filologi. Yogyakarta. kc. 29. ISBN 978-602-17858-1-2.