Alfandriansyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Alfandriansyah (lair 13 Fèbruari 1986) inggih punika satunggaling pelopor lingkungan ingkang ngraos boten sekeca nalika ningali pegunungan ingkang gundul wonten ing Pegunungan Bukit Barisan, Nagari Aie Dingin, Lembah Gumanti, Solok, Sumatera Barat. Alfandriansyah (32) lajeng ngajak para mudha perantauan supados wangsul saperlu ndandani karisakan alam nagari lewat taneman kopi. Anggenipun ndandani karisakan dipunwiiti sasampunipun mangginhaken margi, kawiwitan tigang taun kapungkur sampun 80.000 taneman pelindung utyawa penaung dipuntanem.

Kauripan[besut | besut sumber]

Alfandriansyah lair tanggal 13 Fèbruari 1986, alamat wonten ing Nagari Aie Dingin, Jorong Data, Kecamatan Lembah Gumanti Kabupaten Solok, Sumatera Barat. Awit saking raos prihatin kalihan kondisi alam ingkang gundul ugi penasaran kalihan pasaran kopi, Adi (akrabipun Alfandriansyah).[1] Saben ningali kahanan bukit-bukit ingkang sami gundul wonten Pegunungan Bukit Barisan ing Nagari Aie Dingin, Lembah Gumanti, Solok, Sumatra Barat raosipun mboten tentrem. Lajeng Alfadriansyah ngajak para pemudha perantauan wangsul kangge mulihaken nagari lumantar kopi. Anggenipun mulihaken alam pikantuk margi, sampun wiwit tigang taun kepungkur budidaya kopi dipunrembakaken. Sampun 80.000 taneman pelindung utawi penaung dipuntanem. Anggenipun nanem sampun nyebar wonten kawasan hutan lindung sakupengipun desa masyarakat. Taneman penaung punika njagi taneman kopi saking gugur kembang saha buah. Taneman ugi dados tameng saking ancaman bencana.

Adi (akrabipun Alfadriansyah) taksih kemutan wontenipun bencana banjir kalihan tanah longsor awetawis taun kepengker ingkang nyebabaken setunggal warga nilar amargi kagawa arus banjir. Saking kadadosan menika Adi sadar bilih karisakan lingkungan menika nggadhai daya ingkang ageng. Risakipun alas kawiwitan nalika dipunrembakakaken pertanian markisa wonten ing Nagari Aie Dingin. Alas wonten ing sapanjangipun bukit gundul sanalika, dipungantos dados sentra budidaya markisa unggulan Sumatera Barat.

Kahanan menika langkung parah malih amargi nalika lahan dipunbukak kawiwitan kanthi dipunbakar. Bukit bukit menika sansaya dangu sansaya gundul kalihan garing. Adi ugi nyariosaken bilih sekedhik kémawon wonten geni, kebakaran enggal nyebar, lajeng lepen-lepen langkung gampil asat wonten mangsa ketiga déné nalika mangsa rendheng gampil mliwet.    

Alas Nagari[besut | besut sumber]

Alas nagari boten saged uwal saking kisah kopi kalihan pagesangan manungsa Solok. Dangunipun 4 abab kopi sampun dipuntanem wonten ing alas-alas nagari. Sampun turun temurun masyarakat sampun ngginakaken ron kopi, sanès wiji kopinipun, dipundadosaken unjukan anget.

Masyarakat lajeng tepang kalihan pengolahan wiji kopi dados unjukan seduh sasampunipun penjajah Walandi mlebet. Penjajah madegaken system tanam paksa Tanah Minang, lajeng kopi Solok wiwit dipuntepang. Asiling panen boten namung kangge masok kabetahan kopi kangge penjajah, saperangan ageng dipunbeta berlayar dumugi Amerika Serikat kalihan Inggris.

Wontenipun wabah karat ron kopi ndadosaken Walandi nggantos taneman kanthi robusta. Kisah kpi arabika cekap dangu lajeng sirep. Arabika sejatosipun cocok sanget bilih dipuntanem wonten mrika. Kahanan iklim kalihan inggilipun wonten 1.500-1.800 m saking permukaan laut. Ananging kabikakipun pasar ndadosaken asiling kopi ingkang kathah boten gadhah nilai jual. Adi ngandharaken bilih pedagang wonten pasar boten purun tumbas kopi.

Akses pasar dereng dipunbikak, ananging budidaya kopi ters dipungalakaken pamarintah daerah. Bibit dipunbagekaken supados petani purun nanem nkopi. Sasampunipun program rampung, petani dipuntilaraken. Akibat saking menika nalika taneman wiwit ngasilaken, petani sansaya bingung anggenipun masaraken asil kopi.

Kahanan menika kedadosan kosok balen kalihan agengipun minat donya marang kopi arabika. Raos penasaran lajeng mbeta Adi wangsul wonten nagari tahun 2012. Wonten kampong halaman, piyambakipun mangertos bilih kopi arabika boten dipunkelola. Wonten pasar, wiji kopi menika kacampur kalihan robusta, saengga citarasa kopi boten wonten.

Adi lajeng boten sengaja kpanggih kalihan Windy Adhapa saha Teuku Firmansyah, para pemudha sarjana perantauan ingkang wangsul. Lajeng sami pirembagan kalihan petani, Ardi Sunarya saha Bakri Rahman Syah. Saking pirembagan menika lajeng sepakat kangge ngelola kopi kanthi tenanan.

Langkah salajengipun inggih menika bagi tugas. Adi madosaken pasar kopi, ingkang sanesipun gadhah tugas ndampingi petani kopi, rehabilitasi lahann ingkang risak, mbangun usaha hilir kopi, lan sanesipun. Pakaryan menika dipunwastani “Radjo’s Project”, ugi lajeng damel Koperasi Serba Usaha (KSU) Solok Radjo.

Sekedhik-sekedhik usaha nuwuhaken asil, kopo Solok lajeng dipukenal. Sesarengan kalihan inggilipun minat kopi solok, penanaman kopi dipunrembakakaken. Satunggaling cara kangge ngrembakakaken kopi supados selaras kalihan mulihaken alam inggih menika nanem kopi kanthi cara agroforestry, inggih menika kopi kalihan alas semarak sesarengan.

Kangge miyaraken ndandosi alas ingkang risak, Adi sakanca ngajokaken ijin ngelola alas adat saha alas nagari. Kementrian Lingkungan Hidup dan Kehutanan lajeng maringi hak kelola alas adat ingkang wiyaripun 3.200 hektar wonten ing sakupengipun Lembah Gumanti. Wonten ing wekdal ingkang sami, pemangku adat ugi maringi hak kelola hutan negeri. Upaya kangge mulihaken alam pungkasanipun nemokaken margi.

  1. kompas.id. "Kompas.Id". Kompas.Id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-12-21.