Toyota Vios
| Manufacturer | Toyota Motor Company |
|---|---|
| Utawa | Toyota Yaris |
| Prodhuksi | 2003–present |
| Perakitan | Chachoengsao, Thailand |
| Sing ndhisiki | Toyota Soluna |
| Klas | Subcompact car |
| Jinis bodi | 4-door Sedan |
| Sing kagandhèng | Toyota Platz/Echo (2003–2007) Toyota Belta/Yaris (2007–) |
Toyota Vios inggih menika mobil sédan alit ingkang dipundamel dening Toyota Motor Thailand kangge dipunsadé ing wewengkon Asia Kidul Wetan.[1] Vios ugi dipundamel lan dipunsadé ing Cina.[1] Vios ngginakaken platform P ingkang énggal ingkang sami kaliyan Vitz/Yaris, lan Echo/Platz.[1] Kados mobil alit saking Toyota ingkang sanésipun ingkang ngginakaken platform ingkang sami, Vios ugi nggadhahi dashboard kanthi instrument ing sisih tengahipun.[1]
Kaunggulanipun [sunting]
Toyota Vios nggadhahi performa mesin 1 NZ-FE 1.5 Liter 16 Valves DOHC kanyhi téknologi VVT-i (Variable Valve Timing – intelligent) ngasilaken akselerasi lan tenaga ingkang sae sanget kanthi konsumsi bahan bakar ingkang efisien lan ramah lingkungan.[2] Toyota Vios ugi nggadhahi modhel ingkang dinamis lan simpel ndherek trend samenika ingkang moderen lan stylish.[2] Modhél lampu ingkang ngginakaken téknologi HID (High Intensity Discharge) kangge pepadhahang ingkang optimal. Mobil menika ugi nggadhahi modhel kabin ingkang stylish lan moderen sarta jembar saengga saged damel penumpangipun betah.[2] Toyota Vios ugi dipunjangkepi kanthi ruang wingking ingkang mbetahi lan jembar.[2] Mobil menika dipunjangkepi kaliyan vitus kaslametan ingkang jangkep kanthi teknologi énggal saengga aman anggenipun ngangge mobil menika.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.