Tlaga Mono, California
Tlaga Mono inggih punika tlaga ingkang éndah ing California, Amérika Sarékat. Dipunwastani éndah sanget amargi wonten tufa ing tengahipun. Tufa inggih punika sèdhimèn sèla ingkang kadamel nalika wonten jeblugan redi ingkang mboten tebih saking ngrika.
Tlaga punika sampun wonten 760.000 taun kapengker. Bab punika ndadosaken tlaga Mono minangka tlaga ingkang paling sepuh ing Amérika Lèr. Wiwit 28 September 1994, tlaga punika mboten pikantuk dipuntingali tiyang amargi kagem njagi stabilitas ing kainggilan lumahing toya ing tlaga punika.[1]
Galeri [sunting]
Arsenik Tlaga Mono [sunting]
Tlaga Mono, inggih punika danau alkali lan hypersaline ingkang gadhahi konsentrasi nginggil larutan arsen. Felisa Wolfe-Simon, paneliti astrobiologi [NASA]], panyerat utami makalah punika, sampun nyinaoni menawi wonten wentuk kagesangan ingkang gadhahi basis arsenik ing danau punika . Ingkang mundhut sampel saking Danau Mono lan medium kultur ingkang kirang kadar fosfor, piyambakipun ngertos menawi wonten strain Gamaproteobacteria ingkang mboten saged gesang, menawi mboten ngginakaken arsenik, tasih saged gesang.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)clubbing.kapanlagi.com(dipuntingali tanggal 29 September 2011)
- ^ (id)http://www.faktailmiah.com/2010/12/03/dari-toksisitas-menuju-kehidupan-arsenik-terbukti-menjadi-sebuah-blok-bangunan.html www.faktailmiah.com](dipuntingali tanggal 30 September 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.