Tapir Asia
| Tapir Asia | |
|---|---|
| Tapir Asia ing Kebon Raja London | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Perissodactyla |
| kulawarga: | Tapiridae |
| Genus: | Tapirus |
| Species: | T. indicus |
| Jeneng binomial | |
| Tapirus indicus (Desmarest, 1819) |
|
Tapir Asia (Tapirus indicus) menika kalebet salah setunggaling jinis tapir.[1]Asia menika jinis tapir ingkang paling ageng menawi kabandingaken kaliyan jinis tapir sanésipun.[2] Tapir Asia menika dados setunggal-setunggaling tapir ingkang asalipun saking Asia.[2] Tapir Asia nggadhahi nama ilmiah inggih menika indicus. [2]Tembung menika wonten gandhéng cénéngipun kaliyan tembung Hindia Timur inggih menika habitat alami tapir Asia. [2]Wonten ing Sumatra tapir umumipun dipunwastani tenuk or seladang, gindol, babi alu, kuda ayer, kuda rimbu, kuda arau, marba, cipan, saha sipan.[2] Tapir Asia gampil dipuntiteni saking cirinipun ingkang arupi "pelana" werninipun padhang saka bahu ngantos awak bagéyan wingking.[2] Wulunipun ing bagéyan sanés awerni cemeng kejawi wonten ing pucuk talinganipun ingkang awarni pethak.[2] Pola werni menika dipunginakaken tapir Asia kanggé kamuflase. [2]Nalia lagi turu, mungsuhipun tapir menika bakal nginten menawi tapir Asia menika watu ingkang ageng saéngga mboten dipunmangsa.[2] Tapir Asia tuwuh ngantos ukuran 1,8 sampai 2,4 m saha 8 kaki, nginggilipun 90 nganti 107 cm (3 ngantos 3,5 kaki).[2] Tapir Asia menika awratipun 250 ngantos 320 kg utawi 550 saha 700 pon. [2]Awratipun tapir Asia menika saged ngantos dumugi 500 kg (1.100 pon).[1] Tapir Asia wadon limrahipun langkung ageng tinimbang tapir jaler. [2]Kadosta jinis tapir sanésipun, Tapir Asia menika nggadhahi buntut cendhak lemu.[2] Wonten ing sikil ngajengipun wonten kuku ingkang cacahipun sekawan kuku déné wonten ing sikil ingkang wingking wonten kuku ingkang cacahipun tiga. [2]Indra kanggé mirsani radi mboten saé, ananging tapir Asia nggadhahi indra kanggé mirengaken saha mangertosi gandanipun barang-barang kanthi saé.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.