William G. Morgan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
William G. Morgan

William G. Morgan (New York, 18701942) punika tokoh asal Amérika Sarékat ingkang dipun tepangi minangka pangripta olahraga bal voli.

Morgan anèm kuliah ing Springfield College ingkang dipunkelola YMCA (Young Men's Christian Association). Ing mrika panjenenganipun kepanggih kaliyan James Naismith ingkang nalika taun 1891 ngripta olahraga bal baskèt. Sasampunipun lulus, nalika taun 1895 panjenenganipun wiwit nyambut damel minangka Direktur Pendhidhikan Jasmani ing YMCA ing Massachusetts. Ing mrika panjenenganipun ngripta dolanan ingkang naminipun Mintoinette ingkang dipunrancang mboten samo abotipun kaliyan baskèt supados cocok dipunmainaken tiyang-tiyang ingkang langkung sepuh. Dipun rancang adhdhasar olahraga sanès asal Jerman ingkang naminipun faustball, dolanan puniki lajeng gantèos nami dados volleyball (bal voli).

[sunting] Pranala njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=William_G._Morgan&oldid=633501"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès