Tisha B'Av
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 126 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Tisha B'Av | |
|---|---|
Hancurnya Bait Allah di Yerusalem, by Francesco Hayez |
|
| Jeneng resmi | Tanggal 9 bulan Ab basa Ibrani: תשעה באב bahasa Inggris: Ninth of Av |
| Dirayakaké | Orang Yahudi |
| Jinis | Yahudi |
| Makna | Meratapi kehancuran Bait Suci dan bencana yang menimpa orang-orang Yahudi |
| Tanggal | 9 bulan Ab (kalau jatuh ing dinten Sabat, dipungantos tanggal 10 Ab) |
| Kagiatan | puasa, doa |
| Magepokan karo | Puasa pada tanggal 10 Tevet dan 17 Tammuz, Peringatan 3 Minggu dan Peringatan 9 Hari |
Tisha B'Av (basa Ibrani: תשעה באב utawi ט׳ באב, Tesha Be-Ab "Tanggal 9 bulan Ab") inggih punika dintèn berkabung kangg ètiyang Yahudi sabèn taun ingkang jatuh ing tanggal 9 wulan Ab inggih punika wulan kaping -5 ing kalender Yahudi. Mènawi tanggal 9 Ab jatuh ing dintèn Sabat, mila peringatan dipungantos tanggal 10 Ab. Peringatan arupi puasa 25 jam lan doa, dipuniringi pembacaan Kitab Ratapan lan Kitab Ayub. Wontèn sejumlah bencana ingkang dipunpèngèti ing dintèn punika, utaminipun hancure [Bait Allah (Yerusalem)|Bait Suci]] kawiwitan lan kaping kalih ing tanggal ingkang sami ing salèbèting kalender Yahudi mènika kapisah 655 taun.
Tiga minggu kapungkasan sakdèrèngipun Tisha B'Av dipuntèpang minangka Peringatan 3 Minggu, mènawi 9 dinten pungkasan sakdèrèngipun Tisha B'Av dipunsèbat Peringatan 9 dintèn.
Bab lan Paragraf |
Gangsal Bencana Utama [sunting]
Miturut Mishnah Taanit 4:6, wonten 5 prastawa ingkang wigati nyedihaken kedadosan ing 9 Ab.
- Kalih welas mata-mata dipunkirim dening Musa kangge ningali tanah Kanaan. Namung 2 tiyang, Yosua bin Nun lan Kaleb bin Yefune ingkang mbeta pawarta ingkang sae , 10 ingkang sanes nyariosaken hal-hal ingkang buruk babagan tanah punika, pramila bangsa Israel berputus asa lan mberontak dateng Tuhan. Amargi Tuhan nghukum bangsa punika, inggih punika saben tiyang ingkag yuswa 20 taun ing inggil ing wanci punika badhe nginjakaken samparan ing lemah tengenn, kejawi Yosua lan Kaleb. (Bilangan 13–14)
- Kehancuran Bait Suci kawiwitan ingkang dibangun dening raja Salomo serta kapungkasan Kerajaan Yehuda ing asta raja Babel Nebukadnezar II ing taun 586 SM. Penduduk Yehuda lajeng dipunbheta Pembuangan ke Babel. Bait Allah wiwit dipunhancuraken tanggal 7 Ab (2 Raja-raja 25:8) dan berlangsung sampai tanggal 10 (Yeremia 52:12). Api wiwit dipunsulut ing siang dinten tanggal 9 (Ta'anit 29a).
- Kehancuran Bait Suci kaping kalih dipunbangun dening Ezra lan Nehemia ing asta tentara Romawi ing wulan Agustus 70 M, pramila tiyang0-tiyang Yahudi kasebar ing jawi saking tanah Israel. Talmud Ta'anit, kehancuran dipunwiwiti tanggal 9 Ab lan Bait Suci terbakar ngantos tanggal 10 Ab.
- Tentara Roma nghancuraken pemberontakan Bar Kokhba lan nghancuraken kota benteng Betar, mbunuh langkung saking 100.000 tiyang Yahudi, ing tanggal 8 Juli 132 (9 Ab 3892 AM).[1]
- Minagka kalajengan pengepungan Yerusalem taun 70 M, jenderal Romawi Turnus Rufus nghancuraken bekas-bekas Bait Suci lan daerah sawetawis taun 133.[2]
Bencana Sanes [sunting]
Ing salah sawijining dinten prastawa sedih sanes ingkang dipunperingati ing tanggal 9 Ab:
- Perang Salib pertama dipunumumaken dening [[[Paus Urban II]] ing tanggal 20 Juli 1095 (9 Ab 4855 AM), mbunuh 10.000 tiyang Yahudi ing wulan kawiwitan lan nghancuraken pemukiman Yahudi ing Perancis lan daerah Rhineland.[1]
- Tiyang Yahudi dipunusir saking Inggris tanggal 25 Juli 1290 (9 Ab 5050 AM).[1]
- Tiyang Yahudi dipunusir saking Spanyol miturut Dekrit Alhambra ing tanggal 11 Agustus 1492 (9 Ab 5252 AM).[2]
- Ing tanggal 1 Agustus 1914 (9 Ab 5674 AM), Perang Dunia I pecah lan ngakibataken kehancuran ingkang luar biasa ing Eropa serta dados dasar Perang Dunia II lan Holocaust (Pembantaian tiyang Yahudi dening Nazi Jerman).[2]
- Ing sonten dinten 9 Ab 5702 AM (23 Juli 1942), deportasi massal tiyang Yahudi dipunwiwiti saking Warsaw Ghetto ing Treblinka.[3]
- Gedung komunitas Yahudi ing Buenos Aires dibom kaliyan korban 86 ninggal lan 300 luka-luka, ing dinten Senin, 18 Juli 1994 (10 Ab 5754 AM).[1][4]
Aturan Peringatan [sunting]
Tisha B'Av nderek aturan ingkang sami ketatipun kaliyan peringatan Yom Kippur. Sanesipun puasa 25 jam, wiwit petang dinten 9 Ab ngantos ing wiwit petang dinten saklajengipun, ugi wonten5 larangan:[5]
- Dipunlarang ndahar utawi ngunjuk
- Dipunlarang mbasuh utawi siram
- Dipunlarang ngagem krim utawi lenga
- Dipunlarang ngagem sepatu wacucal
- Dipunlarang berhubungan badan
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d Becher, Rabbi Mordechai (1995). "History of Events on Tisha B'Av". ohrnet. http://ohr.edu/1088. Retrieved 2010-07-19.
- ^ a b c Barclay, Rabbi Elozor; Jaeger, Rabbi Yitzchok (2003). Guidelines: Over Four Hundred of the Most Commonly Asked Questions About the Three Weeks. Targum Press. ISBN 1-56871-254-5.
- ^ "Tisha B'Av Calamities - 9th day of the Hebrew month of Av - Ninth of Av - Jewish Days of Mourning - Fast Day". http://judaism.about.com/od/daysofmourning/a/tav_events.htm. Retrieved 2008-08-10.
- ^ Jewish Calendar 1994
- ^ Kitzur Shulchan Aruch (Hebrew)